Kabeh Pasti Ana Dalan
Kabeh Pasti Ana Dalan
Dening Kharisma Amalia
“Aduh, kepriye iki
minggu ngarep ana tes fisika.Aku ora bisa materi kuwi” sambate Ani.
“Aku ya ora bisa
nggambar kanggo tes sesuk.“Bunga uga nimbali Ani marang sambatane.
“Yowis yowis, mengko aku
bakal ngajari awakmu fisika kanggo tes minggu ngarep.Mengko awakmu teka menyang
omahku wae.Awake sinau bareng-bareng.” Jawabe Chika menehi solusi. “Nanging,
awakmu uga kudu nguruki aku lan Bunga kepriye carane nggambar sing bener.”
“Iya iya, suwun
Chik.Mengko aku bakal nguruki awakmu karo Bunga.Nanging, saiki aku luwe, ayo
menyang kantin disek.”
“Ayo An, aku yo
luwe.”Bunga banjur ngadeg ndisiki kancane.
Ing meja kantin wis ana seporsi bakso, 3 bakpao ijo,
es jeruk lan es the kang diduweni Anil an seporsi bubur ayam, seporsi mie ayam,
es jeruk lan banyu putih kang diduweni Bunga. Chika dhewe pesen sego pecel, 3
bakpao ijo, 2 roti isi lane s the.Meja kuwi dumadakan kebek mung diisi karo 3
bocah. Sabendinane bocah-bocah kuwi mesti pesen panganan sing akeh. Amarga 3
bocah kuwi nduweni awak sing lemu. Akeh bocah liyane sing padha nyeluk gajah
abo, utawa buto ijo saben Chika mlaku bareng kancane. Nanging 3 bocah iki ora
tau nggatekake lan ngrungokna. Bocah-bocah kuwi wis mempan lan ora tau ngamuk.
Sawise mulih sekolah, Chika ningali ibune ing dapur lagi
nyiapakake panganan kanggo Chika lan Bapak. Ketepakan panganan kuwi sing
disenengi banget karo Chika. Banjur Chika langsung mblayu nang meja makan lan
njupuk piring sing langsung kebek karo sego lan semur daging. Saben ibune Chika
nyiapno semur daging, Chika bisa mangan nganti nambah 3 piring. Ditambah maneh,
bapake Chika mesti menehi permen lan coklat uga kabeh panganan sing dipingini
Chika teko Chika isih cilik. Ora salah yen saiki Chika nduweni awak sing lemu.
Nanging Chika ora tau ngerasa minder karo awake kuwi, padahal bapak lan ibune
nduweni awak sing apik, sing ideal. Bapak lan ibu uga ora tau nyeneni uawa
ngelarang Chika nglakokake apa sing disenengi karo anake kuwi.
Isuke Chika banjur muring-muring lan menggeh-menggeh
amarga dheweke wis tahan napas suwe. Gara-gara ora bisa ngancingake rok
seragame sing atene digawe.
“Huaaaaaaaaaaa…… Yaapa
iki? Kesel aku! Yen ngene terus mengko aku bisa telat nang sekolah. Kenapa coba
rok iki wis ora cukup tak gawe. Kayake rok iki yo isih anyar. Winginane ae ibu
wis pesen rok sing gedhe kanggo aku, mosok iya saiki wis gk cukup. Mosok iya
aku gak melbu sekolah mung gara-gara rok ing ora cukup.”
Chika tetep nyoba ngancingake rok sekolahe kuwi nganthi
ibune wis ana ing mburine.
“Kenapa tho nduk?
Isuk-isuk ngene kok yo wis muring-muring ae?” Pitakonane ibu nganthi sabar.
“Iki lho bu, rok kula
kang enggal wis mboten cekap.”
“Kok bisa ya nduk?
Kayake rok kuwi yo wis gedhe seh? Ojok-ojok awakmu tambah lemu ya nduk?”
“Mosok sih bu?Kayake
winginane kula isih 56kg.”
“Mengko coba awakmu
timbang maneh.Jare ibu awakmu bener tambah lemu.Yowislah kene tak benakno
awakmu mangano ae.Ibu wis nyiapakake sego goreng sosis senenganmu.”
“Inggih bu.”
Chika banjur semangat lan mblayu marang meja makan.
Nanging dheweke isih kepikiran marang bobote sing kayake beneran nambah. Mulane
dheweke pingin njupuk sego saakeh-akehe nanging dheweke kepikiran marang
bobote.Akhire Chika mung njupuk sego separo porsine.
“Iki nduk, rok’e wis mari.”
“Inggih bu, matur
nuwun.”
“Iyo nduk.Loh kok awakmu
mangan mung setitik nduk? Gak kaya biasane, ana apa?”
“mboten bu, ora
napa-napa” apuse Chika.
Ing sekolah, Chika crita-crita marang Ani lan Bunga
ngenani kedadean isuk mau sinambi ngenteni bel mlebu.
“Kepriye iki rek? Rokku
sing anyar wis ora cukup maneh. Mosok iya bobotku nambah seh?Kayake wingi
bobotku mung 56kg. Duh, kayake aku wis kudu mulai diet deh.”
“Duh, lapo seh Chik
diet-diet barang. Halah gausah wes.” Jawabe Ani sing ora setuju karo pengene
Chika.
“Iya Chik. Lapo seh
diet?Awakmu iku wis apik kaya ngene. Apa awakmu gelem dadi kuru kaya arek-arek
kuwi? Kaya ora mangan setaun ae.” Nyatane Bunga uga ora setuju karo idene
Chika.
“Tapi mengko yen aku
beneran tambah lemu piye?”
“Halah gausa bingung.
Aja dipikir wis. Urip digawe nyante ae.” Jawabe Bunga.
