Endhog Dadar




Endhog Dadar
Dening Nurin Nisfu
Ing Desa Singamanjur ana bocah sing seneng mangan endhog dadar. Bendinane ibune bocah kuwi nggawekna endhog dadar ben anake seneng. Sairing mlakune wektu, bocah kuwi saiki wis kuliah. Bocah polos kuwi saiki dadi bocah sing sombong.
Joko yaiku arek lanang sing kuliah ing kutha nanging asale saka desa. Joko iki duweni watak sing ora gelem kalah karo wong liyo. Nanging kadang watake iki justru nggarai Joko dadi arek sing sombong. Joko ora tau ngomongna bab asale sing saka desa nanging kanca-kancane wis pada eroh yen Joko iku arek desa. Joko iki terkenal dadi arek sing gedhe omonge, yen crita nganthi dawa kole-kole nanging ora ana nyatane. Masio kaya ngono, Joko dhuwe kanca sing apikan jenenge Alvin. Alvin mesti ngandani Joko yen omonge kadung dhuwur banget. Kok ya untunge Joko duwe kanca kaya Alvin, dadi Joko ana sing ngawasi lan ana sing ngancani masio akeh arek sing ora seneng karo dheweke.
Ing salah sawijining dina, fakultas kuliahe Joko ngadakake acara kemah ing lapangan cedhak alas. Joko semangat banget karo acara iki. Dheweke nyepakake apa wae sing dibutuhno nganti lengkap. Pas wis nyampek ing kono, Joko sing ana ing barisan ngarep dhewe langsung mringis kesenengen. Alvinsing ana ing sebelahe langsung nyadar yen kancane iki seneng banget. Alvin melu seneng ndelok kancane seneng.
Panitia njelasake yen alas iki cedhak karo Desa Singamanjur, dadi para peserta ora perlu khawatir yen ana perlu apa-apa. Ngerungokno penjelasane panitia mau, Alvin langsung kelingan yen Joko, kancane iki, asale saka Desa Singamanjur.
“Wah, penak ya, Jok.Tibake cedhak karo omahmu. Yen ngono awakmu mesthi wes ero panggen-panggen ing kono.” Jarene Alvin seneng banget.Nanging pas Alvin noleh marang Joko, raine Joko biasa wae. Joko ora ngetokake rai seneng kaya pas pertama teko mau padahal Joko wis suwe ora muleh. Alvin bingung banjur takon.
“Lho, apa a, Jok? Kok awakmu kaya kurang semangat ngono? Awakmu lara ta?” takone Alvin bingung.
“Oh, ora apa-apa kok. Wis ayo ndang cepak-cepak. Lek gak ndang mbangun tenda mengko katene turu ndek endi awakmu?” jawabe Joko karo mlaku ngadoh nang arah lapangan.Alvin ngetuti saka mburi.Ing lapangan para peserta pada mbangun tenda bareng-bareng. Kabeh gotong-royong supaya tenda-tenda ndang mari dibangun lan ngelanjutna kegiyatan liyane.
Sak marine mbangun tenda, para mahasiswa mangan bareng-bareng. Barine mangan, panitia ngajak para peserta outbond. Outbonde yaiku mlayu nggolek gendera saakeh-akehe.Ing kegiyatan iki, peserta dikongkon nggawe kelompok telu-telu. Joko kelompokkan karo Alvinlan Agnes. Kegiyatan dimulai, Joko lan kelompoke pada mlayu golek gendera. Pas Joko kate njupuk gendera ing ndhuwur wit, Santi menek wit iku mau lan njupuk genderane banjur mlayu ninggalno Joko.
Sorry, Jok!Tak jupuk dhisikan ya!” Joko sing abang kupinge banjur golek gendera liya nanging panitia wis nyebul peluit tanda wektune entek. Kabeh ngelumpuk karo kelompoke dhewe-dhewe.
“Oleh piro, Rek?” takone Joko. Ing kono Alvin lan Agnes ora nggawa apa-apa. Joko tambah abang kupinge lan marani Santi sing ana ing kelompok sebelah ngguyu nggegek.
“He! Awakmu iku ancene ngerebutan! Wis jelas gendera iku mau tekku.” Santi sing maune ngguyu-ngguyu karo kancane kaget. Kanca-kancane melu kaget nanging Santi malah marani Joko.
