Sapenggal Tuduhan Pengkhianatan

                                                                              Sapenggal Tuduhan Pengkhiantan
                                                                                    Dening Ayu Pramadita Dewi
Ing sawijining dina ana bocah telu sing mlaku ing pinggir dalan nganggo seragam sekolah. Bocah kuwi jenenge Topan, Ipul, lan Yudha. Wong telu iku wis dadi kanca kawit cilik. Yudha iku bocah sing lemu nanging dhuwur lan seneng geguyonan. Ipul kuwi bocah cilik dhuwur lan pinter ing kelase. Dheweke wis bolak-balik kalebu ranking kelas, nanging bocah iki biasa digawe bahan geguyonan karo kanca-kancane. Ipul kuwi bocah sing seneng ngajari kancane sinau yen ana sing ora bisa nggarap tugas omah utawa ulangan digawe dina ngarep. Bocah sing sijine yaiku Topan. Topan kuwi bocah sing paling jail antara kancane yaiku Yudha lan Ipul. Nanging Topan iku bocah sing apik lan seneng nulung kancane sing kesusahan, apa maneh kancane dewe.
Senin isuk wayahe bocah padha upacara bendera ing sekolah, Ipul, Topan, lan Yudha dadi petugas upacara ing sekolahe. Bocah-bocah kuwi dari pengibar bendera pusaka. Sawise upacara, Ipul, Topan, lan Yudha mlebu kelas kanggo melu pelajaran matematika. Sedurunge, Pak Jupri wis ndawuhi murid-muride yen dina senin kuwi ana ulangan. Wingi bengi Ipul, Topan, lan Yudha wis sinau bareng, dadi dheweke bisa nggarap soale gampang. Wektu ulangan dimulai, bocah telu iku nggarap soale kanthi lancar. Nanging Yudha ora bisa nggarap sebagian soal. Akhire Yudha takon jawaban menyang Ipul.
“Sssttt...sssttt.....Pul Ipul !” Yudha nyeluk Ipul lirih.
“Apa?” Ipul njawab lirih pisan.
“Aku ora bisa nggarap loro soal !” jawabe Yudha.
“Kowe lak wis sinau seh mau bengi !” jawabe Ipul karo tolah-toleh ndeleng Pak Jupri.
“Tapi....Pul Ipul....duh !!” Yudha durung mari ngomong nanging Ipul wis ora noleh menyang Yudha Maneh. Ipul kaya ngunu amarga dheweke kepingin kanca-kancane bisa usaha sak bisane ora seneng ngandalake wong liya. Akhire Yudha nggarap soal sak bisane.
Ipul, Yudha, lan Topan duwe kanca jenenge Ijul lan Arda. Ijul lan Arda iku bocah sing ala lan seneng ngedu kanca-kancane. Wektu jam ngasuh, Ipul, Yudha, lan Topan mlaku menyang kantin. Ijul lan Arda wektu iku dolanan bal. Ijul bocah sing nakal, sengaja nyepak bal menyang Ipul. Nanging Ipul meneng wae amarga ora gelem golek musuh. Topan ora bisa terima yen ana sing ngelarani kancane.
“Heh jul, kowe lapo nyepak bal menyang Ipul ?” Topan njawab karo nada rada banter.
“Yo sakarepku kate nyepak bal menyang endi, toh yo sing nyepak aku duduk kowe !!” Ijul njawab karo ngguya ngguyu sinis.
“Kowe iku...” Topan durung mari njawab nanging wis dilerai karo Yudha
“Wis wis pan, ayo menyang kantin wae, aku wis luwe” Yudha motong omongane Topan lan langsung budhal menyang kantin.
Ing panggonan liya, Ijul lan Arda omong-omongan dhewe. Bocah loro iku ngguya-ngguyu iling-iling kejadian mau.  Banjur Ijul lan Arda kepingin nggarai kanca-kancane. Wektu iku bocah loro kuwi kepingin nggarai Ijul, Yudha, lan Topan. Ora mung Ipul wae sing kepingin digarai Ijul lan Arda, nanging Yudha lan Topan pisan.
“Jul, kowe iku mau pancen ngawur” Arda karo ngguya-ngguyu.
“Opo seh kowe iku ! Da, aku kepingi nggarai kancane dhewe ing kelas. Nanging sapa ya ?”, Omonge Ijul karo mikir.
“Sapa ya... Oh bocah telu iku wae”, jawabe Arda.
“Bocah telu sapa ?”, sahute Ijul karo mikir.
“Sapa maneh yen duduk Ipul, Yudha, lan Topan”, jawabe Arda.
