Jenny Angkasa Dadi Juara
JENNY
ANGKASA DADI JUARA
Dening Yustika Pramaisheila
Ing SMA Persada
Nasional,sekolah unggulan kang terkenal minongko “Sekolah Elite” sak kota iki.
Sekolah kang isine bocah-bocah pinter lan sugeh. Ana siji murid kang diwenehi
beasiswa amarga kapinterane.Jenenge Jenny Angkasa. Biasa diceluk
kanca-kancane,Jenny. Pawakane duwur,awakke kuru cilik. Parase kalem lan ayu
nyenengake sing ndelok. Rambute ireng welas,lurus lan dowo.Biasa dikepang koyok
bocah wadon ing desa. Penampilane mung sederhana,apa anane. Ora neko-neko kaya
bocah jaman saiki.
Jenny iku
salah siji anake Ibu Kantin ing sekolah SMA Persada Nasional. Ibu Desi
asmane,sabendinane Ibu Desi dodolan jajan ing sekolah elite iku. Hasil tekan
dodolan iku di gawe mbiyayani uripe lan loro anakke. Uripe serba pas-pasan,amarga
iku loro anakke putus sekolah. Salah sijine Jenny seng kudune saiki sekolah ing
Sekolah Mengengah Atas kaya kanca-kancane. Ananging tekadne Jenny pingin
nerusno sekolah kuat. Sabendinane yen ngewangi Ibune dodolan. Dheweke melbu ing
lingkungan sinau ne murid-murid,ngintip ing jendela-jendela kelas SMA Persada.
Dheweke merhatikno guru-guru seng ngajar,melu sinau lan gak jarang melu nulis
catetan sing diwenehi guru iku mau. Yen sampe ana omah,Jenny melbu ing
kamare,mbaleni moco lan nyinauni materi kang wes ditulis ing sekolah mau.
Saya suwe
guru-guru lan murid persada nasional pada ngerti gawenane jenny iki. Ana sing
seneng la nana sing malah ngenyeki bocah polos iki. Brita iki akhire yo sampe
ing Kepala Sekolah SMA Persada Nasional. Kepalah Sekolah,Ibu Dwi niki simpatik
lan mesakno marang Jenny. Akhire Jenny diceluk menyang kantor Kepala Sekolah.
Jenny diutus melu tes,lan yen lulus Jenny bakalan dadi murid beasiswa ing SMA
Persada Nasional nganti lulus kelas 12. Ananging syarate Jenny kudu tetep
nduweni prestasi rengking 3 besar sampe lulus,yen ora bisa…gelem gak gelem
beasiswa mau dicabut.
Dilala,ujug-ujug
Jenny lulus tes iku mau. Saiki Jenny resmi dadi murid ing SMA Persada Nasional.
Atine Jenny bungah,amarga apa kang di impi-impikake isa kawujud. Masio wes dadi
murid ing sekolah elite iku,Jenny ora tau dadi kacang kang lali kulite. Dheweke
mesti beryukur,ora tau sombong,ora ngelalikno tugase mbiyantu Ibune. Yen wayahe
istirahat,Jenny metu kelas lan budal menyang kantin kanggo tetep ngewangi Ibune
dodol jajanan mau. Ora tau ngeluh lan sing penting dheweke ora tau gengsi
marang kanca-kancane sing pada sugih iku.
Ananging
ora kabeh wong seneng karo gawene Jenny kang becik niku. Isih pirang dino Jenny
sekolah ing sekolah elite iku Jenny wes duwe kanca sing bechik lan setia ,
jenenge Hanny lan Mila. Arek loro iku bendino bareng karo Jenny menyang endi
wae. Ora jarang Hanny lan Mila ngancani Jenny karo Ibune dodolan ing kantin.
Ancene arek loro iki bocah kang apik sifate,masio sugeh nduweni iki iku
sekabehe lan pinter uga ayu. Hanny lan Mila ora sombong menyang wong sing ora
nduweni kaya Jenny.
Amarga niku
Jenny dadi wulan-wulanane murid-murid SMA Persada Nasional,dheweke di enyek
anake wong ora duwe. Ora jarang Hanny lan Mila melok dadi sasaran amarga gelem
ngancani Jenny seng ora selevel karo murid SMA Persada iku. Untunge Hanny lan
Mila iku bocah sing cuek, dheweke ora tau nggubris omongane uwong. Jenny sing
awale ngresulo akhire seneng maneh amarga nduweni kanca sing atine bechik.
