Hikmah Saka Kemalingan
HIKMAH
SAKA KEMALINGAN
DENING
ADELIA MARETA
Pak Wiguna kuwi priyayi sing
dhuwur pangkate. Dheweke kuwi kerja dadi kontraktor sing kondang ing endi-endi.
Tanah sing diduweni ana ing endi-endi. Nanging, Pak Wiguna ora mung kondang
amarga bandane. Pak Wiguna lan garwane Bu Wiguna uga kondang amarga sifate sing
ala. Pasangan kuwi seneng pamerake bandane ing kabeh tanggane.
Mulane yo ora mokal yen kabeh
tanggane ora seneng karo Pak Wiguna lan Bu Wiguna. Saben dina Pak Wiguna lan Bu
Wiguna dadi kembang lambe tanggane. Saben dina mesti ana wae sing dipamerke
karo pasangan kuwi.
Saben dina Minggu ing Desa
Sawit mesti ana kerja bakti ngresiki desa. Kagiyatan iki digawe karo Pak RT ing
Desa Sawit. Nanging, ora kabeh warga sing melu kerja bakti. Sing kerja bakti
mung para bapak-bapak, para ibu-ibu pada masak kanggo sarapan bapak-bapak sing
kerja bakti. Para warga lan Pak RT wis siap arepe kerja bakti. Kabeh warga wis
nggawa alat-alat kanggo kerja bakti. Ana sing nggawa sapu, cikrak, arit, lan
liya-liyane. “Sugeng enjang, bapak-bapak. Monggo kita sedaya mulai acara kerja
bakti isuk iki,” ajak Pak RT. Para bapak-bapak mulai kerja bakti. Ana sing
ngresiki got, ana sing ngresiki dalan sing dikebaki godong-godong garing, lan
liya-liyane. Ibu-ibu wis ngumpul ing omahe Bu RT kanggo masak sarapane
bapak-bapak.
Kerja bakti wis rampung.
Bapak-bapak pada ngumpul ing omahe Pak RT. Kabeh pada lungguh selonjoran ing
teras omahe Pak RT amarga kesel. “Monggo diunjuk kopine lan didhahar gedhang
gorenge”, ngandikane Bu RT. Kabeh warga pada jagongan karo mangan panganan sing
wis dimasak karo ibu-ibu. Pas iku, ana mobil liwat lan mandek ing ngarep omahe
Pak Wiguna lan Bu Wiguna. Kabeh warga pada bingung pas ndelok mobil kuwi. Para
warga kaget amarga Pak Wiguna lan Bu Wiguna mudun saka mobil kuwi.
Pak RT langsung ngadek lan
nyapa Pak Wiguna. “Wah... Pak Wiguna sakniki gadhah mobil anyar nggih?”,
ngendikane Pak RT karo mesem. “Nggih Pak RT, niki mobil anyar kula. Apik kan
mobil kula?”, ngendika Pak Wiguna. Pak RT setuju yen mobil anyare Pak Wiguna
apik, “Inggih Pak, mobile apik tenan. Berarti sakniki yen badhe kesah mboten
nitih sepeda motor malih nggih.”Ya iya ta Pak RT, la mosok wong sugih arep
nitih sepeda motor. Yo kudu numpak mobil ta supaya ora kepanasen lan kudanan
ing dalan”, ngendikane Pak Wiguna karo ngremehake Pak RT. Pak RT mung mesem lan sabar ngrungokake jawabane Pak
Wiguna. “Sampun Pak, kula badhe mlebet rumiyin”, pamite Pak Wiguna.
Bu Wiguna ora mlebu omah kaya
Pak Wiguna nanging marani ibu-ibu sing lagi ana ing teras omahe Pak RT. “Bu...
lagi dhahar napa iki?” takone Bu Wiguna. “Iki lho bu, wonten gedhang goreng lan
soto. Monggo dhahar sesarengan”, jawabe Bu RT karo ngewenehake sak piring
gedhang goreng lan soto menyang Bu Wiguna. Bu Wiguna ndelok panganan kuwi karo
mencep, “sepurane ya bu, kula mboten seneng dhahar gedhang goreng lan soto sing
koyo ngene iki. Mending kula dhahar brownis ing dalem”.
Ibu-ibu sing krungu jawabane Bu
Wiguna langsung kaget. Kok isone ngomong kaya ngono marang tanggane dewe. “Oh,
yen mangkono monggo ngunjuk teh mawon nggih bu”, ngendikane Bu RT. “Dadi ngeten
lo bu, kula wau tumbas kalung lan cincin emas ing toko cedhak Pasar Gedhe”,
ngendikane Bu Wiguna karo ngetokake kalung lan cincin emas sing mau dituku.
“Piye bu? Apik kan? Iki emas asli lo, berliane uga gedhe kan? Iki regane larang
lo bu”. Ibu-ibu sing ndeleng kalung lan cincin kuwi mau mung mantuk-mantuk
amarga males ngrungokake Bu Wiguna sing niate pamer. Sakwise puas pamer, Bu
Wiguna pamit mulih amarga kesel lan luwe.
