Sing Penting Yakin!
Sing
Penting Yakin!
Dening
Titannia Oliviana Putri
Lare wadon kang lagi nyekar,
naburake kembang ing pusaran kang wis katon rijik dibabat sukete.
“Ibu, Evita janji marang ibu,
Evita yakin. Kula bakal dadi lare kang ibu pingin. Evita bakal terus nyanyi,
nyambung impen-impene ibu”.
Bel mulih sekolah wis kerungu
setengah jam sak marine adzan ashar, tapi lare wadon dhuwur jilbaban sing ana
ing kelas XI.IIS.3 durung metu, dheweke isih ngewangi bapak-bapak kang bagian
resik-resik kelas. Evita pancen dikenal nduweni sifat kang apik, sopan, lugu,
lan dheweke terkenal amarga nduweni suara kang apik lan khas. Menawa lomba
mesti mulih gowo piala, ora tau kalah, mesti gawe bangga keluarga, sekolah, lan
guru musike yaiku Bu Risma. Bu Risma iku guru kang pantang nyerah menawa ngajar
muride.
Di endi ana Evita pasti ana
Desi
“Wis talah vit, suaramu iku
apik, sapa se kang bisa ngalahake sahabatku iki, sapa hayo? ora ana!”.
Semangate Desi marang Evita sing tas metu kelas katon nesu.
Lare wadon kang nduweni rambut
gelombang sak pundak iki wis sahabatan karo Evita saka kelas 5 SD. Menawa Evita
tampil Desi saha nyemangati Evita, nanging menawa Evita nyerah dheweke mesti nesu,
Evita mestine ora kepingin nyawang sahabate iku nesu, dadi iku salah sijine
alasan Evita ora tau nyerah.
“Vit, apa
ora ana latihan? Kan iki dina kamis, wis jam 4 pisan”. Desi kang tetep nakoni
kancane sing nesu amarga tugase ana sing telat, karo menehake rengginang kang
diutang marang ibu kantin.
“Ana latihan kok, nanging aku
arep ngumpulake tugas marang Bu Ranggi dhisik, tugas sing telat amarga bukuku
disingitno arek-arek maeng”.Jawab Evita karo nampa rengginang saka Desi,
dheweke banjur nyangklong tas badhe marang ruang guru.
Sawise iku,
Evita banjur marang panggon latihan kang ora adoh saka ruang guru, dheweke
dheleng lare wadon sakpantaran, dheweke ayu, nggunaake jilbab lan klambi abang
kang serasi, menawa ngomong ana dekik ing kiwa lan tengen pipine. Lare iku
ngadek ing panggung latihan lan nyritaake ngenani dheweke, lare ayu iku kang
dadi lare anyar ing panggon latihan Bu Risma, jeneng e Anisa. Evita melbu lan
kenalan karo Anisa, Evita sing gampang kenal karo uwong anyar banjur cepet
cedek karo Anisa. Evita lan Anisa banjur dadi kanca.
Dina-dina
Evita lan Anisa kancaan, Anisa weruh menawa Evita mesti menang ana lomba
nyanyi. Saka Evita, Anisa sinau akeh. Evita lan Anisa gelek metu bareng,
mlaku-mlaku, lan garap tugas bareng-bareng. Ora mung wong 2 nanging Desi yo
melu, kancaan karo Anisa.
“Anisa wis
weruh, menawa ana lomba nyanyi minggu ngarep? Aku maca saka koran”. Pitakone
Evita marang Anisa menawa badhe budhal marang panggon latihan.
“Oalah sing
ana ing SMA Ijo Royo iku ta? Iyo, aku weruh. Aku pingin melok nanging ora yakin
karo suaraku”. Anisa kang mlaku, mara mandek lungguh ing salah sawijining kursi
sing ana sadawane dalan marang panggon latihan.
“Ora usah
ngono, awakmu kudu yakin. Suaramu iku apik, awakmu bisa ngalahake suara
dhuwurku ngono lho. Sing penting yakin nis, semangat ya!”. Jawabe Evita karo
ngelus pundake Anisa.
