Sri Endah




Sri Endah
Dening Naflah Dikta 

Suara gamelan katon endah ngwarnai sekolah gamelan “Sri Endah”. Sekolah gamelan iki duwenane Nada, cah ayu kang nduweni kepribadian wiwit cilik,nanging amarga kecelakann Nada kelangan pangliatane. Nanging Nada ora putus asa, buktine Nada bisa mbangun sekolah gamelan saka usahane dewe yaiku sekolah gamelan “Sri Endah” saka asri lan endah maksute, harapane Nada sapa bae sing mlebu sekolah iki uripe bakalan asri lan endah.
     “Assalamualaikum..”
     “Walaikumsalam, mas Robin to niki?” wangsul nada senadyan nggrayah-nggrayah
     “Iya iki aku mas Robin, piye sekolahe dina iki?”
     “Alhamdulillah mas, berkat sampeyan kula bisa nggolek guru tambahan damel sekolah niki”
     “Piye wis oleh gurune”
     “Sampun mas”
            Ing kaluwargane Nada Robin iku wis kaya superman amarga semenjak Nada kecelakaaan Robin mbantu ekonomi kaluwargane Nada mulai pengobatane Nada sampek Nada bisa mbangun sekolah gemelan. Lan siji, Robin gelem nrima Nada apa anane gawe didekna garwane. Nanging, Nada durung siap amarga pingin fokus marang sekolah gamelane disik.
     “Da.. Kapan kowe siap dadi garwane Robin nduk? Bapak iki sungkan marang Robin, amarga Robin iku nduk......” bapak durung mari ngomong
     “Kula ngertos pak, nanging kula nggih durung siap. Nanging kula bakal ngusahaaken pak”
     “Kapan nduk? Iki wes 1,5 tahun semenjak Robin nglamar awakmu nduk”
     “Inggih pak kula ngertos, nanging yen kula dereng siap dospundi pak? Mangke pak mangke”
            Iya, wes 1,5 taun Robin nglamar Nada nanging Nada durung menehi jawaban. Nada bingung, Robin iku mapan lan apik kepribadiane mulane Nada ora tega yen Robin bakal oleh garwa buta kaya dheweke. Saliyane iku, Nada ora duwe prasaan apa-apa marang Robin, malah rasane kaya mung mas lan adik.
     “Assalamualaikum.. Nuwun sewu”
     “Waalaikumsalam.. sinten?” Nada marani uwong ing plataran sekolah gamelane
     “Kula Amar, guru ayar teng mriki, kula badhe ketemu Bu Nada”
     “Niku kula”
     “..............” Amar bingung kudu ngomong apa
     “Kula Nada, kula niki pancen buta nanging kula sae yen gamelan”
     “Inggih, kula nyuwun pangapunten”
            Sakbanjure iku, Amar dadi akrab karo Nada. Nada ngroso nyaman marang Amar amarga Amar iku, lugu, lucu,sopan lan sumringah terus. Nanging Nada bingung, piye Robin lan apa gelem Amar karo dheweke sing buta.
     “Niki, kula mbeta surabi kula tumbas teng warung celak kosan kula” Amar menehi kresekan
     “Suwun nggih” Nada nrima karo isin isin.
     “O inggih, panjenengan sampun duwe pacar? Maksut kula, kula namung tanglet mawon”
     “Kula, sampun dilamar kalih uwong, nanging kula boten srek kalih jaler niku. Tapi jeler niku sampun mbantu kluwarga kula kathah, niki wis 1.5 taun jaler niku nglamar kula”
     “O.. inggih. Nanging yen kula seneng marang panjenengan dospundi?”
     “Nggih?”
     “Kula seneng panjenengan dospundi? Panjenengan toh boten srek kalih jaler niku”
     “Panjenengan gerah?”
     “Boten kula sehat”
     “Ooo.. sekedap niku wonten murid nimbali”
            Nada bingung, ing sisi siji Nada seneng amarga Amar seneng pisan marang Nada ing sisi liyane Nada ngeboti Robin. Sampek sampek Nada dulinan gamelan karo nglamun.
     “Nduk...” Ibu nimbali
     “Nada.. nangndi awakmu nak?” ibu ngetuti swara gamelan saka ruang latihan
     “Nduk... kok nglamun ana apa nduk?”
     “Ibuk.. boten buk kula boten kenapa-napa”
     “Critaa nduk, ibuk bisa krasa apa sing anak ibuk rasakke”
     “Kula niki bingung buk.. kula sampun dilamar kalih Robin nanging kula boten nduweni prasaan teng Robin lan kula nduweni prasaan teng Amar”
     “Nduk, ibuk ngerti prasaanmu saiki. Amar lan Robin pada pada apik watakke nanging, Robin luwih apik amarga Robin wis mbantu kita nduk”
     “Kula dospundi buk? Kula bingung”
     “Nduk, saiki awakmu wis dewasa mula awakmu wis kudu bisa milih jalur uripmu dhewe nduk”
            Akhire Nada duwe jawaban gawe prasaane.
     “Mar.. kula nyuwun pangapunten, nanging kula mboten saged kalihan panjenengan amarga kula niki sampun dilamar kalih jaler”
     “Inggih, kula ngertos kula nggih mboten meksa. Nanging yen kula seneng mboten napaa? Kula ngerti yen kula pancen mboten pantes kalih panjenengan kula boten mapan”
     “Sanes niku Mar..”
     “Terus napa?”
     “Panjenengan boten usah ngerti”
            Nada sedih, amarga apa sing dadi keputusane iku dudu apa sing dikarepke. Nanging Nada ngrasa yen Robin iku luwih pantes karo dheweke amarga Robin niku tulus. Sawise 5 wulan sabari kadadeyan iku, Nada wis cepak cepak gawe pernikahane. Nada fitting kebaya gawe pernikahan ing salon
     “Subhanallah.. ayune talah anakku iki”
     “Dospundi buk? Sae?”
     “Apik tenan nduk.. iki wae wis nduk ibuk srek karo kebaya iki”
            Ing tengah tengah fitting, ibu nrima telfon. Nada krungu
     “Sinten buk?”
     “Bapakmu nduk, jare bapakmu polisi wis nemokake sing nabrak awakmu”
            Nada kaget lan banjur nemoni bapak ing omah
     “Sinten pak sing sampun nabrak kula” Nada takon nang bapak karo nangis nangis
     “Sepurane yo nduk...” Bapak yo ora bisa mbendung tangisane
     “Uwong iku Robin nduk”
     “Ro..Robin pak??
            Sawise iku, Nada ora sido rabi lan Nada mbalik nang rutinitas biasane, nanging dina-dinane rasane kosong amarga ora ana Amar. Sawise krungu Nada bakal rabi, Amar metu saka sekolah iku lan sampe saiki Nada ora eruh ing endi Amar.
     “Assalamualaikum... Nuwun sewu”
     Nada ora asing karo swarane...
     “Waalaikumsalam, sint.. Amar???”
     “Inggih, niki kula Amar”
            Akhire Nada lan Amar urip bahagia nanging durung rabi mung pacaran. Lan saiki Amar dadi guru maneh ing sekolah gamelan “Sri Endah”. Jeneng sekolah mau kebukti yen uripe Nada tenan Sri Endah, Asri lan Endah.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kanca Lan "Kanca"

Salah Kaprah

Skandal Sandal