Sesuke, Pak Wiguna lan Bu Wiguna
lagi nonton tv. Ora suwe pasangan kuwi krungu suara bel. “Sapa ta sore-sore kok
mara rene?”, ngendikane Bu Wiguna. Bu Wiguna banjur bukakake pintu omah.
“Assalamu’alaikum Bu Wiguna”. “Oh nggih, Wa’alaikumsalam Bu Yanti. Monggo
mlebet rumiyin”, ajak Bu Wiguna menyang Bu Yanti. Bu Wiguna banjur nyeluk Pak
Wiguna amarga ana tamu.
“Wonten punapa nggih Bu?”,
pitakon Pak Wiguna. “Ngeten pak, sakniki anak kula sampun wayahe bayar SPP.
Nanging kula dereng gadhah arta kanggih bayar SPP sekolah anak kula. Dados kula
badhe nyilih arta marang Bu Wiguna kanggih bayar SPP anak kula”, jawabe Bu
Yanti. “Pancene pinten sing badhe disilih bu?”. “Kula badhe nyilih arta Rp.
200.000 Bu Wiguna”. Bu Wiguna lan Pak Wiguna banjur delok-delokan. Pasangan iki
duwe pikiran sing padha yaiku ora gelem nyilihi duwit Bu Yanti.
“Piye ya bu. Bu Yanti ngertos
dewe kan yen kula sawise tumbas mobil anyar dados kula mboten gadhah arta”,
ngendikane Pak Wiguna. Bu Wiguna sing lungguh ing sebelahe mung mantuk-mantuk.
“Inggih pak kula ngertos nanging kula mung badhe nyilih arta Rp.200.000 mawon,
mboten lebih. Kula bakal balikake arta niku minggu ngarep”, ngendikane Bu Yanti
karo melas.
“Kula mboten percaya yen Bu
Yanti saget balikake arta kula minggu ngarep amarga sampun kathah wong sing
janji ngonten nanging nyatane nggih mboten ndang dibalikake”, jawabe Bu Wiguna
kanthi ketus. “Mboten bu, kula tenanan bakal balikake artanipun minggu ngarep.
Amarga minggu ngarep kula lagi entuk gaji”, jawabe Bu Yanti karo nyoba dadikake
Pak lan Bu Wiguna percaya.
“La kuwi minggu ngarep sampun
entuk bayaran. Mula kenapa tasih nyilih arta marang kula? kan Bu Yanti saget
bayar SPP ngagem artane Bu Yanti piyambak”. Pak Wiguna tetep ora gelem nyilihi
duwit marang Bu Yanti. “Nanging anak kula dikengken bayar sesuk pak, yen mboten
anak kula mboten saget melu ujian pak”.
Bu Wiguna dadi pegel karo Bu
Yanti sing ora nyerah kanggo nyilih duwit. “Kula mboten saget nyilihi arta
marang Bu Yanti. Punapa Bu Yanti kok mekso tenan? Bu Yanti nyilih arta marang
wong liya mawon”. Bu Yanti sing wis lara ati amarga ora disilihi duwit banjur
pamit marang Pak lan Bu Wiguna.
Ing dina sabtu, Pak lan Bu
Wiguna mlaku-mlaku lan belanja nganti bengi. Pas wis tekan omah, Pak Wiguna lan
Bu Wiguna banjur mangan sambi nonton tv. Suwe-suwe Pak Wiguna ngantuk dadi Pak
Wiguna turu dhisik. Bu Wiguna tasih nonton tv nganti keturon. Wayah tengah
wengi, ana suara glodakan ing omahe Pak lan Bu Wiguna nanging sing duwe omah
ora krungu amarga turu angler.
Tibake ana maling sing mlebu
omahe Pak lan Bu Wiguna. Maling kasebut jupuki kabeh perhiasan duwene Bu Wiguna
lan duit ing jero brangkas. Pas arep metu saka omahe Pak Wiguna lan Bu Wiguna,
ora sengaja maling kuwi mau nyenggol guci ing ruang tamu. Pak lan Bu Wiguna
langsung tangi amarga kaget ngrungokake suarane guci pecah. Pak Wiguna langsung
mlayu menyang ruang tamu banjur kaget amarga ana maling ing kono.
Maling kuwi mau langsung mlayu
pas ndelok ana Pak Wiguna lan Bu Wiguna tangi. Bu Wiguna banjur jerit-jerit
“Maliiingg!!!!!! Maliiiinnnggg!!!!! Tolong ana maling!!!!!”. Pak Wiguna mlayu
nguber maling kuwi nanging ora bisa kecekel. Pak Wiguna lan Bu Wiguna mung isoh
jerit-jerit lan bingung bandane ilang kabeh.
Isuke, Pak Wiguna lan Bu Wiguna
moro menyang omahe Pak RT. Pak Wiguna ndodoki omahe Pak RT kanthi banter
“Assalamu’alaikum Pak RT!!”. Pak RT sing lagi sarapan banjur metu bukakake
pintu omah. “Oh, Pak Wiguna lan Bu Wiguna monggo mlebet rumiyin. Wonten punapa
kok enjang-enjang sampun mriki?”, ngendikane Pak RT. Bu RT ngewenehi teh lan
kue marang Pak lan Bu Wiguna.
