Kapan Ngentukake sing Tak Karepake
Kapan Ngentukake sing Tak Karepake
Dening
Maula Nabila Zuhri Tanjung
Azzahra Fauziyyah bocah kang
pinter lan nduweni bakat kang akeh ing akademik utawa non akademik. Nanging
Zahra bocahe iku bocah meneng. Wes akeh prestasi kang diraih. Zahra terkenal
dadi balerina, penyanyi, lan perenang. Uga Zahra aktif ing kegiatan acara
sekolah, deweke wes meloki kabeh ajang lomba ing akademis utawa non akademis.
Deweke pun uga sering dadi perwakilan sekolah. Nanging, Zahra nduweni ibu kang
watake egois, serakah lan ambisius. Ibune mung peduli prestasine ing ballet
wae.
Beda ceritane karo Bila,
Salsabila Amira bocah cilik kang ceria iki atlet senam Internasional. Masio
nduweni awak kang cilik nanging deweke iku luwih lincah lan lentur ketimbang
atlet liyane. Bocah kang dijuluki wong kang ora duwe tulang iki bocah kang
rajin lan ulet. Deweke iku ora bodho, deweke mung sibuk karo jadwal lombane
nganti ora duweni wektu kanggo sinau. Deweke pun mlebu nang sekolah sing khusus
atlet. Senajan kaya ngono, Bila beruntung nduweni ibu kang setia ndampingi lan
dukung deweke lomba ing ngendi wae. Ibune rela ngorbanake kabeh wektune mung
demi anak kesayangane.
Wayah isuk sing cerah, kaya
biasa Zahra budhal sekolah diterno ibune.
“ Ibu, aku budhal yaa... “ karo rai sing sumringah.
“ Iyaa nak, sing pinter yaaa anakku.... Aja La.. “
wangsulane ibu
Durung mari ibune ngomong, Zahra wis mlayu nginclik lan
ngilang. Wis kaya biasane Zahra mung akting yen deweke seneng marang ibune.
Asline deweke dina iki Zahra ora melbu kelas, deweke entuk dispen kanggo
ngewakili sekolah ing lomba nyanyi.
“ Zah, Ayooo ndang budhal !!! “ Dito bengak – bengok.
Dito iku kanca cedeke Zahra
sekaligus gebetane Zahra. Dito iku wadah curhatan kabeh masalahe Zahra. Dito
melok nang balaikta amarga deweke diwenehi tugas ngelaporkake kabeh kegiatan
sekolah.
Zahra duweni 2 kanca kang cedek
banget karo deweke. Bocahe lanang lan wadon. Sing lanang jenenge Dito lan sing
wadon jenenge Bila. Bila lan Zahra iku wis kaya bocah kembar, nangdi – nangdi
mesti bareng.
Ing dina sesuke, Zahra lan Bila pada – pada ana lombane.
Zahra ana kompetisi ballet lan Bila ana kompetisi Atlet Senam se ASEAN.
Nanging, Zahra ngerasa yen deweke wis ora sehat tekan wingi. Sirahe kerasa
pening lan deweke mimisen terus. Deweke wis ngombe obat, nanging obate mung
tahan sementara. Zahra ora wani ngomong marang ibune, amarga yen ibune ngerti,
ibune bukan e malah ngerumat Zahra nanging malah diseneni amarga iki kompetisi
gedhe lan bergengsi.
“ ZAHRAAAAA !!!! Gek piye apa
wis siap awakmu dina iki ?? Aku wes ora sabar yen bakal mulih gawa piala juara
1 sing gedhe iku, lan foto karo ibuku." Bila bengak – bengok lan mlayu
–mlayu amarga saking semangate deweke dina iki. Dina iki pancen dina kang wis
suwe dienteni kara Bila.
“ Oh iyaa Bil... “ Wangsulane Zahra mung singkat. Karo nada
sing lemes lan mesem tipis.
“ Zah, kenapa kowe pucet ? apa kowe lara ? ayo menyang rumah
sakit . “ wangsulane Zahra kanggo ekpresi khawatir lan wedi.
“ Ora, bil aku ora kenapa napa kok, mung paling ya kekeselen
wae. “ Wangsulane Zahra lemes
“ Tapi Zahh... “
durung mari ngomong ibune Zahra tiba – tiba teka.
“ Ana apa iki ? “ pitakonan ibu Zahra sing bingung.
