Cerkak Macem Apa Iki?
Cerkak Macem Apa Iki?
Dening Syafrial Giandra Arya Suryanegara
Tambah suwe Tompel lek ngebully nemen, dina Rabu aku dijegal ing kantin nganti aku njlungup ing ngarepe guru sing ngedoli, aku diguyu kabeh bocah ndek kantin. Dina kamis aku lara weteng, pas aku ing jeding aku difoto, terus fotoku pas BAB diuplod ing medsos. Dina jumat aku ulangan sejarah.
"Loh Herp kok takon jawaban seh” Jare Tompel.
Padahal aku ora takon opo – opo, akhire aku disetrap karo guru dikongkon metu terus remidi. Pas istirahat aku ngerasa gaenak awak akhire aku nang UKS. Ing UKS ana Tompel periksa, nanging guduk dokter sekolah, aku njaluk obat terus balik nang kelas.
Menene Tompel ketok ga sehat nanging sek sempet bully aku, Tompel dina iki beda karo Tompel sing biasane.
Dina senin ana UAS, aku beda 2 meja karo Tompel. Sakdurunge UAS aku sinau nggetu soale aku pingin nilaiku apik. Pas UAS dina pertama, Tompel ora melbu. Dina keloro UAS, Tompel yo ora melbu, aku sih rada’ ora ngurusi. Dina katelu UAS, Tompel sek durung melbu, suwe – suwe ku ngerasa sakno karo Tompel soale iki UAS, deke ora melbu 3 dina. Dina kapapat UAS, aku nyusul Tompel nang omahe, ing omahe Tompel mek ana ibuke karo bapake, Tompele ora ana, jare bapake metu, nanging kok ora melbu sekolah? Aku maleh penasaran. Aku rada ora percaya karo wong tuane Tompel nanging yawislah aku fokus UAS sek.
Pas UAS wis mari aku nginvestigasi omahe Tompel, aku ketok Tompel ndek jero omahe, terus aku dok dol omahe. Lahkok sing metu bapake Tompel.
“Permisi om, tompel ana..?” aku takon
“Oh kancane Tompel sing wingi, maaf ya dek Tompel e ora ana” Jare bapake
Bapake Tompel ngongkon aku moleh soale isih ana acara. Dina jumat Tompel melbu sekolah, Tompel ketok lesu, aku ora enak awak dadi aku ora melu olahraga. Pas mulih aku ndelok Tompel turu ing bangkune, Tompel tak gugah, dadakno Tompel mimisan, akhire tak gawa nang UKS. Ndek UKS doktere bingung akhire digawa nang Rumah Sakit.
Liburan isih 2 dina maneh, aku jenguk Tompel ing rumah sakit. Krungu – krungu jarene Tompel kena tumor otak lan uripe kari 2 minggu maneh. Krungu ngono aku nyesek aku pingin mbahagiakake Tompel.
Dina – dina tak liwati bareng Tompel, dadakno Tompel iku ora pada karo sing ndek pikiranku, kiraku Tompel iku ga peduli karo wong liyane. Aku rada nyesel soale aku kanca sak kelase gangerti yaopo sifate Tompel, sing aku eruh yo Tompel iku tukang bully.
Uripe Tompel kari dina iki. Aku ngancani Tompel ndek Rumah sakit, Tompel kanda nang aku.
"Suwun yo wes gelem dadi kancaku.”
Iku kata - kata terakhire Tompel nang aku. Terus kamare Tompel hening, kari suara tuuuut tuuut
2 dina sakwise Tompel mati, Aku kerasa nyesel banget soale aku tas iso kenal tompel mek 2 minggu sak durunge dheweke mati. Aku bener – bener ora nyangka lek Tompel iku kazya ngono, Apikan.
24 bulan sakwise aku lulus SMA, aku rabi. Dina iki aku kebayang – bayang Tompel. Ora eruh opoo aku moro – moro nangis, bojoku bingung aku opoo, akhire aku critani eh lhakok dheweke meou nangis. 24 bulan aku teru – terusan nyesel, akhira aku sadar lek aku kudu ngikhlasno Tompel.
Komentar
Posting Komentar