“Iku ngono salahmu dhewe, awakmu kesuwen ya tak jupuk.”Ngerungokna omongane Santi, Joko tambah nesu. Joko banjur ngajak duel Santi. Santi ngajak duel masak.Joko kaget nanging ora bisa nolak amarga gengsi.Panitia sing ndelok kedadeyan iki langsung moro lan nyetujuni. Kabeh pada bubar lan Joko mbalik nang tendane.
“Awakmu yakin a, Jok? Awakmu ngerti kan yen Santi iku seneng mangan lan jelase pinter masak.” Alvin khawatir karo Joko sing saiki raine bingung lan mangkel.
“Iyo, Vin. Aku yakin.Awakdewe mek kudu golek bahan apik ben masakane awakdewe iso menang.” Joko sing saiki wis yakin ngajak Alvin lan Agnes mburu kewan ing alas. Joko sing wis biasa ngajari kancane carane mburu. Witara rong jaman nggolek kewan, Joko lan kancane durung nemu-nemu lan mulai kesel. Pas Joko katene istirahat, krungu abane Santi lan kanca-kancane. Joko kaget tibake Santi ana ing cedhake lan wis oleh menjangan. Joko lan kanca-kancane wis kesel. Dheweke nyerah lan balik nang tenda.
Dino wis sore kate bengi, ngetokake langit abang mbranange srengenge. Peserta kemah pada ngelumpuk ing tendane. Pas enak-enak ngomong karo Alvin tentang bahan apa maneh sing bisa digawe duel masak, Erwin marani Joko.
“Jok, ana sing nggoleki awakmu.” Joko ndelok sapa sing nggoleki dheweke lan ketok ibune mlaku marani. Raine Joko kaget.
“Joko, anakku.Ya ampun, awakmu kok tambah kuru ngene.Awakmu mangan teratur a, Le?Aduh, senenge ibuk bisa ndelok awakmu maneh.” Ibune Joko ketok seneng banget lan ngelus-ngelus awake Joko. Pas ibune kate ngerangkul Joko, Joko mundur.
“Lapo Ibuk rene?” Raine Joko isih kaget.
“Awakmu kok ora kanda-kanda sih, Le, yen ana acara kemah kaya ngene.Cedhak omah pisan. Ero ngono Ibuk lak nggawakna awakmu sangu sing akeh. Ibuk iki kangen karo awakmu, Le.”
“Lapo sih Ibuk iki.Isin-isini wae.Aku iki wis gedhe.”Joko mulai abang kupinge.
“Rek, Ibuk ngerti yen Joko iki areke nakal, nanging aja diadohi ya..Iki Ibuk nggawakna apel gawe kabeh.”Ibune Joko ngekeki apel nanging ditampel karo Joko.Apel-apel iku mau pada nggelundung.Ibune kaget nanging Joko meneng wae. Malah kanca-kancane sing ngelumpukna apel-apel sing tiba iku mau.
“Oh iyo, iki, Le. Tak gawana panganan senenganmu” Durung mari Ibune ngomong Joko langsung mbentak Ibune.
“Wis talah Ibuk muliha kono lo!Ibuk iki ngisin-ngisini wae!” Joko nyurung ibune supaya ngaleh lan mbalik nang tenda. Ing tenda kanca-kancane pada ndeloki Joko.Erwin marani Joko.
“Jok, awakmu ora oleh kaya ngono marang ibukmu dhewe.Iku jenenge durhaka.” Joko ora ngerungokno apa jare Erwin malah turu nang panggene.
Sesuke Joko ngelumpukna kancane. Dheweke njelasno yen ing pawone perkemahan mesthi ana bahan-bahan masak sing apik-apik. Buktine saka panganan sing dipangan peserta sabendinane enak-enak. Secara ora langsung, Joko ngusulna supaya njupuk bahan saka kono nanging Agnes ora gelem melu rencanane Joko.Jare Agnes iku pada wae karo nyolong. Joko njaluk tulung supaya Alvin sing njupuk amarga Alvin nduweni watek lan rai apikan, dadi ora kira diarani nyolong. Nanging Alvin pada ora geleme.
Joko sing nekat akhire katene njupuk dhewe. Pas dheweke meneng-meneng nyedheki pawon ana panitia sing marani Joko. Joko kaget setengah mati, wedi yen ketauan kate nyolong. Nanging panitia iku justru ngekeki Joko kotakan sing isih anget. Jarene kotakan iku saka ibune Joko.
