ORA SIA-SIA
ORA
SIA SIA
Dening : Desi Rendrasari
Dening : Desi Rendrasari
Urip iku ngenani petualangan
tanpa kompas sing nunjukno kahuripan ing njero urip. Urip iku panggon ing
ngendi urip ngelanjutna tujuane.
“Ayah... ampun yah!!”
jeritane Dita
“Dita mboten pirsa yen wonten tandurane ayah, Dita mboten
sengaja yah...” Ucape Dita karo nangis.
“Ora usah kakehan alasan Dita! Kowe ngerti? Tanduran iku
larang regane lan ora gampang dioleh” dukane ayah marang Dita
Ibune ora bisa apa-apa, “Yah, uwis to yah.. Dita ora
sengaja” belane Ibu
Dita mung nangis lan ngempet lara amarga digepuki karo
ayahe. Ibune mbelani Dita iku mung ora ana gunane. Yen ayah wis duka, ora ana
sing bisa mbelani sapa wae
“Ibu iki, ora usah melu melu. Ya ngene iki dadine yen Dita
dielem terus karo Ibu!” dukane ayah
“Ayah... Dita mboten
sengaja yah, Dita janji yen Dita bakal luwih ati ati maneh” ucape Dita
“Tanduran iku wis ora ana tunggale Dita! Percuma kowe nangis
nangis, tandurane iku ora bakal mbalik maneh” dawe Ayah
“Yah, sampun yah..
Dita, saiki kowe melbu kamar. Ben masalah ayah, Ibu sing urus. Wis aja
nangis maneh nak” Ucape ibu supaya ayahe ora tambah duka
“Inggih bu, matur suwun”
“Iya nak”
Sawise iku, Dita langsung melbu
kamar. Ing njero kamar, dheweke isih tetep nangis. Dita suwe suwe ora betah ing
omahe. Meh saben dina, ayahe duka terus. Kabeh kabeh sing dikarepno ayahe kudu
dilakoni. Salah sijine. Dita ing sekolahe kudu melbu jurusan IPA, padahal dita
kepingin melbu jurusan Bahasa.
Anindita Putri, gadis SMA kelas
telu sing biasa disapa Dita. Dita iku gadis saka Malangnsing nduweni sifat
egois, tapi apik atine lan manut marang wong tuwane. Sifate sing sabar ngadepi
ayahe. Nduweni hobi nulis lan cita citane kepingin dadi penulis sing dikenal
dunyo. Mripate werna coklat, rambute dowo lan ana kriting kriting ing ngisore,
irunge mancung lan alise kandel sing nggarai kanca kancane iri. Sifate sing
egois lan mripate nurun saka ayahe. Ayahe nduweni sifat sing egois, disiplin,
kabeh kekarepane kudu dituruti, teges, judes namung sayang karo keluargane.
Irung sing mancung lan rambute sing kriting nurun saka Ibune. Ibune nduweni
sifat lemah lembut, ora egois, penyayang, lan sabar. Sifat ibune beda adoh karo
ayahe. Meh saben dinane ayahe duka, apa maneh karo Dita sing pada pada nduweni
sifat egois.
Wektu iku, ibu lan Dita mari
teka saka sekolahe Dita. Ing sekolahe ana rapat wali murid lan pembagian
raport.
“Assalammualaikum” salam Dita lan Ibu bebarengan
“Walaikumsallam” jawabe ayah
“Yaapa bu rapote Dita? Apik apa elek? Pokoke yen nganthi
elek, awas ae Dita!” anceme ayah
“Mboten ayah, rapote Dita becik kabeh nilaine. Iki lho
yah..” karo maringno rapote Dita
Ayahe banjur maca lan mirsani rapote Dita, Ora suwe .....
“Rapot apa iki Dita? Iki biji kok elek tenan!” dukane Ayah
“Pundine sing elek yah? Iku wis tergolong apik yah..” dawe
Dita
“Biji diomong apik yen bijimu 100 kabeh Dita. Iki? Biji apa
iki Dita!” dukane ayah
“Ayah, tulung sepisan ae ayah ngeregani usahane Dita. Dita
ranking 2 ing kelase yah, lan wis ana peningkatan. Apa isih kurang?” belane ibu
“Ayah, dita sampun usaha. Dita ana peningkatan. Apa isih
kirang? Kapan ayah purun ngeregani Dita? Dita wis nuruti kekarepane ayah.
