Tangan Ita
Tangan Ita
Dening Anisa Fitri
Handayani
Kaluwarga
Pak Hasan, Kaluwarga kang awal mulane ora kepikiran bakal nduweni anak amarga
bojone Bu Hani, ora kepingin nduweni anak dhisik. Lantaran sibuk karo pagaweyane dhewe-dhewe, kadang
kala ora ketemu nganti rong dino amarga Pak Hasan kerjo dadi manager ing salah
sawijining perusahaan gedhe ing Jakarta. Meh padha kaliyan Bu Hani, dheweke
malah luwih sering budhal menyang luar kota gawe makili perusahaane.
Dina iki ing kantor Pak
Hasan rada uring-uringan menyang karyawane, sopo bae sing melbu ruangane bakal kena amuk. Kabeh iku amarga Pak Hasan
lagi nggrundel marang Bu Hani amarga debat ing kala wau dalu.
Mbalik mundur ing kala wingi..
Pak
Hasan krungu ceritane karyawan-karyawane katepakan kabeh ngumpul bareng ing
kantor, kabeh karyawane padha crita ngenani anake dhewe- dhewe. Ana sing crita
yen dhewek e pingin cepet-cepet mulih menyang omah amarga kangen karo anak
wedhok e sing jek tas lair seminggu. Teka iku, Pak Hasan malih mikir, apa wis
wayah e dheweke nduweni anak kanggo ndongaake dheweke ye wis tua utawa kanggo
tujuan e dheweke kerja golek dhuwit. Pas katepakan dina iku Bu Hani lagi prei,
dadine Pak Hasan cepet-cepet mariake tugase lan kesusu pingin mulih.
Ora
let suwe, Pak Hasan wis tekan omah.
“ Assalamualaikum, Bu”
“ Waalaikumsalam, Pak” Jawabe ibu
teka njeroh omah.
Nanging Bu Hani penasaran kaliyan
ekspresine bapak sing katon gundah.
“ Kepriye kahanan ing kantor Pak? Mboten
wonten masalah ta? Kok katone bapak lagi bingung.” Tanglete ibu marang Pak
Hasan.
Ora dhahar ora adus Bapak langsung
lenggah menyang sofa lan ngutaraake kanga rep diucapna ket mbiyen.
“ Ngene bu, Bapak padha iri kaliyan
karyawan-karyawan bapak, kabeh e padha crita ngenani anake dhewe-dhewe, bapak
kepingin kita nduweni anak bu.”
“ Ibu, ya kepingin mawon pak, naming
Ibu tasih mboten kepingin ninggalake penggaweyan ibu, Ibu wedhi yen Ibu ngandut
mengko bakal ngganggu penggaweyane kula, Pak. Apa maneh penggaweyane ibu mesti
bakal menyang njaba kutha.”
“ Yen kaya ngono, Ibu metu wae saka
penggaweyane Ibu”
“ Ibu ora sarujuk, Pak. Ibu mboten
kepingin mung dados Ibu rumah tangga kang seareane ing njeroh omah mawon”
“ Ibu milih wae, kita bakal nduweni
anak utawa Ibu bakal bapak pisah”
Teko
niku, Ibu luwih milih supaya ngandut anak lan nyuwun ijin marang bos e supaya
ora di wenehi tugas menyang njaba kutha.
5 taun wis kepungkur,
Kaluwarga
Pak Hasan nduweni anak wedhok kang ayu, lucu, lan akeh polah e jenenge Ita.
Mulane suasana ing kaluwarga iku dadi katon cerah, Pak Hasan sayang banget
nduweni Ita sing saiki. Ibu malah katon ora peduli amarga dheweke gelem ngandut
mung supaya ora pisah kaliyan Bapak, Penggaweane Bapak lan Ibune Ita wae ora
brubah blas kesibukane, Dadine Bapak lan Ibu nyewa Pembantu gawe njaga Ita ing
Omah. Malahan suwe-suwe ora peduli marang Ita. Bibi Ijah malih dadi wong tuwa
kaloro gantine Bapak lan Ibune.