“Oh iya ya...yawes ayo nggarai bocah-bocah iku”, jawabe Ijul karo mesem.
Sawise Ipul, Yudha, lan Topan mangan ing kantin, bocah telu iku balik menyang kelas. Wektu mlaku Topan ngomong yen dheweke arep dolen menyang alun-alun. Topan ngejak kanca-kancane melu nanging ora ana sing bisa melu menyang alun-alun. Akhire Topan mengko bengi budhal dhewe.
Wayah bengi Topan wis siap siap arep budhal menyang alun-alun. Meneng-meneng Ijul lan Arda mbuntuti Topan tekan mburi. Ing panggone, Topan diparani Ijul lan Arda. Ijul lan Arda marani Topan sing alasane arep njaluk sepura kanggo masalah mau awan ing sekolah.
“Pan topan.... !” Ijul lan Arda nyeluk Topan bareng.
“Loh kowe lapo menyang kene?”, sahute Topan heran.
“Awakdhewe arep njaluk sepura menyang kowe amarga masalah mau awan ing sekolah. Awakdhewe wes sadar yen aku lan Arda wis salah menyang kowe lan Ipul. Kowe arep kan maringi sepura? Aku lan Arda arep berubah dadi bocah kang apik.” jelase Ijul karo slira melas.
“Iya pan, aku ya njaluk sepura”, Arda njaluk sepura marang Topan.
Sakjane Topan isih ora bisa maringi sepura marang Ijul lan Topan, nanging amarga iku kancane dewe dadi Topan gelem maringi sepura kanggo bocah loro kuwi. Sawise padha salaman, Topan, Ijul, lan Arda omong omongan nyeritakake sifat kanca-kancane.
Mene isuk ing sekolah Ipul lan Yudha mlaku dewean ora ana Topan amarga dheweke lara. Ijul lan Arda marani Ipul lan Yudha kanggo njaluk sepura kaya apa sing diomongake marang Topan wingi bengi ing alun-alun. Banjur Ijul lan Arda ngomong menyang Ipul lan Yudha yen Topan ngelek-elekake Ipul lan Yudha ing mburi. Awale Ipul lan Yudha ora percaya yen Topan ternyata kaya ngunu ing mburine. Nanging Ijul lan Arda bocah sing pinter nggawe Ipul lan Arda yakin yen Topan iku pancen bocah sing sifate elek ing mburi kancane.
Dina sakwise Topan budhal menyang sekolah  dewean. Ing kelas, Topan ora direken karo kanca-kancane. Dheweke bingung apa sing dimasalahake karo dheweke. Wektu istirahat Topan takon menyang Ipul lan Yudha.
“Pul...yud...kowe iki ana masalah apa karo aku? Kok ora kaya biasane kaya ngene iki?”, takone Topan menyang kancane.
“Kowe iki ternyata nduweni slirah loro ya !”, jawabe Yudha karo nada sinis.
“Ana apa seh? Aku malah ora ngerti loh”, jawabe Topan bingung.
“Kowe ngelekake awakdhewe kan ndek mburi?” Ipul nyahuti karo sinis.
“Ngelekake apa seh?”, sahute Topan.
“Kowe aja kaya ngunu dadi kanca ! kowe sakjane bisa njaga kancamu !”, Omonge Yudha karo ngalih tekan Topan.
“Ya gusti ana apa iki...?”, batine Topan.
Ternyata Ijul lan Arda nguping ing mburi lan ngguya ngguyu. Wektu mulih sekolah, Ijul lan Arda omong-omongan ngomongake apa sing wis dirungokake.
“Akhire awakdhewe bisa nggawe kancane awakdhewe oleh masalah karo kancane dewe.” Omonge ijul menyang Arda.
Ora sengaja Ipul lan Yudha ngerungokake Ijul lan Arda. Ipul lan Yudha langsung marani Ijul lan Arda.
“Heh...maksude kowe apa? Kowe nggawe dulinan aku karo kanca-kancaku ya?”, Omonge Yudha karo swara dhuwur.
“Dulinan apa?”, jawabe Arda.
“Oalah iku toh...salahe dewe kowe percaya karo aku lan Arda.”, sahute Ijul.
Ora peduli karo omongane Ijul lan Arda maneh, Ipul lan Topan langsung budal menyang omahe Topan kanggo njaluk sepura. Akhire Ipul, Yudha, lan Topan dadi kanca sing akrab maneh lan sepakat yen ora gelem percaya maneh karo omongane wong liya.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kanca Lan "Kanca"

Salah Kaprah

Skandal Sandal