Asline, Dita mboten purun IPA yah, namung iku usahane Dita wis maksimal yah”
ucape dita karo nangis
“Ooo.. dadi kowe nyalahno Ayah? Ayah wis nyekolahno kowe
nganthi saiki, nganthi kaya ngene tapi iki bales budimu marang ayah?” dukane
ayah
Awale, Dita yakin yen ayahe bakal bangga marang Dita. Rapote
Dita bijine apik. Ibune ngeyakino Dita yen ayahe bangga karo Dita. Tapi,
sakwise tekan omah apa sing dibayangno Dita iku mau mung khayalane. Tekan omah,
ayahe duka banget amarga dawe ayah bijine Dita elek kabeh. Rapote Dita iku mau
diguak ing sampah karo ayahe. Dita meneng meneng nesu njero ati. Batine, urip
karo ayahe kaya ing neraka. Dita suwe suwe ora betah ing omah lan nduweni niat
ninggalno omahe, pindah ing Bandung.
“Aku suwe suwe ora betah ing kene, serba salah. Bakal dadi
apa yen saben dinane aku didukani, digepuki terus karo Ayah. Pokok e dina iki
aku kudu cepet cepet ninggalno omah. Aku bakal mbuktikna marang ayah yen aku
bisa sukses dhewe, mulih mulih ayah bakal bangga karo aku. Aku kudu nerusno
gegayuhanku tanpa ana sing nganggu” Batine dita
Sore iku, Dita milih milh klambi lan dideleh ing tas
ransele. Kabeh barang barang kebutuhan pentinge wis digowo, uga karo izajah
saka SMA Negeri ne. Dheweke bakal pindah nang Bandung lan ngelanjutno kuliahe
ing kono. Ora suwe, Dita wis budhal saka omah, lan banjur nang terminal bis.
Ing njero bis, ana wong lanang enom sak pantarane lungguh
ing sebelahe.
“Nuwun sewu mbak..” sapane wong lanang iku mau
“Inggih, kowe sapa ya?” jawab e Dita
“Jenengku Vino, asalku saka Malang. Jenengmu sapa?”pitakone
maneh
“Oh.. jenengku Dita, asalku ya padha saka Malang. Yen aku
oleh ngerti? Lapo kowe ning kene?” takone Dita
“Oalah, aku arep e nang Bandung, ngelanjutno kuliahku ing
kono. Yen kowe dhewe?”
“Guduk urusanmu, matur suwun..” Ucape dita karo judes
“Hahaha... iyo aku ora mekso kowe kudu njawab, dit”
Dita eling saka dawuhe ayah ibune, yen aja gampang cidek lan
percoyo karo wong sing isih ket kenal. Akhire, Dita ngalih saka kursi sing
dilungguhi iku mau lan pindah ing kursi mburine. Kira kira wis 5 jam
perjalanan, bis e wis tekan terminal Bandung. Dita banjur mudhun saka bis. Ing
ngarep terminal, dhewek e ketemu karo wong lanang iku maneh.
“Hallo..” sapane Vino nang Dita
“Lho? Lapo kowe melu melu aku? Ora usah cidek cidek, kita
isih ket kenal” ucape Dita judes
“Oh, ora kok. Aku ora macem macem, mung mastikno yen kowe
aman. Apa kowe disusul ing kene?” takone Vino
“Ora, ora usah koyo ngono ya. Aku wis gedhe kok. Aku ngko
disusul karo dulurku ing kene. Matur suwun, aku dhisik” Jawabe dita banjur
ngalih
Iki pertama kaline Dita lungo dhewe ing kutho sing adoh saka
omahe, dita ora ngerti kudu nang ndi. Ora suwe, wis 5 dina Dita ing Bandung,
dhewek e durung oleh kerjo, kos, lan dhuwite wis entek kanggo maem. Akhire,
dita malah dadi gelandangan ing kono. Dita bingung, dheweke kudu lapo, yen muih
pasti usahane sia sia lan ayahe bakal duka, apa maneh dita durung nggawa
prestasi apa apa . yen dheweke tetep ing kene arep tinggal ing ngendi? Dita
mlaku turut dalan... banjur ketemu karo wong lanang ing bis iku mau.
