Aja Ngomong Yen Ora Sanggup
“Aja
Ngomong Yen Ora Sanggup”
Dening Dina Halimatus
“Aku? Seneng ambek arek iki?! Ora iso. Arek
megelno koyok ngene ora bakal iso ngisi atiku.”
Kelingan
kalimat iku, kepingin rasane dheweke nyabut lan ora ngucapno kalimat kasebut.
Bocah wadon iku nyesel amarga sakwise ngomong kaya mengkono, lan pirang sasi
sakwise dheweke moro-moro nduweni rasa marang bocah lanang iku. Rasa seneng lan
kagum sing luwih cukul ana ing atine bocah wadon iku. Bocah sing ayu, manis,
lucu, lan ora bisa meneng iku jenenge Dian.
Saben
dina Dian mesti tukaran karo kanca-kancane, apa maneh karo kanca lanang sing
jenenge Dion. Dion iku arek lanang sing paleng nggregetno lan paleng megelno
ndek kelas. Dheweke nduweni sifat cuek lan ora peduli marang kanca-kancane, apa
maneh marang bocah wadon. Tapi kenyataane Dion iku nduweni sifat sing becik,
yaiku nulungi kancane yen kancane mbutuhake tetulungan. Nanging beda kaliyan
Dian, saben Dian njalok tulung marang Dion, mesti Dion ora tau ngreken. Dheweke
malah dulinan HP. Sampek Dian mangkel, terus dheweke njalok tulung nganggo basa
kang sopan marang Dion. Nanging, masio wis nggunaake basa kang sopan, Dion
tetep wae ora ngreken. Akhire Dian ngomel-ngomel marang Dion. Yen Dian wis
ngomel, Dion kaet nulungi karo ngguya-ngguyu lan nduduhake wajah ora salah.
Kanca-kanca
sak kelase Dian iku sampek heran ndelok kelakuan Dian karo Dion saben dinane,
amarga dheweke westi tukaran terus. Ora wayah pelajaran lan ngasoh tok, nanging
pas dolen karo kanca-kancane bocah loro iku ya sek sempet-sempete tukaran.
Padahal ya mung masalah sepele, nanging mesti bocah loro iku debate ora
mari-mari.
Ing
sawijining dina, Dian njalok tulung marang Dion. Dheweke dikongkon njupukake
bukune Dian sing ana ing bangku kanca sebelahe.
“Dion, tulung jupukno bukuku
ndek mejane Tama!” jalok Dian.
Ora langsung dijupukake,
dheweke malah ndeloki Dian karo ngguyu.
“Tulung jupukno age!” Dian
njalok tolong balen.
“Wani piro?” tantang Dion tapi
karo guyon.
“Ya Allah, dikongkon ngono tok
wae ora gelem. Age jupukno!” jalok Dian karo melas.
“Njupuk dewe ora iso ta?” karo
ngguyu
“Mageeeer. Hehe.” Dian ngguyu
“Dadi arek ojok mageran. Sing akeh gerak ngono lhoo ben
bisa kurus!” jawab Dion sengak.
“Huh, iya” Dian mung bisa
pasrah.
Akhire
Dian ngadek saka kursine lan dheweke njupuk dewe buku sing ana ing bangkune
Tama. Pas Dian balek saka bangkune Tama, moro-moro ana sing ngomong “Lhaa yo
ngono a dijumuk dewe?!”. Dian langsung noleh marang panggon sing ngetokake
swara kasebut lan didelok yen sing ngomong iku Dion, bocah sing paleng
nggregetake. Ora ngomong sak kalimatpun, Dian akhire lungguh ing kursine maneh
lan ora ngreken Dion.
Dian
lan Dion sekelas mulai awal melbu sekolah. Padahal Dian iku ora kenal karo
Dion, tapi dheweke mek kekancan biasa lan ikupun ora tau omong-omongan, apa
maneh guyon. Suwene-suwe, Dian digudo karo kanca sebangkune yen dheweke ana
rasa marang Dion. Bocah wadon sing manis rupane ikupun ngebantah, amarga dheweke
ora seneng karo Dion. Dheweke mung nganggep Dion iku kanca biasa sing sekelas.