Ora ditutupi,ora jarang pisan Jenny
dibully lan dimanfaatno karo kanca-kancane, apa maneh… Johan lan Yunita,
pasangan si joli niku saya suwe saya benci karo Jenny amarga iri, Jenny kang
dianggap bocah level nisor iku di sayang guru-guru lan mesti dadi bintang kelas.
Sabendinane Johan lan Yunita ganggu Jenny yen ana tugas Johan lan yunita
merintah Jenny kanggo marikno tugase,yen ora gelem Jenny bakalan di garapi
entek-entekan.
“He Jenny Jenasa,Eh
sopo jenengmu sampe lali aku?!” celetuke Yunita karo ngguyu ngenyek,disusul
karo suara ngguyune arek-arek ing kelas unggulan iku,
“Aja ngono yun,Jenengku iku dungo tekan Ibukku, Jenengku
Jenny Angkasa” jawabe Jenny karo tetep mesem.
“O Jenny Angkasa to jenengmu? Welek se,aku yo ra apal ta.”
Tambah johan karo nyurung Jenny
“ADUH?!?! Aku salah apa to han kok kowe sampe ngono?” bales
Jenny karo ngadek maneh.
“Salahmu iku nggarap tugase Bu Henny tapi ora nyonteki aku
karo Johan,yen aku diseneni piye? Kowe seng arep tanggung jawab? Iyo?” Celetuke
Yunita mung ngomel-ngomel marang Jenny.
“Loh kan iku tugasmu karo Johan,Yun. Lalapo kudu aku seng
ngerjakno? Yen ngono nilaimu gae aku” jawabe Jenny polos.
“Kowe iku yo!!! Dikandani mung ngeyel ae,njawab trus!!! Dadi
kowe ora gelem ngerjakno tugasku karo Johan? Oke han ayo diajak dulinan bocah
kampung iki” jare Yunita marang Johan
“Oke,Han. Aku paling semangat yen nggarapi bocah kere iki.
Saya suwe saya kurang ajar nang awake dewe,Han. Ora eroh deweke iki sopo” Johan
njawab karo njupuk kacamata ing slirahe Jenny.
Yen ora ana kacamata iku,Jenny ora bakal iso
ndelok. Jenny uga nangis karo mlayu sak isane gae njupuk kacamata seng di
uncal-uncal karo loro arek jahat iku.Johan lan Yunita. Karo ngguya-ngguyu lan
bungah atine,Yunita lan Johan saya seneng ndelok Jenny koyok ngono. Anaging ora
suwe,Hanny lan Mila teko lan nulungi kancane seng disiksa iku.
“Ana apa ta iki kok rame-rame?” jare Mila uga melbu kelas
“LOH?!?! Kowe kenopo Jen? Kacamatamu nang ndi?” Lanjute Hanny.
Hanny lan mila kaget ndelok
Jenny nangis mung sampek kaya ngono. Hanny lan Mila wes curiga iki pasti
gawenane Johan lan Yunita.
“Wes ora usah pura-pura ora ngerti Yun! Ndang balikno
kacamatane Jenny” Hanny ngomong karo nyentak Yunita.
“Wes Yun ndang kekno kacamatane bocah kampung iku. Iku
malaikate wes teko kate dadi sok pahlawan”
Jawab Johan dadi kompor.
“Haduh han iyo wes awake dewe ndang ngaleh mengko awake dewe
kena ceramah maneh. He Jen iki lo kacamatamu seng wes elek iki tak balekake.
Ayo Han awake dewe nang kantin wae!” Balese Yunita karo mangkel.
“Duh gusti kok yo ana wong seng kaya ngono yo,Mil… Wes Jen
kowe ora usah nangis maneh. Iki ndang gawe en kacamatamu. Ben ayune mbalik
maneh” Jare Hanny.
“Iyo ,Jen. Wes ora usah dipikirno wong seng kaya ngunu kuwi.
Iku ngono wong-wong sirik karo prestasimu Jen. Wes ayo kene nang koprasi ae
saiki tuku ombean gawe awakmu Jen” imbuhe Mila nenangake Jenny.
“Matur suwun nemen yo rek, awakmu kabeh pancen kanca kang
bechik. Aku ora mbayangno yen mau awakmu kabeh ora ana,ora ana seng bakal
nulungi aku pasti” jawabe Jenny.
Sabendinane
kurang lebih yo iku seng dirasane Jenny. Deweke dadi wulan-wulanane bocah loro
iki,Johan lan Yunita. Ananging amargi sifate Jenny sing bechik. Dheweke ora tau
ana rasa loro ati menyang Johan lan Mila. Ora jarang Jenny ngewangi Johan lan
Yunita yen bocah loro iku kesusahan. Ora ana rasa dendam setitik ae menyang
bocah kang wes jahat menyang dheweke. Sahabate Jenny,hanny lan Mila sampek
nggumun ing njero ati,apa sing nggarai Jenny isa kaya ngono.
