Tresna Jalaran Saka Kulina
“ Tresna Jalaran Saka Kulina “
Dening : Devi Dwi Pindiani
Praupane Wawan wes abang branang kanthi kaya
tomat arep njebrot. Dheweke lungguh ing pojokan kantin karo dulinan pulpen ing
tangane. Wawan ngelamun ing awang – awang kedadean mau isuk.
Ing Dina Sabtu kang endah, dina sing wayahe
bocah – bocah padha seneng amarga sekolah mulih isuk. Kejaba Wawan, dheweke
krasa males banget senajan weruh kanyataane dina iki Dina Sabtu. Jam 06:00
Wawan isih mlungker ing ambene karo uleng – uleng guling lan kemule. Srengege
wes munggah, manuk – manuk emprit sing nembang melu adu omongan karo wong tuwa
sing lagi nyeneni anake. Iyo, kuwi ibune Wawan sing lagi nyeneni dheweke amerga
ora tangi – tangi.
“
Le !! tangi Le !!! “. Bengoke ibune sing lagi cepaplakan nyepakake sarapan ing
pawon.
Weruh
ora ana jawaban ibune mlaku menyang kamare Wawan karo sambat.
“
Duh.. Gusti duwe anak siji kok jan angel temen tuturane “.
“
Waaaaannnn !!!!!! Waaannn!! “.
Bbbyyuuurrrr!!
Senajan
kamare Wawan dadi kolam dadakan. Bantal, guling, kemul, sepre, amben, kanthi
wong – wonge pisan katut teles wes kaya pepean mamel.
Durung
mari Wawan lek ngratapi nasipe, ana bocah sing marani dheweke.
“
Kowe lapo Wan? ”. takone Carolin kanca sak kelase Wawan. Carolin ora sengojo
ndeleng Wawan mojok ing kantin lagi nyonggo sirahe karo tangane.
“
Oo.. ora popo kok Lin “. Jawabe Wawan karo swara kaya anak koceng kecepet
lawang.
“
Apa amarga sakwise iki pelajaran Basa Inggris? ”. Badheke Carolin sak nyeplose.
Wawan
langsung mendelik menyang Carolin sing lagi cengar – cengir ing sebelahe. Carolin mung mesem weruh
tingkahe Wawan kuwi.
Bell
pelajaran terakhir wes muni.
“
Good morning everybody”.
“
Good morning Sir”. Jawabe murid –murid kelas X IPS 2 kejaba
Wawan.
Wawan
bocah siji – sijine sing ora seneng pelajaran Basa Inggris ing kelase. Dheweke
ora seneng amerga gurune ora kepenak lek ngajar lan seneng nanggo Basa Inggris
seng Wawan mboh ora ngerti maksude apa. Kanca – kancane padha merhatekake Mr.
Lee nerangake. Kabeh murid padha serius lan kadang diseseli geguyonan karo sing
diomongne Mr. Lee. Wawan mung ndlongop ora ngerti apa – apa sing diterangne Mr.
Lee, nanging dheweke kadang melu ngguyu lan tepuk tangan pisan nalika kancane
padha ngguyu lan tepuk tangan. Ananging Wawan pancet ora ngerti lan ora paham
apa sing di maksud Mr. Lee. Wawan wes nyoba takon menyang kancane nanging ora
ana sing ngreken dheweke. Akhire . . .
“
Wan! “. Mr. Lee nimbali Wawan nanging ora ana jawaban.
“
Wan !! “. Mr. Lee nimbali maleh. Nanging padha ora ana jawaban.
“
Wawan Joinpradana Putra !!!!”. Mr. Lee nimbali kalian muring – muring.
“
Eee.. enggeh Pak “. Jawabe Wawan karo kaget nganti sikile arep mlayu disikan.
Mripate abang wis kaya memedi, rambute klimis awut – awutan, lan ana garis
transparan ngalir saka tutuke. Kanca – kancane banjur ngguyu ndeleng ilere
Wawan. Wawan langsung ngusapi ilere kui karo dasine sing wes muter nganti
gegere. Rasa isine Wawan wis ora iso di ungkapno karo paribasan utawa tembung,
rupane Wawan wis abang lan mripate saya kaca - kaca arepe nangis .
“
Wacakake Text How To Make ing kaca 19
wan! “. Kengkene Mr. Lee menyang Wawan.
Wawan
banjur maca kanthi tangane gemeter lan kringeten. Dheweke maca karo gratul –
gratul kaya manuk emprit sing kait iso ngomong. Nanging, nalika dheweke maca.
Wawan mara tiba (pingsan).
Ggubbrakkkkk...!!
Senajan
ndeleng kuwi Mr. Lee langsung nggawa Wawan menyang UKS.