“Lho Dita? Iki dita sing ndek bis iku mang kan?” takone Vino
“Lho? Kowe maneh, apa kowe ngetutno aku?” Takone dita
“Ora, mung aku mlaku mlaku eh ketemu karo kowe. Saiki kowe
arep nang ndi dit? Apa tak terno?” Vino nawani Dita
“Ora usah vin, matur suwun aku dhisik”
“Ing Bandung saiki ora padha kaya Malang dit, apa maneh
gadis koyok kowe sing ora ngerti dalan. Ing kene akeh wong wong sing ora apik.
Saiki ngene wis, ayo melu aku”
“Melu nang ndi...... lapo?”
“Aku wong apik apik lan ora bakal macem macem. Saiki ayo
melu aku nang kos kosan ku. Ing kono, aku nduwe kanca wedok sing isa dadi
kancamu. Ora usah mikir aneh aneh, dek e wong apik apik kok” jelase Vino
Sawise teka ing kos kosan, Vino ngenalno Dita karo arek
wedok sing dicritani Vino iku mau jenenge Alia. Wektu Dita lan Alia asik cerita
cerita, Vino ijin metu ana perlu.
“Hallo Assalammualaikum”
“Walaikumsalallam” jawabe Vino
“Iki sapa ya?” takone wong sing ditelp Vino iku
“Niki Vino ibu, putranipun rencange ayahe Dita, lan kula ugi
rencange Dita”
“Ohh... nak Vino, iya ana apa le?” takone Ibune Dita
“Ngeten bu, kalawau kula ngertos Dita ing pundi, sak niki
Dita kaliyan kula bu”
“Iya ta le? Alhamdulillah yen ngono, ibu titip Dita ya le? Kaliyan
ibu ugi nitip dhuwit kanggo Dita, tapi aja nganthi Dita ngerti ya le?”
“Inggih bu, telp nipun kula tutup rumiyin nggih bu?
Assalammualaikum”
“Walaikumsallam”
Vino Dwiputra, arek lanang saka Malang sing nduweni sifat
peduli marang kancane, apik atine, penyayang, lan wani. Dheweke kenal karo
ayahe Dita amarga ayahe Dita iku kanca cidek e ayahe. Ing njero bis wektu
sepisan ketemu Dita, dhewek e anven etok etok ora kenal, vino ngerti yen Dita
iku kabur saka omahe. Mangkane, iku mau Vino ngabari Ibune Dita supaya ora
kuatir. Wektu Dita ing ngarep dhewean, Vino marani Dita.
“Dita” sapane Vino
“Oh iya? Ana apa vin?”
“Ora kok, aku mung takon wae yaapa rerangketanmu karo Alia
saiki? Rupane tambah akrab wae haha”
“Oh.. Aku seneng karo
Alia, Alia iku wong sing apik lan ramah. Padahal aku isih semingu kenal karo
Alia. Dek e gampang cidek karo wong, suwun ya wis ngenalno aku karo Alia” ucape
Dita
“Iya dit, isik ya aku pamit sek ya, aku ana perlu karo kanca
kanca ku”
“Iya ati ati”
Urip ing dunyo saiki pancen ora ana sing gratis, kanggo
nyukupi kebutuhane Dita nggolek kerja. Kerja apa wae dilakoni asal iku halal.
Wiwit saka dadi rewang ing omahe wong, ngewangi wong dodol, lan liyane. Untung,
dita gadis sing pinter, tekun dheweke oleh beasiswa ing kampus e. Dadi, dhuwit
saka hasile kerja isa ditabung.
Ing tengah dalan, Dita sempet nyerah. Dheweke kesel
ngelakoni urip ing kutha ne wong. Dheweke mikir, yen kudune kudu syukur ing
omahe, ora perlu kerja angel angel mung cukup sinau kanggo sekolahe, lan urusan
dhuwit iku urusane wong tuwane. Tapi, eman yen dheweke langsung mulih ngono
wae, dheweke wis arep lulus kuliah lan oleh beasiswa maneh.