Ananging
jenenge ae Johan lan Yunita. Atine ora tau ana apike. Wes ditulungi lan di
apiki Jenny kaya ngono,sampe saiki bocah loro iku ora tau seneng karo Jenny.
Ora tau puas nandangi Jenny sabendinane. Seng ana saya suwe rasa bencine Johyan
lan Mila saya gedhe marang Jenny. Ing sawijing dina, Johan lan Mila sampe tego ngisin-ngisinno
Jenny lan Ibune,Bu Dessy ing kantin sekolahan.bocah loro iku sengojo
bengok-bengok ing kantin ngomong yen Jenny murid unggulan ing SMA Persada iku
anake ibu kantin seng mek dodolan jajanan ing sekolah elite iku. Jenny lan
ibune mung isa sabar wae. Jenny percaya yen Johan lan Yunita niku wong kang
bechik, mben pasri bakalan isa berubah.
Sampe ing sawijining
dina,Yunita ditunjuk sekolah kang dadi perwakilan olimpiade matematika tingkat
jaqa timur.Atine bangga amarga dheweke isa ngalahno Jenny Angkasa. Sak durunge
budhal menyang Ibu Kota isih sempet-sempete Yunita marani Jenny kanggo
nyomobongake prestasine.
“He Jenny Angkasa! Wes yo aku arep budhal sek menyang
olimpiade matematila. Ora usah iri karo aku Jen. Ancen kenyatanane aku luwih
apik sembarang kalir timbange kowe! Yen bocah kampung tetep ae dadi bocah
kampung.
Jenny mung isa sabar lan ikhlas ngrungokake omongane Yunita,
“ Alhamdulillah Yun yen mengkono,aku
mung isa ndungakake kowe ben isa menang” jawabe Jenny karo mesem.
“Waduh lek iku aku wes pasti menang! Halah wes percuma
ngomong karo kowe guwak-guwak waktuku ae. Mengko aku bisa telat!” tambah Yunita
karo ngalaeh.
Akhire Yunita budhal menyang olimpiade
iku…..dilalah ing tengah dalan montor seng ditumpaki Yunita kecelakaan. Yunita
di gowo menyang rumahsakit amarga tangane patah tulang lan beret-beret liyane
ing awake. Gelem gak gelem peserta olimpiade iku kuud digantikno amraga ben
sekolah kudu nyerahno siji peserta supaya ora dikenekno denda. Alhasil gelem
gak gelem Jennny seng ditunjuk kanggo nggantikake Yunita.
Puji syukur marang Gusti
Pangeran,Jenny iso menangake olimpiade iku. Ananging dheweke ora ana rasa
bangga. Dheweke malah ngenes amarga kancane,Yunita melbu rumah sakit. Sakmarine
olimpiade iku,Jenny nyuwun marang guru-guru kanggo diterake menyang rumah sakit
nyambangu Yunita dikancani karo Hanny lan Mila.
Sak sampeke ndek rumah
sakit…….Jenny kager amarga ndelok tangane Yunita di amputasi. Ndek sampinge
Yunita ana Johan. Jenny marani Yunita lan ngomong
“Yun iki medalimi,selamet yo yun awakmu bisa menangake
olimpiade iki. Awakmu kudu tetep terus semangat ben isa menang ing olimpiade
tingkat saklanjute. Awakmu ora oleh minder apa maneh putus asa yun ing kene ana
kabeh kanca-kancamu” suarane Jenny lirih karo mbrebes mili.
Suasa ruangan iku mendadak
haru….Yunita lan Johan kaget amarga omongane Jenny seng ngenekno ati. Yunita
langsung meluk Jenny karo ngomong,
“Ya Gusto,iki kabeh prestasmi mu Jen. Duduk aku. Aku njauk
sepuro jen yen selama iki aku jahat menyang kowe padahal kowe mesti nulungi
aku,masio aku ing kondisi kaya ngene jen… awakmu jen kang dadi juara. Jenny
angkasa kang dadi juarane” tangise Yunit.
Sakmarine kejadian iku,Yunita
lan Johan njauk sepuro marang Jenny. Dheweke saiki dadi kanca kang apik pada
kaya Hanny lan Mila. Ibune yunita yo ngewenehi usaha marang Bu Desi. Alhasil
sakniki Ibu Desi isa duwe rumah makan dewe amarga kebechikane anake. Lan kabeh
sak niki pada urip sukses serta bahagia saklawase.
Komentar
Posting Komentar