Salah Kaprah
SALAH KAPRAH DENING : Galang Dwi Destanto “he Jak, rene loh ambe aku ngopi bareng, kene loh”. Celuk Indra menyang Jaka sing ana ndek sebrang dalan. Jaka noleh lan marani Indra. “Opo ndra? Ayo wis mulih wis sore”. Jaka ngejak Indra mulih amarga dino wis sore. Indra manut manut wae. Jaka lan Indra iki gedhe bareng, makane arek loro iki kaya mimi lan mintuna sing senengane runtang-runtung bareng. Arek loro iki yo sekolah ing sekolah sing elit ndek Kutha Bedah. Yaiku ing SMA 3 Kutha Bedah. “Arep numpak opo mlaku ae Ndra?”. Takon Jaka menyang Indra, nanging gak direspon ambek Indra. Indra malah ndelengi arek wadon mlaku ing sebrang dalan. Ndeleng koncone gak kethip, Jaka nyenggol lengene indra “He! Ditakoni malah ndeleng cah wadon yokpo toh ndra”. “Hehe, sepurane Jak. Aku ndeleng arek wadon kuwi. Ayu bamget aku kesengsem”. Omong Indra nuding cah wadon mau” “Oh, aku kenal arek iku. Jeneng e Mevally karo Rosa. Kanca sakkelasku”. “Iyo? Kapan kapan kenalno aku ya, ayo wis balik”...