Skandal Sandal



SKANDAL SANDAL

Dening Alifian Nabila


            Isuk iki, ibu wis mantun masak lalapan ugi jangan bening kesenengan Irman  kanggo sarapan. Bapak, lungguh ing ngarepan.. mirsani berita akeh bocah bocah enom kang nggawe kisruh ing masyarakat.
“ Bu, napa jangane pun mateng?” Irman mlayu ing ngarepe lawang pawon karo nyedak ibune.
“ Wis iki lo le.. sabar” Nggawa wakul ing meja makan.
“Le, rene rene.. preian iki, kowe aja kakean dolan ae, delokken kae.. bocah bocah sak awakmu pada macak punk punk, digepukki warga” Bapak nyauti saka ruang tamu.
“Inggih, pak.. kula dolan kale Tio mawon. Dewekke pun janjian kale kula jam sanga isuk”
            Bapak, Ibu lan Irman sarapan sedaya, ugi crita crita babagan kelakuane bocah bocah jaman saiki. Irman lan kanca kancane pada prei skolah, amarga kakak kelase lagi nglaksanaake Ujian Nasional. Dewekke diwanti wanti kudu nggunakake waktu ben bisa manfaat. Ora let sue kancae Irman teka, lan badhe nyusul Irman dolan.
“Assalamualaikum?!.. Man, Irman.. Man, Irman..”
“Waalaikumussalam, oalah.. Tio tah, anakke Pak Sentot, mlebuo le.. Irman sek tanduk sega kae ing jero” Jawab Ibu
“Dina iki dolan nangdi?” Takon Irman marang Tio
“Ayo dolan nang kampungku.. balbalan dek ngarep omahku,” Jawab Tio
“Oh, oke oke.. latar omahmu kan ombo”
            Irman lan Tio budhal dolan Ing kampung sebelah, dhewekke dolan nganti sore, ora weruh wayah. Awakke lebus, kringeten lan rusuh. Dhewekke ora dolan ing latar ngarep omahe Tio, nanging malah balbalan ing pinggir dalan kampung. Ora maido, yen bola bali didukani wong wong liwat. Jalaran bal kang digawe dulinan nyrimpeti sepeda kang liwat ing dalan kuwi. Nanging mara mara...
“Beh, sapa kuwi ayu tenan yo?” Takon Irman marang Tio kang asyik dolanan bal.
“Sapa seh? Ndi man? Wong mbecak kuwi ta? Ora ana ayu ayune, pada kulu kulune karo awakke..” Jawab Tio sinis, karo nganjutake dolane.
“ Kok isone wong mbecak se? Yo seng numpak dek jero becak kui.. klambi putih, ayune talah,”
“Ealah, arek iku? Kayla jenenge.. ayu ayu kaya macan. Jan galak” Jawab Tio karo mandekake dolanane
            Bocah wadon kuwi kerasa yen dhewekke diperhatekake, akhire bocah wadon kang jenenge Kayla kuwi mara ing panggonane Irman lan Tio dolanan
“Ana apa ta delok delok ket mau mas mas iki?” Takon Kayla
“Anu.. ora ana apa apa, oiya aku Irman” Jawab Irman gratal gratul, lan ngenalna jenenge ing ngarepe Kayla
“Aku ra takon jenenge sampeyan, saiki wayahe laut. Wis atene maghrib, dadakne tasih dolan wae ing kene” Jawab Kayla teges
“Oiyo yo, ayu ayu galak tenan” bisik Irman
“kandani, aku ngomong apa, kowe se man..” bales Tio
“Ana apa tambah bisik bisik, Mas Tio karo kancane iki kudune adus kana ing masjid.. menisan shalat maghrib. Dek kana ana sarung, isa disilih. Bari maghrib tak eneteni ing omah pager ijo kana, griyane Bu Yayuk  ana pengajian kanggo bocah bocah enom, sing ngisi Ustad Ganis.” Jawab Kayla, kale ninggalake Irman lan Tio.