Bila sing wis mangap arepe ngomong langsung di serobot Zahra
“ Ora ana apa – apa kok bu, niki lo Bila mung nyemangati
wae. “ Wangsulane Zahra karo senyum kepeksa.
“ Oalah yawes yen ngono ibu arep ngurus daftar ulang e. ” Wangsulane ibu Zahra karo mlaku.
Durung suwe ibune Zahra mlaku, Bila moro bengok amarga Zahra
mimisen.
“ ZAH !! kowe mimisen maneh!!! Waduh gek piye iki !! “ Bila
bengok amarga shock.
“ Ana apa iki ?? “ pitakonan ibu Zahra karo rada mlayu.
“ Niki tante, Zahra mimisen maleh. “ Wangsulane Bila jujur.
“ Zahra, ayo melu ibu !! “ karo nggandeng Zahra.
Banjur ibune Zahra nggandeng Zahra menyang jeding lan
mlakune rada cepet. Ing jero jeding
“ Zahra!! Ana apa iki sebenere ??!! “ pitakone ibu teges.
“ Anuu buu.. Zahra rada ora penak awak.” Wangsulane Zahra
karo wedi.
“ Kenapa kowe ora ngomong ibu ??!! kenapa jek tas saiki ?
Pokok e ibu ora gelem weruh, kowe kudu melu lomba iki! Kancane ibu kabeh teka
mung pengen ndeleng kowe!! Apa jare kancane ibu yen kowe ora sido melu!! “
Wangsulane ibu ketus.
“ Inggih buu, Zahra bakal ngusahakake sing paling apik. “
Wangsulane Zahra karo nangis.
Ing njero aula kabeh peserta
wis pada siap lan beberapa ana sing latian. Nanging, Zahra mung meneng karo
nahan nangis. Sawise iki, gilirane Zahra tampil.
“ Peserta selanjute yaiku, peserta nomer 11 Azzahra
Fauziyyah. “
Zahra wis mulai munggah ing
panggung lan ngekeki hormat marang dewan juri. Penampilan awale wis apik
nanging moro – moro, Sirah e Zahra pening lan ora bisa konsentrasi. Deweke tiba
–tiba sikile keseleo lan pingsan. Kabeh penonton, dewan juri lan ibune shock.
Tim medis langsung mlayu lan Zahra di gawa menyang rumah sakit.
Ing rumah sakit...
“ Bu, niki Zahra kekeselen amarga sering telat mangan lan
kurang istirahat. Zahra uga cedera patah tulang ing pergelangan sikile. Sak
niki deweke tasih durung sadar. “ Wangsulane dokter marang ibune Zahra.
“ Ohh inggih dok, matur suwun. “ Wangsulane ibune Zahra.
Ibune banjur ndeleng anake lan nangis. Nanging sing dikhawatirkake duduk
kahanan anake nanging lombane lan kanca-kancane.
Ing wayah sore, Bila lan Dito teka njenguk Zahra. Nanging
Zahra isih durung sadar.
“ Assalamualaikum. “ ( Dito lan Bila ).
“ Waalaikumsalam. “ wangsulane ibune Zahra.
“ Kepriye kahanan e Zahra tante ? “ pitakone Dito.
“ Parah taa tante ? “ sambungane Bila.
“ Matursuwun yaa nak wis pada gelem nyempetkake wektu kanggo
nyambangi Zahra. Yen wangsulane dokter, Zahra kekeselen telat mangan, kurang
istirahat. deweke uga cedera patah tulang ing pergelangan sikile.” wangsulane
ibune Zahra.
“ Astaghfirullah Zahra, terus gek piye yen ballet ? Apa
Zahra wis ora bisa ballet maneh ? “ pitakone Dito.
“ Yen wangsulane dokter kira-kira 2 tahunan bakal bisa waras
lan iku pun ya wis ora bisa normal kaya biyen maneh. “ Wangsulane ibune Zahra.
“ Masyaallah Zahra, yawes kula nyuwun pamit rumiyin nggih
tante, mugi-mugi Zahra ndang waras, Aminn. Assalamualaikum . “ wangsulane Bila
lan Dito.
“ Walaikumsalam. ” ( ibu Zahra )
2 dina sawise iku, Zahra sadar.