Suwene-suwe, Dion ngejak ngomong Dian lan ngejak guyon pisan. Guyone bocah loro
kuwi beda, carane yaiku debat lan tukaran.
Saben
dina, Dian karo Dion tukaran terus. Ora wayah isuk, wayah awan, wayah sore,
bahkan pas balek sekolah yen ndek dalan mesti bocah loro iku tukaran terus.
Wektu pelajaran Basa Indonesia, gurune ngongkon yen muride nggawe kelompok sing
anggotane 4 arek, 3 wadon lan 1 lanang. Kelompoke Dian kurang 1 anggotane lan
sing durung yaiku anggota lanang. Dian bingung ate milih sapa amarga dheweke
ora kenal sapa-sapa, kepeksan akhire dheweke milih Dion. Wektu kerja kelompok
bareng, bocah loro iku sek sempete tukaran wae, bahkan tau sempet diseneni
gurune amarga rame wae lan ganggu pelajaran.
“Gak e rek, kowe iki kok mesti
tukaran wae ya?! Heran aku” takon Ani marang Dian lan Dion.
“Iya i, mesti Dian karo Dion
tukaran terus. Mulai isuk sampek moleh haree. Gak bosen utawa kesel a ya?!”
tambah Tika.
“Lho, guduk aku sing nggarai.
Dion iki lhoo sing mesti nggrai aku dhisik.” Bantah Dian.
“Kok aku se?!” takon Dion karo
nada mbela diri.
“Iya ancen kowe sing nggarai.
Aku ngomong genah-genah kowe mesti nanggepine ora ngenakno.” Sahut Dian.
“Iya wis, aku wae sing mesti
salah.” jawab Dion.
“Ancen kowe sing salah, yen
kowe lek tak takoni terus njawabe ora megelno, pasti aku ora bakal ngedumel
kaya ngene.”
“iya wes, iya.” bales Dian karo
ngguyu seneng.
“Lho kan, ngono ya wes tukaran
maneh. Aku ora ngerti wis rek.” tambah Ani karo rai pasrah.
Ing
sisi liya, Dian karo Dion sak LMT. Ing kelas LMT iku ya dikongkon nggawe
kelompok. Dian ora ngerti yen dheweke bakal nggawe kelompok karo sapa amarga
Dian ora kenal sapa-sapa ing kana. Terpaksa Dian meleh Dion maneh dadi anggota
kelompok e. Selama ing kelas LMT Dian ora tau lungguh jejer karo Dion, dheweke
lungguh karo bocah wedok sing isih tas dikenal. Gara-gara ketambahan anggota
maneh siji, akhire Dian kadang-kadang lungguh karo Dion. Bocah loro iku mulai
adate maneh yen wis ketemu, yaiku saling tukaran, nanging kanca-kancane ing
kelompok iku ora pati ngreken amarga dikira tukaran biasa. Suwene-suwe saben
LMT Dion lan Dian lungguh jejer lan terus-terusan tukaran pekara apa wae,
sampek kanca-kanca ing kelompok e ngguyoni sing Dian ora seneng.
"Duh, arek loro iki mesti
tukaran ae ya?!" ungkap Wita.
"Lhaa ancene Dion iki
mesti nggarai wae!" bantah Dian.
"Iya i, mesti Dian ambek
Dion tukaran wae. Kowe lek ndek kelas ya tukaran wae ta?" takon Naf.
"Ya arek iki wae sing
nggarai rame" sahut Dion karo ngguyu.
"Kok aku se?! Ora kowe a
yaa?! Mesti sing nggarai disek iku kowe. Mosok ya Ta, Naf, aku iku njalok
tulung iso diruwet ilo ambek arek e. Sopo sing ora mangkel?!" jawab Dian
karo mangkel tapi setengah ngguyu.
"Kapan lhee aku ngruwet?!
Ojok aran-aran." Dion ora trimo.
"Aku ora aran-aran, ancen
kenyataane kok!"
"Wes rek, aja tukaran wae.