Sak
durunge turu, Ita di kancani Bi Ijah
“ Mbok, Punapa Bapak lan Ibu mesthi
mulih telat? “ takone Ita menyang Bi Ijah.
“ Nduk, Bapak lan Ibu mestine
nduweni alasan dhewe, Bapak lan Ibu kerja gawe Ita pisan, supaya Ita bisa
sekolah, bisa tumbas apa kang di karepake cah ayu iki” jawabe Bi Ijah karo
ngrangkul lan nyekel pipine Ita.
“ Yen mangkono, brarti Ita kudhu sabar nunggu
Bapak lan Ibu, Ita kangen banget karo Ibu. Mengko yen Ibu teka Ita bakalan
nyuwun di gendhong.” Pikire Ita karo angen-angen.
“ Makane cah ayu, kowe saiki kudhu
turu dhisik saiki wis bengi, mengko yen Bapak lan Ibu wis teka, Ita bakal tak
tangiake.” Hibur e Bi Ijah supaya Ita ora sedhih.
“ Janji ya mbok bakalan nangeake
Ita? “
“ Iya, janji cah ayu tapi sakdurunge
iku ayo kita donga gawe Bapak lan Ibu supaya mulih cepet banjur donga
sakdurunge turu”
“ Oke mbok ayo “
Setengah
jam banjure Ita turu, Bapak lan Ibu jek tas mulih lan langsung menyang kamare
Ita gawe ndeleng anak e sing wis turu dhisik. Mung bukak pintu kamar sedhiluk
banjur menyang kamare dhewe gawe turu.
Nganti sesuke Bapak lan Ibu tangi isuk.
“Bu, Pak, napa panjenengan iki ora
kepingin ningali Ita dhisik, kula saaken menyang Ita, dheweke e mesti nggoleki
Bapak lan Ibu yen wis tangi”
“Pun, mbok. Mbok ora usah melu-melu
urusan kaluwarga kita, njenengan niku kula bayar mung gawe njaga Ita, ora gawe
ngurusi kita mbok. “ Bapak nimpali karo katon sethithik ngamuk.
“Nggih Pak, kula ngartos, kula
nyuuwun pangapunten wus wani melu-melu urusan panjenengan.”
“ Ya wis kula lan Ibu ate budhal
dhisik, jaga Ita kang pener ya!! Paling Kula dina iki bakal mulih telat maneh.
Titip salam marang Ita yen wis tangi mengko.”
“Inggih Pak, Bu”
Banjur
Bapak lan Ibu budhal meyang kantor, Ibu diterake kaliyan Bapak menyang kantore.
Sak wis e ngeterake Ibu, Pak Hasan mikir kang diucapake mbok. Sak bener e Bapak
sayang banget kaliyan Ita nanging penggaweane sing sibuk, Bapak malih ora bisa
mulih cepet.
Ora
let suwe, Ita tangi banjur nggoleki Bapak lan Ibune.
“Mbok, Ibu lan Bapak pundi?”
“mbok nyuwun sepura cah ayu, Bapak
lan Ibu wis budhal menyang kantor isuk mau. Nanging Bapak titip salam sayang
gawe Ita, ujare Bapak, Ita kudhu belajar kang rajin lan ora oleh nakal wektu
Bapak lan Ibu kerja”
Ita ora nimpali apa-apa mung dheweke sedhih
katon krungu jawabane mbok.
Keseareane
Ita ing omah wae mung dolan dhewe, dheweke ora nduwe kanca ing kompleks e, Ita
ning omah mung dolan sepedah menyang taman mburi utawa ngambar coret-coret
tembok.
Katepakan telung dina
iki, Ibune bakal mulih cepet, Ita keprungu swara mobil ing njaba omah lan
langsung mlayu ngintip menyang cendela. Ningali Ibu metu saka taksi, Ita mlayu
lan langsung ngrangkul Ibune. Nanging Ibune nolak lan langsung nampis tangane
Ita. Ita sedhih banjur melbu menyang kamare.