Sawise teka
ing panggon latihan, Bu Risma ngumumake kahanan lomba ing SMA Ijo Royo lan maca
sapa wae murid kang wis didaftarake Bu Risma, ana daftar iku jenenge Evita kang
diceluk kasiji, terus jeneng kanca-kanca liyane kurang luwih 5 arek diceluk,
salah sawijine ana jenenge Anisa.
Anisa mulih
karo pikiran ora karuan, dheweke seneng isa melok lomba iku, nanging dheweke
wedi, dheweke ora gelem kalah karo Evita. Dheweke pancen isa ngalahake suara
dhuwure Evita nanging iku ora cukup gawe ngalahake Evita, suarane Anisa iku
kadang fals, gemeter, lan musti ana note sing salah.
“Bu,
kepriye iki? Aku badhe lomba saminggu maneh, tapi ibu weruh lawanku Evita,
dheweke ora tau kalah. Saiki aku emoh kalah karo Evita bu!” . Ceritane Anisa
marang ibune yaiku Bu Yustika.
“Wis ora
usah bingung suaramu lho apik nak”. Jawab ibune Anisa.
“Tapi,
suarane Evita lueh apik bu”. Anisa mulai mrengut, nesu marang ibune.
“Yawis
gampang, mengko ibu kandha marang Bu Risma”. Ibune jawab alus karo maca
majalah, ora ndeleng menawa anake wis nesu.
Weruh
menawa anak katresnanane khuwatir kaya menika, Bu Yustika ya ora tega. Banjur
teka marang Bu Risma njaluk pitulung.
“Bu Yustika
bu, ibune Anisa. Kula datheng mriki badhe ngomongake anak kula. Dheweke
kepingin menang lomba minggu ngarep bu. Ibu nggeh weruh menawa dheweke nduweni
suara kang apik, lan Evita kan lawan kang angel dheweke wis menangane lomba
bola-bali menawa dheweke kalah kan bisa saget dadi pelajaran bu”. Ngendikane Bu
Yustika.
“Waduh!
Kula inggih seneng lan tresna marang bakate Anisa. Nanging kula nggih mboten
saget ndadeake Anisa menang lan Evita Kalah. Kula nggih mbotn wantun”. Jawab Bu
Risma karo ngeyakinake Bu Yustika.
“Nanging
kan niki nggih kesempatan gawe menehi pelajaran datheng Evita bu”. Bu Yustika
malah coba maneh.
“Kula
nyuwung agunge pangapura bu, kula mboten wantun sanget. Nuwun sewu bu kula
badhe ngajar”. Bu Risma nunduk lan ningal Bu Yustika ana panggon ngenteni ing
studio latihan.
Upaya kang
dilakoake Bu Yustika ora mung mandhek ing kana. Bu Yustika ngerti menawa Bu
Risma butuh dhuwit gawe anake sing badhe melbu sekolah dasar, dadi Bu Yustika
sing weruh keadaan ekonomi Bu Risma migunaake cara iku. Bu Yustika menehi dhuwit
marang Bu Risma supaya kang dipingini Anisa keturutan. Akhire Bu Risma nerima
menawa dina lomba Evita badhe diwenehi lagu kang angel.
“Aduh
Desiiiiiiii!. Lagu iki angel, apa aku isa nyanyi lagu iki? Lagu iki angel!”.
Evita bingung lan nesu, weruh menawa dheweke oleh lagu sing akeh migunaake
kelemahane.
“Yakin
Vita, iling! Sing penting yakin! Ndunga lan upaya. Aku yakin kowe isa!” Desi
katon yakin nyemangati Evita.
Mulai teka
kiwa tengen, isor lan nduwur ruangan kang ana gambar kupu-kupu, hiasan kupu-kupu,
lan kartu undangan kupu-kupu. Werna kang didominasi karo werna ireng lan
silver. Panggung e ora gedhe, mung biasa ana piano silver ing pojokan panggung,
lan gantungan kupu-kupu silver katon murup ana pangung kang didasari kain
ireng. Ora adoh saka tema “Monochrome
Dream” Evita gawe gaun werna putih
kang ana loreng-loreng tipis werna silver, gawe jilbab biasa nanging ditambah aksen
kupu-kupu werna merah muda silver, kang nambah ayu penampilane Evita sing ora
neka-neka.