“Pak RT! Kula badhe protes
amarga kala wengi kula kemalingan nanging mboten wonten wong sing nulungi kula!
sak niki banda kula ilang kabeh! Pak RT kudu tanggung jawab masalah niki!”,
jawabe Pak Wiguna karo ngamuk-ngamuk.
Pak RT lan bu RT kaget amarga
tanggane kuwi kemalingan nanging ora ana sing ngerti. “Lho? Apa nggih ta Pak
Wiguna? Kula mboten krungu yen wonten kemalingan”. Bu Wiguna banjur ngomong,
“Nah nggih gara-gara kuwi kula bade protes marang Pak RT! Kedadiyan ngeten niki
sampun jelas amarga keamanan ing desa niki mboten terjamin!”. Pak Wiguna banjur
nambahi, “Nggih pak! Kula geleme desa niki didamelake pos satpam lan didamelake
jadwal ronda bengi!”.
“Inggih Pak, Bu Wiguna. Sabar
rumiyin nggih. Kula setuju marang usulan niku nanging niki kudu dirembugkake
kalih kabeh warga. Dados Pak Wiguna lan Bu Wiguna sabar rumiyin nggih”.
Ngendikane Pak RT. Sawise protes, Pak lan Bu Wiguna pamit mulih. Pak RT banjur
nggawe pengumuman yen kabeh warga kumpul menyang balai desa.
Kabeh warga saiki wis ngumpul
ing balai desa. Ing kana uga ana Pak Wiguna lan Bu Wiguna. Pak RT banjur mulai
rapate, “Assalamu’alaikum para warga. Dados rembugan sakniki kita badhe bahas
babagan usulane Pak lan Bu Wiguna”. Banjur ngomong kuwi para warga dadi rame.
Apa sing diusulake wong loro sing ora tau melu rembugan babagan Desa Sawit?.
“Usulane punapa Pak RT?”, pitakon salah siji warga. “Pak Wiguna lan Bu Wiguna
nyuwun didamelaken pos satpam lan jadwal ronda bengi. Amarga kala wengi tangga
kita sedaya niki sampun kemalingan”.
Para warga dadi rame krungu
berita kuwi. Para warga sakjane sarujuk karo usul kuwi nanging yen sing usul
kuwi Pak lan Bu Wiguna, para warga dadi ora sarujuk amarga wis jelas yen
usulane Pak lan Bu Wiguna kuwi mung kanggo butuhe wong loro kuwi.
“Yen Pak Wiguna lan Bu Wiguna
nyuwun didamelaken pos satpam, Pak Wiguna lan Bu Wiguna kudu purun melu bangun.
Mboten usul mawon nanging mboten melu bangun pos satpam”, jawabe salah siji
warga. Para warga pada setuju marang pendapat kuwi mau.
Pak RT uga sarujuk marang
pendapat kasebut. “Inggih. Kula sarujuk marang bapak. Dados Pak lan Bu Wiguna,
yen purun didamelaken pos satpam lan jadwal ronda bengi Pak Wiguna lan Bu
Wiguna kudu purun melu bangun pos satpam”, ngendikane Pak RT marang Pak lan Bu
Wiguna.
Pak lan Bu Wiguna ora gelem
dikongkon melu bangun pos satpam. “Kita mboten purun pak. Kita niki sing
kesusahan la kok malah dikengeken melu bangun pos”. Pak RT banjur jawab, “Pak
Wiguna lan Bu Wiguna kudune sadar amarga tiap kerja bakti para warga purun
ngresiki daerah ngarep daleme Pak lan Bu Wiguna. Sakniki, bangun pos satpam
nggih mboten kanggih kebutuhanipun Pak Wiguna lan Bu Wiguna nanging kanggih
kabeh warga Desa Sawit supaya wilayah Desa kita niki aman”.
Sawise krungu jawabane Pak RT,
Pak lan Bu Wiguna sadar lan isin marang kabeh tanggane amarga ora tau melu
rembugan babagan Desa Sawit. Pak Wiguna lan Bu Wiguna sadar yen kedadiyan kala
bengi kuwi pancen karma. Pak Wiguna lan Bu Wiguna banjur njaluk sepura marang
kabeh warga lan Pak RT, “Pak RT uga sedaya warga Desa Sawit kula lan garwa kula
nyuwun pangapunten kanggih sedaya kalepatan ingkan kula lan garwa kula duweni.
Kula lan garwa kula mulai sakniki purun melu rembugan lan kerja bakti kanggih
Desa Sawit”.
Saiki kabeh warga wis damai
karo Pak lan Bu Wiguna. Pasangan kuwi saiki wis ora sombong lan gelem tetulung,
dheweke uga sadar yen cedak lan apik marang wong liya kuwi mesti dibales
kelakuan sing uga apik saka wong liya. Desa Sawit saiki wis tambah guyub rukun
lan aman saka kejahatan.
Komentar
Posting Komentar