Katresnanan ing Roleplayer
Katresnaan
ing Roleplayer
Dening
Balqis Mutiarin
Ing
sawijining dina taun 2015, Irin kepengen mlebu ing grup roleplayer (cosplayer). Sak wise iku Irin daftaraken
awake dhewe nang grup roleplayer sing ana ing Malang sing cukup terkenal. Irin
dadi anggota anyar (newbie). Lalu
pimpinane dikenalaken marang anggota lawas ing kono. Sak wise iku pimpinane
(Chii) njaluk tulung marang Vahn supaya ngajaraken Irin bisa ngerti marang
peraturan yen umpamane main roleplayer.
“ayo tak kenalaken peraturan sing kudu lan wajib awakmu
ngerti, ayo melu aku Rin” jarene Vahn marang Irin.
“Iyo, ajar ono aku”, Irin njawab.
Sak marine
iku Irin lan Vahn nyoba roleplayer iku yok nopo. Irin nggawe akeh salah pas
main rp (roleplayer), kejaba Irin tetep ngikuti alur critane. Sering uga di
seneni karo Vahn amarga mlenceng saka alur. Sak suene Irin mulai iso ngerti lan
mulai biasa karo keadaan sing ana ing rp.
Sak ben
dina moleh sekolah, Irin mesti mampir ning tempat roleplayer nggawe cosplay
sing wis ditentuake. Lan moleh nang omah ora sampai kebengen. Irin mesti moleh
saka tempat iku jam 18.30 WIB sak wise adzan magrib.
(Game Start,Roleplay)
“System... call. Generate...luminous
element..."
Awake ngambang ing
pemandian, de’e ngucapno art sing marasno awak e sing mari ditebas karo musuhe.
Bejone, de’e dikelilingikaro banyu angetsing jumlahne akeh banget. Biso di
omongno, Vahnora bisomarasno kabehcatunesing sanget nemen kerana Vahn ora due
kemampuan gae ngewarasaken. Kabeh kanca-kancane podo ngrubungi awake Vahn sing
mari ketebas mau. Sing duwe art sing bisa marasno mung Irin wae, namung Irin
uga kate arep mati. Sak wise iku ndeleng Vahn sing arep mati pisan Irin due
siasat mung de’e dhewe sing mati lan uga bisa nyelamataken Vahn. Namung siasat
iki ditentang karo kanca-kancane.
“ora Rin, kowe
ojo ngelakoni iku, iyo lek biso nyembuhake Vahn lek gaiso yok nopo?”
“ gapopo Shaf,
kula ikhlas mung nyawaku kanggo ngewarasaken Vahn, kula isih iso kok, tenang
wae, uga aku arep mati pisan kan?, mendingan salah siji wae sing mati,
tinimbang mati loro karone”
“yawes lek
awakmu pengenne kaya ngono”
Sak wise iku Irin ngadeg lan marani
awake Vahn, uga ngucapno art penyembuh.
“System... call. Generate luminous element
from left to right"
Irin
nyekel tangane Vahn sebelah kanan, sak wise Irin ngucapno art iku ana cahaya
werna ijo terang ngalir saka awake Irin menyang awake Vahn. Alon-alon cahaya
iku terus ngalir saka Irin menyang Vahn sampek cahaya iku mulai redup lan Irin
sampek semaput lan ninggal.
(END OF GAME)
“suwun gae
kabeh yo, aku mulih dhisik” (jarene Irin karo ngelambaino tanganne).
Saben
dina Irin tetep ning kono. Sue-suene Irin tresna banget karo vahn. Irin
kepengen dadi pacare Vahn. Sak wise iku
Irin ngelakoake hal sing fatal banget sing nggawe Vahn sanget benci lan
ngamuk karo Irin. Hal fatal iku yaiku Irin goroh lan gorohe iku wis diweruhi
karo Vahn namung Irin ora gelem ngakuhi gorohe. Vahn marah sanget marang Irin,
soale Irin tetep ora gelem ngaku. Mulai muncul kepribadian Vahn sing sejahat
Iblis.
“ kula ero Rin,
percuma kowe ngakoni iku aku wes ero, wis gausah kakean goroh, iyo se?”
“ora Vahn, aku
ora goroh, ya ampun Vahn kok ga percaya se awakmu karo aku?”
“wes mboh yo,
sak karepmu wes I stamp u like a bad friend, Sh** Rin”
“ yawes sak
karepmu pisan atene stamp me like what and I dont care about it”
“ oh ngono!!,
mulai saiki ojo berhubungan maneh karo aku, lek iso awakmu metu teka grup iki,
risih aku ndeleng wajahmu!”
“ lah lapose
aku kudu metu? Sak karepku kan aku ate metu opo ora”
“oh ngono yawes
aku ae sing metu tekan grup iki!!”