“Bu. Pak.
Kula nyuwun restu nggeh, kula nyuwun dunga mugi-mugi kula sanget menang”.
Sawise Evita mireng Anisa nyanyi lancar lan apik, dheweke tambah gugup, dheweke
banjur nyuwun restu marang wong tuwane.
“Iya
anakku, ibu lan bapak restui awakmu, mugi menang, menawa awakmu ora menang ya
ora apa-apa, ibu lan bapak tetep bangga marang awakmu”. Ibu e Evita banjur
ngerangkul Evita sakdurunge Evita budhal marang panggung.
“Sing
semangat ya anakku, sing penting tampil kang paling apik teka awakmu. Ora kudu
menang nak, bapak wis bangga”. Ngendhikane bapak sawise Evita salim.
“Aku yakin
mas, Mbak vita bangga ndeleng anake. Masio evita ora lahir saka rahimku, Evita
vis kayata anakku dewe mas” Ibu tirine Evita katon trenyuh deleng Evita munggah
panggung.
Evita
banjur munggah panggung lan nyanyi lagu kang diwedeni amarga ana kelemahane ana
lagu iku, yaiku suara dhuwur. Evita tau dioperasi amarga pita suarane aboh,
mulai teka iku Evita ora isa nyanyi suara nduwur. Akhire amarga semangat saka
keluarga lan sahabate, dunga kang bendina diunenake marang Gusti Allah, lan 3
tembung Emas saka mendiang ibune, kang dadi kekuatane Evita. Evita isa
ngeliwati suara nduwur karo carane dewe, dheweke migunaake improvisasi, lagu
kang dinyanyiake katon tambah kepenak.
Saya suwe
ngenteni pengumuman, jenenge Anisa lan Evita ana ing 2 juara nduwur.
“Selamat
Evitaaa, juara 1 maneh kan? Apa jareku? Mesti menang!” Desi katon seneng
sahabate menang.
Juara1?
Bukane kudune Anisa sing juara, kan Evita wis dimenehi lagu angel datheng Bu
Risma. Tapi, hasile ora ngono. Evita isa nunjuake menawa dheweke bisa nyanyiake
lagu apa wae, masio wis dicurangi ngono, Evita tetep iso menang amarga dunga,
usaha, lan semangat.
Sawise
kanca-kanca menehi selamat,Anisa ya menehi selamat lan ngaku kesalahane. Bu
Risma nyesel wis nampa janji karo Bu Yustika. Banjur Anisa, Bu Risma, lan Bu
Yustika nyuwun pangapura marang Evita lan kaluargane. Evita banjur menehi
pangapura. Anisa balik sahabatan karo Evita lan gelek sinau bareng, ora saling
ngerutuhake.
“Bu, Evita
badhe ngadaake konser gedhe karo sahabat anyarku bu, Anisa. Ibu nduweni impen
supaya bisa ndeleng kula ing konser kan bu? Ibu nyuwun supaya Evita yakin lan
ora nyerah nguripake impen iku kan bu? Sakniki Evita bisa bu, Evita wis bisa”.
Evita ngerangkul nisan ibune karo trenyuh, iki impen e ibune, ndeleng Evita
konser.
“Nak, iling
ya. Kang dibutuhake ing urip iku, kabecikan lan keyakinan nak! Sing penting
yakin. Ibu tresna marang awakmu”. Tembung-tembung akhir saka ibune iku isih ana
ing pikirane Evita lan dadi kekuatan emas nguripake impene dheweke, lan impene
wong tuwane.
Evita saiki
terkenal, dheweke berobat lan terapi supaya bisa suara dhuwur maneh lan
nguripake impene dheweke. Saka tembung emas teka ibune yaiku “Sing penting yakin” Evita banjur dadi emas
ing atine wong tuwa lan wong ing sakiwa tengen e.
Komentar
Posting Komentar