“Iya. Urip iku digawe
seneng aja digawe susah.” Jawabe Ani nyepelekake.
“Tapi aku”
*kriiiiiiiiing…..* Gurung mari Chika crita karo kancane bel sekolah wis muni
lan Bu Rini wis mlebu kelas.
“Sugeng enjing” Sapane
Bu Rini guru biologi kuwi.
“Sugeng enjing bu”
“Saiki kita bakal sinanu
ngenani kandungan gizi. Sapa sing ngerti apa iku kandungan gizi kuwi?”
Chika banjur ngangkat
tangane lan njawab pitakonane gurune kuwi, “Kula bu. Kandungan gizi kuwi kayata
karbohidrat, vitamin, protein, banyu, lan lemak sing kabehe dibutuhkake marang
manungsa bu.”
“Iya bener Chika. Saiki
sapa sing ngerti jumlah kandungan gizi sing dibutuhkake marang manungsa?”
Chika banjur ngangkat
tangane maneh amarga kepingin njawab pitakonane gurune. “Iya Chika?”
“Kandungan gizi sing
dibutuhkake marang manungsa iku kudu seimbang bu. Nanging kandungan banyu kuwi
sing paling akeh dibutuhkake karo manungsa bu.”
“Iya Chika bener kuwi.
Kandungan banyu iku kandungan sing paling akeh dibutuhkake karo manungsa amarga
60% awake manungsa kasusun marang banyu.”
“Bu, kepriye yen
kandungan gizi sing mlebu ora seimbang?” pitakone Bunga.
“Yen kandungan gizi sing
mlebu kuwi ora seimbang, bakal nimbulkake penyakit. Misale yen awake keleben kandungan
gula, kita bias kenek diabetes. Yen kita keleben kandungan karbohidrat, kita
bakal kenek obesitas, diabetes, lan jantung. Makane iku, kita kudu bisa
pinter-pinter ngatur pola mangane awake.Supaya kita ora gampang kenek
penyakit.”
Chika sing ngrungokake apa sing diomongi karo Bu Rini
langsung ngerasa kesindir. Chika banjur kelingan maneh marang masalah rok’e
isuk mau.
Sawise mulih sekolah, Chika mangan bareng ibu lan bapake
kaya biasane. Bapak akeh crita ngenani almarhum mbahne Chika. Bapak uga crita
yen mbah kung’e kuwi seda amarga diabetes lan hipertensi. Iku berarti bapak
utawa Chika nduweni kemungkinan penyakit turunan kuwi, yaiku diabetes. Sawise
mangan, Chika banjur nang kamare ngerjakno pr sing diwenehi dina iki. Nanging
Chika isih kepikiran marang apa sing wis dicritakake bapak.
Mengko mulih sekolah, Chika lan kanca-kancane badhe
nyambangi Indri kanca kelase ing rumah sakit. Indri kuwi uga bocah sing nduweni
awak lemu kaya Ani, Bunga lan Chika. Dumadakan, Indri nduweni penyakit diabetes
lan hipertensi. Padahal awake Indri kuwi luwih cilik teka Ani, Bunga lanChika.
“Rek, aku wedi.” Jarene
Chika.
“Awakmu wedi kenapa tha
Chik?” pitakone Bunga.
“Aku wedi yen mengko aku
bakal padha karo Indri.” Ora ana sing njawab Chika. Kabeh kancane padha meneng.
Ora suwe Ani banjur
njawabi Chika. “Sebenere aku uga wedi Chik. Indri kuwi awake luwih cilik saka
awak dewe. Nanging Indri bisa nduwe penyakit diabetes lan hipertensi.Trus kita
yaapa? Kita nduweni awak sing luwih lemu.”
“Iya An, iku sing tak
pikirno saiki. Aku gak gelem nduwe penyakit diabetes lan hipertensi kaya Indri.
Aku iki isih cilik, masak iya wis penyakiten. Ditambah maneh mbah kung ku iku
seda amarga diabetes lan hipertensi. Duuuuh tambah wedi ae aku iki.”
“Aku uga wedi yen sik
cilik wis penyakiten. Trus apa sing kudu dilakokake saiki?” Jawabe Bunga sing
meneng ae mulai mau.
“Gak ana cara liane
maneh An, Bung. Saiki yen awake pancen kepingin ngindari penyakit kuwi, gelem
gak gelem kudu mulai ngurangi mangan lan sregep olahraga.” Usule Chika.
“Maksudmu diet???”
Pitakone Ani lan Bunga bebarengan.
“Iya rek.”
“Tapi….”
“Wis talah.Ora
apa-apa.Kita mulai ngurangi mangan titik-titik wae. Yen awake pancen niat,
awake pasti bias kuru. Apa maneh awake padha diet bareng-bareng.” Jawabe Chika
ngelegokake kancane.
“Yawis lah Chik.Aku
ngono melu awakmu wae. Aku percaya karo sahabatku.” Senyume Bunga.
“Aku… aku… aku… uga
percaya karo awakmu Chik. Hahahahaha…..” Bocah telu kuwi padha ngguyu bareng
lan padha janji yen bocah-bocah kuwi bakal nglakokake diet kanthi oleh kasil.
Ing awal-awal diet, bocah telu kuwi padha akeh
sambat.Malahan Bunga uga sempet mangan karo ndelek. Nanging, sawise 2 wulan
bocah telu kuwi wis padha oleh kasile dhewe-dhewe. Chika kasil nurunake bobote
nganthi 10kg.Ani kasil nurunake bobote nganthi 11kg.Lan Bunga kasil nurunake
bobote nganthi 9kg.bocah telu kuwi saiki senajan dadi bocah-bocah sing ayu
rupane lan sehat ragane.
Komentar
Posting Komentar