            Kayla kuwi bocah wadon kang rong tahun luwih enom timbang Irman lan Tio. Nanging dhewekke wis nduweni pikiran kang dewasa. Dhewekke kuwi anakke ketua RW, kang dadi pengurus remaja masjid ing kampunge Tio. Sejatine cah kuwi ora galak,nanging  ayu, pinter lan teges..
            Sakwise shalat maghrib, pengajian wis mulai akeh sing teka, yaiku bocah bocah remaja masjid ing kampung, Kayla ngira Tio lan Irman ora bakal teka ing pengajian, dadakne yo ancen temenan, Tio lan Irman usaha badhe singitan marang kayla nanging...
“Eits, Badhe ten pundi ta, mas mas jaka niki?” Kayla nemoni Tio lan Irman kang singitan ing mburi tanduran siap siap ate mlayu
“Eh, Kayla.. ngaget ngageti wae, iki badhe balik. Pastine aku wis digolekki bapakku?” Jawab Irman, guyu guyu kepeksan
“Pasti bapakke sampeyan bakal bunga lan ora bakal ngamuk, bilih sampeyan melu pengajian. Ora usa kakean alasan. Aku ngajak kabecikkan, tenang wae” Kayla njawab kanggo wajah nyenengake
“Aku ora bakal nolak ajakkanmu Kay, Bener apa sing diomongna Kayla, Man” Tio sarujuk marang Kayla
            Irman lan Tio akhire melu pengajiane Ustad Ganis, Bocah enom utawa remaja butuh pendidikan nonformal kayata pengajian, kang menehi akeh faedah kang bisa dijupuk. Moral bangsa bisa dibentuk dadi mulia bilih generasi muda bisa mbentengi awakke, salah sawijining tuladha nganggo ningkatake keimanan lan ngisi wayah lodang nganggo kegiatan positif.
            Wayah jam 9 bengi, pengajian diakhiri. Wajah wajah ngantuk ana ing saben bocah, mata abang, angop lan liyan liyane, nanging dhewekke pancet ngrungokake ceramah saking Ustad Ganis.
“Sampun sakniki wae ya, pengajian dina iki. Muga Muga manfaat, Sepuntene bilih ana salah Ustad marang adek adek sedaya, Apa wae kang apik apik ing  pengajian iki, mangga digawa lan sing ala di tinggal utawa dibuang adoh adoh. Wabillahi Taufik Wal Hidayah, Wassalamualailum Warrahmatullahi Wabarakaatu..”
“Waalaikumussalam Wr. Wb” Jawab Bocah Bocah enom sedaya.
            Ing omah, ibu lan bapak susah mikirna irman kang durung muleh saka dolane, bapak wis siap siap gawa sabuk ing ngarep lawang,
“Sek kaet mang isuk bune, aku ngandani bocah kuwi”
“Yo sing sabar tah, pakke.. jenenge cah enom, kaya ra tau enom wae”
“Assalamualaikum..” Irman teka, mbukak lawang. Bapak siap siap..
“Pak, Bapak badhe ngamuk ta? Sepuntene.. kula mantun melu pengajian, wau kula balbalan ing kampung sebelah, mara diajak, nggih kula purun ta pak, melu pengajian kuwi lak nggih wonten untunge ta? Preian niki kula bade melu pengajian mawon” jawab irman nge les,
“Mene, yen ate melu pengajian, sanjang disek nang bapak. Pamitan sing nggenah,,” Bapak getem getem
            Dina keloro preian, Tio dolanan PS2 ing omah, nanging, ana sing ngganggu kasenengane Tio, yaiku Kayla. Dhewekke badhe takon marang Tio babagan kadadean wingi bengi. Kurang luwih lima sandal ing pengajian ilang. Padahal saben ana pengajian ora tau ana kadadeyan kaya kuwi.
“Aku wingi, muleh dikikki Kay, dadi aku ora ngerti sapa sing jupuk, aku metu bareng Irman. Tapi.. yo embuh se”