“loh......ojo
Vahn, hmmm yawes lek mengkono............gomenasai (sepurane) aku ngelakoni hal
sing nggawe awakmu jadi koyo ngene, sepurane Vahn,....hmm yokpo yo. Sepurane
Vahn aku ga sengaja, sepurane AKU TRESNA MARANG KOWE “
Sak wise Irin ngomong koyo ngono
Irin langsung mlayu nang njaba, ninggalake Vahn nang mburi. Sak marine Irin
ninggalake Vahn, Vahn mikir yen kata-kata sing mau diomongno ora pantas de’e
omongno. Vahn pengen njaluk sepura marang Irin. Pas Vahnmarani Irin nang njaba,
Vahn ora nemokake Irin mengkono.Vahn sanget nyesel amarga ngelakoni hal sing
begitu nggawe atine loro. Irin mlayu terus sampai teka marang omahe Nada. Lan
curhat marang Nada soal iki.
“awakmu opo o
Rin?”
“haaaaaa,
aku...aku, isik Nad, tak njupuk oksigen, ngos ngosan aku.”
“ohh, yawes
tenangkan awakmu dhisik, awakmu opo o maneh?”
Nada nyekel dahine
Irin lan ga di sangka-sangka awake Irin panas banget.
“ lho Rin,
awakmu kok panas se?:awakmu opo o?”
“hmmm, Nad aku
bari tengkar karo Vahn , Vahn ngomong hal sing kudune ga diomongno, yo ancen
salahku pisan tapi yo gak ngono pisan kan?”
“awakmu ngelakoni
opo kok Vahn ngomong koyo ngono?”
Sak barine iku
Irin nyeritake kabeh saka awal sampai akhir.
“ oalah Rin
Rin, awakmu yo gausah kaya ngono pisan, lek akhire koyo ngene awakmu yok nopo
saiki?”
‘hmmm, mbo lah
aku wes kesel,paling hubunnganku karo Vahn ga seapik biyen”
“oalah lek iku
yo sak karepmu se Rin, paling engga Vahn njaluk sepura marang awakmu, kudune
sih ngono”
“mbo wes sak
karepe Vahn”
“bari ngene
istirahat yo Rin, langsung muleh gausah nang endi-endi”
“ iyo, suwun
Nad”
Sak marine mulih teka omahe Nada sing ora adoh saka panggonan roleplayer. Irin langsung turu ing kasur. Waktu berlalu cepat sanget. Irin wegah teka marang roleplayer maneh. Lan yen ketemu Vahn mung nyapa wae, ora nganti ngomong bareng. Dina demi dina di liwati.Saiki dheweke arang kanggo panggonan roleplayer iku, amarga akeh masalah. kayata ing sekolah , ing omah , ing masyarakat lan liyane. mung kanggo panggonan yen ana wektu senggang , liyane saka sing iki tau mrana.
Sawise dangu
ora weruh, padha pungkasanipun ketemu ing taman dening ora sengaja. Irin lan
Vahn mata ketemu, loro padha isin. Dadi ati kangen jero Vahn karo Irin tenan.
Vahn saben dina ana stalker Irin, apa sing dilakoni. SebenereVahn uga kaya Irin
padha-padha seneng. Nanging Vahn ora pengin ngakeni. Vahn sadurunge
ora wani amarga saka kesalahane sing wis rampung Vahn karo Irin biyenana gelut. Vahn ijih ora pengen hubungane karo
Irin luwih saka kanca/sahabat. Amarga kang tau ngalami hal sing kurang enak
karo pacare biyen. Nanging ing ngarsane uripe
Vahn Irin aran nyaman.Mulane Vahn seneng karo Irin.
Irin banjur nyedhaki Vahn. Banjur ngandika minangka wong bercanda lan ngguyu bareng. Vahn banjur miwiti ngomong akeh.
"Rin, aku arep ngomong sesuatu"
"Ya apa?"
"Aku bener ngucap iki, nuwun kudu nenggo dangu, aku nyuwun pangapunten, Aku bener seneng karo kowe"
"hah? Apa?"
"Oh ok, kowe arep pacarku?"
Irin enggal cingak.
"Ah, ya ... Aku pancene nunggu kowe sing ngomong iki marang aku, matur nuwun, lan YA aku arep dadi pacarmu"
sawise sing Shinta lan Chii (Irin kancane) krungu. Lan padha loro kui seneng
"Weeeeehhhhhhh, omedetou (selamat), Vahn lan karo Irin resmi pacaran" Chii ambek ngageti loro karone
"Selamat, Rin karo Vahn, , njaluk PJ dong" Shinta mbales
"Heeeehhh, kok bisa ngerti?, Wah wah wah, suwun haha. Iyo lan Mengko dhisik" Rin
"Adoh ganggu ae" Vahn ngambek
"Wis wong Wis nganggu arep pacarandilarang" shinta
"Seneng wektu berduaaa" Chii
Padha pungkasanipun nyawiji ing hubungan. Loro karone seneng bakal gadhah ing cara iki.
Komentar
Posting Komentar