Ing sawijining dina, wektu Dita lungguh dhewe ing teras,
Vino marani Dita.
“Nuwun sewu dit..”
“Iya vin?”
“Aku arep takon, apa kowe ora gelem mbalik nang kitha
asalmu?” takone Vino
“Aku ora gelem mulih dhisik sakdurunge aku lulus. Aku gelem
mu.lih yen aku wis nggawa prestasiku lan nggawe wong tuwaku bangga. Aku kudu
mbuktikno yen aku isa mandiri”
“Apa wong tuwamu ora kuatir karo kowe”
“Aku ngerti yen Ibuku pasti kuatir,tapi iki wis keputusanku
vin. Kowe ora ngerti critane, dadi ora usah melu melu urusanku. Aku iso ngurusi
urusanku dhewe kok”
“Iyowis yen ngono, aku ora bisa apa apa. Aku mung isa
ngandani ae yen wong tuwamu pasti kuatir, uga sikap e wong tuwamu sing kaya
mengkono iku ya sayang karo kowe Dit” jelase Vino
“iya vin aku ngerti, suwun”
Ing sawijining Dina, Dita wis mari nempuh pendidikan kuliahe
ing Bandung. Dina iku ana wisuda kelulusan e Dita. Dita lulus nggawa predikat
S2 jurusan Bahasa sing mbanggakna lan predikat e apik dewe sak angkatane. Ora
sia sia usahane nganthi saiki
“Dit, apa kowe ora ngundang wong tuwamu?” takone Vino
“Lapo? Ora perlu, paling ayahku ora bakal teka lan ora
mungkin Ibuku teka dhewe an tanpa ayah”
“Ora oleh ngono iku dit, kowe kudu yakin yen wong tuwamu
pasti teka”
“Pokok e yen aku ngomong gak yo gak vin, kowe ora usah mekso
aku”
“Iyowis dit, kowe ancen wong sing egois, mentingno kekarepan
mu dhewe, egoismu dukur dit”
“Iya vin, ya iki aku. Sepurane yen ana omonganku sing ora
sopan”
“iya ora papa dit”
Dita tetep ora gelem ngundang ayah ibune teka ing wisudane,
asline dita kepingin yen wong tuwane mirsani langsung wisudane. Meneng meneng,
Vino wis telp ayahe Dita yen ana wisuda, tapi ayahe dawuh yen ayah e ora purun
teka yen ora diundang langsung karo Dita.
Dita wis wisuda, predikat e
sing apik ngundang akeh perusahaan perusahaan nawani Dita kerja ing
perusahaane, Dita seneng. Tapi, dita nerima perusahaan sing nawani Dita dadi
penulis terkenal, gegayuhane dadi penulis sing dikenal wis digayuh. Dita yakin
yen mulih mulih pasti ayahe ibune bangga karo Dita. Isuk e dita wis siap siap
arep mulih nang Malang, uga karo Vino.
Sawise teka ing omahe, apa sing
dibayangno Dita iku temenan. Ayah ibune bangga karo Dita, namung Dita kaget
amarga muih mulih ayahe gerah jantung lan mari operasi. Dita nyesel amarga wis
ninggalna omah ora ijin karo ayah ibune. Tekane Dita, ayah ibune langsung
ngerangkul Dita lan ana tangis bangga ing njerone. Ayahe janji yen ora bakal
duka maneh marang dita. Ayah lan ibune matur suwun karo Vino sing wis gelem
njaga Dita nganthi saiki, uga Dita matur suwun
karo Vino wis gelem dadi kancane lan mesti ana gawe Dita susah lan
seneng.
Ing omahe kabeh padha nangis bangga, Dita nyeritakno kabeh
pengalaman lan usahane ing bandung lan maringna ijazah, dokumentasi wektu
wisuda. Ayah ibune bangga lan sedih uga ora bisa mirsani langsung wisudane
dita.
Ing urip iku pancen dibutuhna usaha lan niat. Yen ana niat,
usaha mu ora bakal sia sia. Alon alon waton kelakon, kabeh hal sing ana ing
urip iku pilihan tapi kadang kita kudu wani milih lan nggayuh apa sing
dikarepna, ora wedi yen ana resiko gagal.
Komentar
Posting Komentar