“Waduh, yaapa ya mas, aku wedine, gara gara masalah iki, akeh arek kang ora gelem melu pengajian maneh, aku dadi pengurus remaja masjid ing kene ngerasa ora tanggung jawab. Aku ora bisa ngajak remaja ing kene nag dalan kabecikkan” Kayla susah
“Yowes, ngene wae.. aku due rencana” Tio bisik bisik marang Kayla
            Tio lan Kayla nggawe rencana nganggo jebak wong sing jumuk sandal ing pengajian. Dhewekke ya jauk tulung marang Utad Ganis, ben pelaku bisa dinasehati kang bener bener kanggo pelajaran lan ora diulangi male.
            Pengajian dina keloro dimulai, rencana wis disiapake. Kabeh bocah enom pada teka. Ing kana ya ana Irman, Tio, Kayla lan bocah bocah kang kelangan sandale wingi. Pengajian mlaku kayata biasane, kanthi jam wayahe muleh..
“Sampun sakniki wae ya, pengajian dina iki. Muga Muga manfaat, Sepuntene bilih ana salah Ustad marang adek adek sedaya, Apa wae kang apik apik ing  pengajian iki, mangga digawa lan sing ala di tinggal utawa dibuang adoh adoh. Wabillahi Taufik Wal Hidayah, Wassalamualailum Warrahmatullahi Wabarakaatu..”
”Waalaikumussalam Wr. Wb” Jawab Bocah Bocah enom sedaya.
“Yo, aku balik disek ya,” Warah Irman marang Tio bisik bisik
“Lo aja, aku ate nangkep maling dek kene wae”
            Tio menging Irman, nanging Irman nlujur mulih wae. Ora let sue.. Tio kaget lan ora percaya apa sing didelokke. Tio separuh percaya lan separuh ora percaya. Pengajian dadi rame, wayahe cahnom pada muleh, malah nggrumbul ing ngarepa omahe Bu Yayuk..
“O.. dadi kowe sing nyolong sandalku wingi ha?” takok salah siji cahnom.
            Swasana dadi rame, pelaku meh wae digebuki karo cahnom cahnom kang ana ing pengajian. Nanging, ing kana ana Ustad Ganis kang bisa dadi penegah.
“Sampeyan temenan nyolong tah dek?” Takon Ustad Ganis
“Mboten kula mboten nyolong, pak us,, njenengan weruh saking pundi kula niki nyolongan?” Bantah Irman, keweden.
“Ing sudut ruangan dipasang pancingan yaiku sandal sandal kang apik, ugi kamera pengintai. Dadi, bisa ketahuan wajah sing nyolong sandal wingi bengi.” Jawab Kayla
“Lo aku ra nyolong, Pak Ustad musti ngomong, Apa wae kang apik apik ing  pengajian iki, mangga digawa lan sing ala di tinggal utawa dibuang adoh adoh. Yowis ta, tak gawa sandal sing apik apik, lan sandalku sing ala tak buwak mawon.” Jawab Irman lugu
“Oalah man.. man...” Jawab kabeh, ambek persaan gregetan.
            Irman salah paham, dadine malah  jumuk sandal. Ilmu ana ing endi endi, kabeh kabecikan bisa kita gawa kanggo pengajaran ing masa lajeng,  yen kita oleh apa wae kang ora apik.. aja diconto, nanging dibuak adoh adoh. Kita kudu mirengake bener bener sapa wae sing ngomong, ben mboten wonten sing jenenge salah paham. Amarga, akeh crita bilih kesalah pahaman kuwi bisa ujung ujunge dadi konflik utawa permasalahan.
            Sampun sakniki wae ya, Muga Muga manfaat, Sepuntene bilih ana salah Penulis, Apa wae kang apik apik ing  cerita iki, mangga digawa lan sing ala di tinggal utawa dibuang adoh adoh. Wabillahi Taufik Wal Hidayah, Wassalamualailum Warrahmatullahi Wabarakaatu..

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kanca Lan "Kanca"

Salah Kaprah