Deweke isih bingung apa kang wis kedadean marang deweke. Banjur ibune
njelaskake kabeh. Deweke mung bisa nangis. Dina sesuke Zahra wis bisa mulih
saka Rumah Sakit. Zahra wis mulai ngelakokake kegiatan kayata biasane masio isi
angel. Sawise kedadean iki Dito luwih perhatian marang Zahra. Kabeh, kegiatane
Zahra direwangi karo Dito. Budhal sekolah, mangan ing kantin nganti mulih
sekolah. Bila sing ngerti kahanan iki iri marang Zahra sing entuk perhatian
terus saka Dito. Meneng – meneng Bila yaa mendem rasa marang Dito, nanging
Zahra durung eruh.
“ PLAKKK !! ” Zahra
ditampar ibune.
“ Kenapa kowe dadi kaya ngene ? kenapa kowe dadi wani
mbangkang marang ibu ? ibu wis ngebela-belano kabeh sisa urip e ibu kanggo kowe
? “ pitakone ibune Zahra ketus.
“ Ibu.. Zahra wis kesel manuti ibu terus, Zahra pengen
ngelakoni apa sing Zahra seneng. Apa ibu tau mikirno perasaanku ? ibu mung
mikir kapentingane ibu. Zahra kaya ngene dudu amarga Zahra ora seneng ibu utawa
mbangkang ibu, nanging Zahra ya pengen bu duweni cita – cita kaya kanca-kanca
Zahra sing liyane. Deweke bisa ngelakokake apa kang di karepe ngejalani karo seneng
tanpa paksaan. Zahra wis kesel bu, apa maneh sak niki kahanan fisik Zahra sing
kaya ngene, wis ora mugkin bakal bisa juara kaya biyen maneh. “ Penjelasane
Zahra marang ibune karo nangis.
Zahra banjur melbu marang
kamare lan nangis ing njero kamar. Ibune, mung bisa melu nangis lan ndelengi
kabeh prestasi ballet e Zahra. Ibune, ora nyangka yen Zahra bisa dadi kaya
ngene. Deweke bingung kudu kepriye maneh ngadepi anake sing siji sijine.
Ing dina sesuke, Zahra dolan
menyang omahe Bila. Sawise ing kono, Zahra cerita kabeh yen deweke bari
didukani ibune amarga deweke wis kesel yen manuti perintahe ibune wae. Deweke
ya pingin bisa ngelakoni kabeh kegiatane karo seneng lan ora kepeksa.
Zahra uga cerita yen deweke wes
seneng karo Dito tekan pertama kali ketemu. Lan deweke saiki seneng amarga Dito
tambah sering merhatekno deweke. Kabeh hubungane karo Dito dieritakake marang
Bila. Bila sing ngerungokake mung bisa meneng tapi sakjane ing njero atine
panas, amarga ngerti yen Zahra lan Dito cedek banget.
Bila nduweni rasa dendam marang
Zahra. Deweke nduweni niat licik yaiku deweke bakal ngerusak jenenge Zahra ing
ngarepe Dito.
“ Dit, kok dina wingi aku ora ndelok awakmu mulih karo Zahra
? “ pitakone Bila.
“ Ohh iyaa bil, dhek wingi Zahra jarene arep kerja kelompok
ing omahe diska.” Wangsulane Dito sante.
“ Loh iya taa Dit ? lah wingi aku yen ora salah ndeleng
Zahra mulih bareng kevin. “ Pitakone Bila karo mesem sinis.
“ Lah kenapa deweke ngapusi aku ? kenapa deweke milih kevin
? kenapa deweke ora jujur ?” pitakone
Dito mangkel lan kecewa.
Ing dina sesuke, ora ana udan
ora ana panas moro – moro Dito ngerusak jenenge Zahra ing ngarepe kabeh arek
kelas. Lan Zahra dewe bingung sejujure iki ana apa. Lan deweke yo kaget
kanca-kanca cedeke sing bener-bener deweke percaya saiki berubah dadi kaya
ngene. Deweke banjur golek informasi sebenere apa kang kedadeyan saiki. Lan
sawise nemukake akar masalah deweke ora nyangka yen dadakno Bila sing ngefitnah
deweke. Zahra bener-bener ora nyangka lan lara ati. Sawise ngerti kabeh apa kang
kedadeyan, Dito bener – bener ngerasa salah banget marang Zahra. Deweke banjur
nyuwun sepuro lan ora bakal gampang percaya maneh marah hal kang durung ana
buktine. Sawise iku Dito ngungkapkake yen deweke selama iki wis mendem rasa
tresna marang Zahra, lan Zahra pun ya ngono akhire Zahra lan Dito dadi
pasangan.
Komentar
Posting Komentar