Ita
sadar yen Ibune wis ora sayang marang
dheweke. Ita nggawe gambar krayon ing kertas kang isine “Buk, Ita nyuwun sepura
nggih yen Ita nduwe salah” lan diseleh ing meja makan. Ibu ndeleng kertas iku,
mung ora peduli malah dibuwak ing tong sampah.
Bapak
mulih isuk menyang omah. Namung mung sediluk mampir banjur mengko budhal kerja
maneh. Ita kang kepingin diperateake banjur metu saka omah lan nggambari mobil
e Bapake supaya dideleng lan dipuji. Ita nunggoki ing ngarep mobil nganti
Bapake metu omah arep budhal kerja maneh.
Bapak
metu omah langsung kaget ndeleng Mobile werna werni. Banjur Bapak golek kayu
gawe nggepuki tangan e Ita nganti Ita namgis kelaran, Ibune sing ningali mung
meneng wae, Malah mbok Ijah sing nangis ndeleng Ita digepuki. Sawise iku Bapak
langsung budhal menyang kantor.
Ita
di gawa menyang kamar kaliyan mbok Ijah, tangane wis katon aboh. Mbok Ijah mung
ngolesi karo balsam ben cepet waras. Nanging bengine, Ita malah panas awake,
karo kringeten ditambah nggreges.
Katepakan
wektu Ibu lagi telponan karo kancane ngrumpi ngenani tas anyar, Bi Ijah
langsung marani Ibu gawe nggawa Ita menyang rumah sakit. Nanging Ibu karo
ngamuk langsung ngutus bi Ijah gawe ngekeki Ita Paracetamol wae. Banjur bi Ijah
telpon marang Bapake amarga Ita panas, nanging dheweke ora bisa mulih amarga
ana rapat karo karyawane.
Nganti
sesuke wae, Ita tasih panas. Wektu Ita tangi kepingin ketemu Ibune lantaran
kangen, Ita mlaku nganti sempoyongan banjur Ita semaput ing ngarep kamar Ibune.
Bi Ijah langsung kaget lan nggawa Ita menyang rumah sakit diterake karo Ibune.
Ing
rumah sakit, dokter mriksa Ita lan karo eksprsi sedhih dokter menehi vonis yen
tangane Ita kudhu diamputansi. Ibune kaget langsung banjur nelpon Bapak supaya
cepet menyang rumah sakit. Sak tekane Bapak, Ibu njelasake karo bingung lan ora
bisa mikir solusi sing tepak gawe ngatasi tangane Ita, nanging dalan
siji-sijine sing bisa warasake Ita mung teko ngamputasi tangane, yen ora
diamputasi bisa-bisa Ita bakal sedha.
Sak
marine operasi Bapak lan Ibu nyeseli perbuatane kang selama iki ora nggateake
Ita, wektu Ita wis sadar, Ita ngomong
“Pak, Buk, Ita nyuwun sepura yen Ita
nakal, Ita nggambar wektu iku mung supaya Bapak bangga karo karyane Ita nanging
Ita mboten ngertos yen Bapak bakal ngamuk, mengko yen tangan Ita wis tumbuh
maneh Ita janji ora bakal nakal maneh, Ita janji bakal pinter, Sepuntene yen
Ita ora bisa ngrangkul marang Ibu lan Bapak merga tangan Ita ora ana,”
Bapak
karo Ibune terenyuh, nangis lan ora bisa ngomong opo-opo wae, dheweke mung bisa
ngrangkul Ita ing kamar rumah sakit. Dheweke mung bisa nyeseli penggaweane sing
wis dilakoni wis keliwat.
Pungkasane, Ibu malih luwih peduli
marang Ita sak jek e tangane di amputasi lan Ibu malih metu saka penggaweane
gawe ngrumat Ita nganti waras lan menehi penegten supaya sadar yen tangan e ora
bakal tumbuh maneh. Bapak sing mesti mulih bengi, dadi ngurangi wektu kerja ne
saengga akeh wektu gawe Ita.
Komentar
Posting Komentar