Ora
suwe dheweke tangi, wes cemepak teh anget lan bakpao ing mejo sebelah amben
dheweke turu. Nanging ora mung iku, ana bocah wadhon sing lungguh ing
pinggirane amben kosong sebelah ambene Wawan, bocah kuwi mung mesem ndeleng
Wawan, banjur ngewenehi Wawan bungkusan. Wawan ora ngerti apa isine, nanging
bocah wadhon kuwi banjur metu saka UKS. Nalika bocah wadhon kuwi wis metu,
Wawan banjur mbukak bungkusan mau. Taraaa... isine yoiku buku kamus Basa
Inggris, lan kartu ucapan sing isine
“Tresna Jalaran Saka Kulina. Basa Inggris kuwi gampang pokok kowe sregep
sinau, kulina lan seneng marang pelajarane”. Senajan Wawan kaya – kaya ngimpi
ditekani widodari sing nggowo kamus Basa Inggris. Dheweke mung ngguyu ndeleng
kamus kuwi.
“
Kepriye yen aku tresna? ”. Dheweke meker. “ Tresna kowe maksude ”. Banjur
dheweke ngguyu – ngguyu dewe. Wawan wis kaya bocah sing lagi tibo tresno.
Pas
Wawan mulih lan teko ing omahe. Dheweke banjur adus, sembayang, ngaji, nyapu
lan sinau. Ibune Wawan senajan kaget ndeleng anake dadi sregep.
“
Yaa.. iki anakku sing bagus dewe “. Batine ibune karo njoget – njoget dewe ing
ngarep TV.
“
Kowe lapo Buk? “. Pitakone Bapak sing lagi ndeleng tingkahe bojone sing njoget
– njoget dewe.
“
Kuwi loh Pak, Wawan sregep banget. Dasar
bocah bagus lak nggeh ngoten toh Pak “. Jawabe Ibu kathon suweneng banget.
“
Loh yo enggeh Buk. Putrane sinten rumiyen toh? Bapakkk”. Gudone Bapak karo
ngguyu.
Wawan
sing lagi sinau ing kamar moro mbukak kamus iku mau. Iki pertama kaline Wawan
sinau Basa Inggris ing omah. Emboh
kepriye dheweke bisa lulus SMP, nalika nilai Basa Inggrise ora apik – apik
banget nanging wis lumayan. Dheweke bocah sing seneng usaha, nanging kadang
bingung kepriye carane dheweke iso seneng marang pelajaran kuwi. Akhire Wawan
bisa nemokake siji alasan geneya dheweke seneng Basa Inggris. Widodari sing
nggowo kamus kuwi alasan Wawan.
Senin
isuk ing sekolah. Manuk – manuk kenari wes padha nembang gawe Wawan sing lagi
bungah atine. Dheweke seneng banget amerga arep ketemu Si widodari. Rambute wes
klimis diwenehi pomade, seragame wis di setriko nganti lunyu, lan ora lali
Wawan nganggo lenga wangi cap gajah sing diwenehi bapake.
“
Kowe lara tah Wan, kok nggawe lenga puteh? “. Adi kancane takon menyang Wawan.
“
Iyo Di, aku lagi lara kasmaran “.
“
Ora waras bocah iki ”. Adi bengong, dheweke banjur ngaleh karo ngukur – ngukur
sirahe sing senajan ora gatel.
Wawan
karo Si widodari kuwi sinau Basa Inggris bareng ing perpustakaan sekolah. Wawan
seneng banget bisa sinau bareng karo bocah wadhon kuwi, nalika dheweke ora
seneng Basa Inggris nanging saiki dheweke wes kulina lan suwe – suwe seneng
karo pelajaran kuwi.
Dina
Sabtu, pelajaran Basa Inggris. Wawan senajan siap banget melu pelajaran iki.
“
Good morning everybody”.
“
Good morning Sir”. Jawabe murid –murid kelas X IPS 2.
“
Saiki wayahe wulangan nyanyi lagu Basa Inggris” “ Sapa arep ngewiwiti? “.
“
Kula Sir!!!”. Jawabe salah sawijine murid sing semangat arep nyanyi ing ngarep
kelas.
Kabeh
mripat padha ndeleng menyang arahe swara iku. Bocah – bocah sak kelas padha
ndlongop ndeleng bocah kuwi arep maju.
“
Cause all of me loves all of you . . . .
. And you give me all of you”.
Kelas X IPS 2 padha tepuk tangan gawe Wawan. Iyo
Wawan, bocah sing nyanyi kuwi Wawan, Wawan Joinpradana Putra. Dheweke akhire
seneng karo pelajaran Basa inggris. Nanging tresnane menyang widodari kuwi ora
ketampa. Carolin. Widodari kuwi dadian
karo Adi. Nanging Wawan ora nelangsa amerga tresnane ditolak Carolin, ananging
dheweke seneng wes bisa tresna menyang pelajaran. Nyatane dheweke seneng marang
pelajaran ora amerga Carolin nanging amerga dheweke wes kulina sinau pelajaran
kasebut dadi bisa nggarap soal, nyanyi, nggawe lagu, nganti dadi guru les ing
kampunge.
“
Kowe bener Lin, Tresna Jalaran Saka Kulina”.
Carolin
mung mesem.
Komentar
Posting Komentar