Biasane lek sering tukaran mben bisa dadi jodoh lhoo!" guyon Wita ben Dian
ambek Dion ora tukaran maneh.
"Wkwks, iya Ian."
tambah Naf.
"Ora bisa, kan aku ora ana
roso ambek Dion. Ya ora iso ta lek aku jodoh ambek arek e." bales Dian
nada ora trimo.
"Sapa ngerti mben kowe
seneng ambek Dion terus kowe jadian ambek arek iki, terus langsung rabi.
Haha." guyon Wita karo nuding Dion.
"Aku? Seneng ambek arek
iki?! Ora iso. Arek megelno koyok ngene ora bakal iso ngisi atiku.” sahut Dian
karo ngguyu ora percaya.
"Aja ngono. Mben lek
kedadean temenan ya apa hara?! Wkwks. Ora bisa mbayangno yen Dian ambek Dion
jadian, paleng isine debat tok ya Naf?" khayal Wita karo cekikian.
"iya tok wes rek"
Dion pasrah tapi tetep karo ngguyu.
Suwene-suwe
Dian karo Dion ora tau tukaran maneh. Bocah loro iku pada sibuk karo urusane
dhewe-dhewe amarga ate ujian semester. Sakwise ujian semester, ing sekolah
panggone Dian nuntut ilmu iku ana acara classmeeting.
Acara iku nggarai Dian karo Dion jarang ketemu. Awale Dian ora masalah yen ora
ketemu Dion, nanging suwene-suwe bocah sing nduweni rai manis iki ngerasa yen
ana sing ilang saka ragane. Dheweke ngerasa ora penak yen ora ketemu Dion.
Sakwise
diadaake classmeeting, sekolah
mbageake rapot. Sakwise iku, murid-murid pada prei suwene 2 minggu. Wektu
preian kasebut, Dian ora ketemu blas karo Dion. Moro-moro Dian ngrasa yen
dheweke kangen marang Dion. Dheweke kepingin ketemu lan dolang bareng, nanging
ora bisa amarga Dian ngenteake wektu preian ing omahe bibine sing ana ing
Semarang. Karo sabar, Dian akhire ngenteni dina melbu sekolah. Wayah melbu
sekolah, dheweke ketemu Dion nanging biasa wae lan ora tukaran kaya biasane.
Bocah wadon iku nyadari yen isih awal melbu sekolah lan iku isih kaku-kakune
ilate gawe tukaran.
Melbu
sekolah wis oleh 2 minggu, Dian lan Dion biasa-biasa wae. Dheweke ora tau
tukaran kaya biyen maneh. Kabeh kanca-kancane ing kelas pada heran lan curiga,
dikira yen bocah loro iku tukaran temenan. Wektu Dian ditakoni kanca-kancane,
respone mung ya biasa-biasa wae amarga yen dheweke ora ngerasa yen ana apa-apa.
Ing
sawijining dina, Dian ate ngejak ngomong Dion iku angel, dheweke ngerasa
sungkan lan wektu ndelok Dion dheweke moro-moro salting ora karuan. Bocah wadon iku ora ngerti karo apa sing wis
kedadean marang awake. Suwene-suwe kelakuan sing kaya mengkono tambah suwe
tambah mrambat ing awake Dian lan iku nggarai dheweke ora tau omong-omongan
maneh karo bocah lanang sing nggregetno iku. Bocah loro iku omong-omongan yen
ana perlune wae. Akhire Dian ngerasa yen dheweke seneng karo Dion.
Dian
ngerasa yen dheweke ana rasa spesial
marang Dion wis suwe, nanging dheweke kaet sadar yen bocah iku kepangan karo
omongane dhewe. Bien dheweke ngomong yen ora bakal seneng karo bocah lanang
sing jenenge Dion, nanging kenyataane saiki Dian bisa ngebuka atine lan nduweni
rasa marang Dion. Dian ngerasa isin karo kata-katane lan pingin nyabut omongan
iku. Nanging saka kejadian iku Dian bisa ndadeake pelajaran supaya dheweke ora
ngomong sembarangan dan ora kepangan karo omongane dhewe.
Komentar
Posting Komentar