Ing njero tenda, Joko mbukak kotakan iku mau. Tibake anget-anget iku mau endhog dadar lan saos lengkap karo segane. Joko langsung kelingan yen biyen dheweke seneng banget mangan endhog dadar.Tau biyen iko Joko mulih karo nangis ngguguk amarga layangane pedot. Ibune langsung ngerangkul Joko lan nggawekna Joko endhog dadar. Dheweke ora nangis maneh lan mangan endhog dadar karo seneng. Saiki mripate Joko mulai mbrabag eling-eling biyen lan kelakuane marang ibune wingi.
Dina wayah duel masak wis teka. Santi lan kancane pada masak sakuwate supaya bisa menang. Kelompoke Santi wis yakin bisa menang amarga ndhuweni bahan apik yaiku daging menjangan. Ndek sisi liya, kelompoke Joko masak tenang-tenang wae.Alvin khawatir karo Joko nanging raine Joko serius.
Tutup masakan kelompoke Santi dibuka. Ambune nyebar nganthi kabeh sing ndelok duel iku mau iso ngambu. Ambune enak banget. Panitia sing ngicipi seneng banget karo daging menjangane. Nanging saiki wayahe panitia nilai masakan kelompoke Joko.Pas dibukak, sing ana ing ndhuwur piring yaiku endhog dadar. Kabeh penonton pada kaget lan ngguyu masakane Joko.
“Ha? Endhog dadar? Gak salah a awakmu, Jok? Yakin awakmu bisa menang ngalahna daging menjanganku?” Santi lan kelompoke pada ngguyu nanging Joko yakin dheweke mesthi menang. Panitia sing awale uga kaget saiki ngicipi masakan kelompoke Joko.
Panitia meneng sakwise ngicipi.Kabeh penonton pada penasaran karo komentare nanging panitia ora ngomong apa-apa. Saiki wayahe panitia nemtokake sapa sing menang ing duel masak iki. Kabeh pada penasaran nganthi kringet adhem.
Panitia nunjuk kelompoke Joko.Kabeh pada seneng nanging uga kaget. Santi sing ora terima njaluk penjelasane panitia. Jarene panitia, masakane Joko pancen biasa wae.Mung endhog dadar sapa wae bisa nggawe. Nanging, panitia bisa ngerasakake yen Joko wis masak karo ati sing tulus, ora ngejar kemenangan semata. Joko puas karo hasile.Santi menehi selamet marang kelompoke Joko. Joko mesem lan kanca-kancane pada melu seneng.
Acara kemah wis mari, kabeh peserta pada ringkes-ringkes. Sadurunge balik nang kampus, Joko pamit marang panitia supaya diwenenhi wektu gawe mulih nemoni ibune sedilut.Joko mlayu banter kaya menjangan nang omahe.Untunge omahe ora adoh-adoh banget saka lapangan panggen kemahe.
Joko mbukak lawang karo ngos-ngosan. Mripate ndeloki ruwangan ing omahe lan nemoni ibune sing lagi keturon ing kursi karo nyekel jaket. Joko mesem ndelok ibune lan nggugah alon-alon.
“Buk, Ibuk. Tangi, Buk. Joko badhe pamit.” Ibune tangi lan seneng ndelok Joko. Joko langsung ngerangkul ibune.
“Joko nyuwun pangapura, Buk.Joko pun jahat marang Ibuk.Mulai saiki Joko bakal gelek mulih nemoni Ibuk.” Joko sungkem lan ngerasakna ibune nggawekna jaket nang awake Joko. Ibune mesem, Joko melu mesem.
“Untung Ibuk bisa ngerampungna iki jaket gawe awakmu, Le.Ora usah ngono banget, Ibuk pun nyepurani awakmu kok, Le. Kowe iki putrane Ibuk sing paling tak tresnani.” Jarene ibune Joko karo ngelus sirahe anake.
“Inggih, Buk. Joko kan putrane Ibuk siji-sijine. Matur nuwun, Buk.Joko bakal ngerawat jaket iki apik-apik.” Joko ngadek lan nggawe jakete. Dheweke banjur pamit lan janji bakal mulih sacepete.
Semenjak dina iku, saiki Joko gelek mulih nang omahe paling enggak saulan pisan. Padahal biyen yen ora ana perlu Joko ora bakal mulih.Wateke uga berubah.Saiki Joko dadi arek sing apikan marang kanca lan ora kasar. Joko ora sesombong biyen masio kadang ya isih sombong sitik-sitik.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kanca Lan "Kanca"

Salah Kaprah

Skandal Sandal