"4 Sekawan"




“4 Sekawan”
Dening: Ridha Nuzulia


            Ing salah sawijining sekolah favorit ing Malang yaiku SMA Negeri 2, wonten kekancan kelas tiga SMA kang wis bebareng tekan cilik. Dheweke kabeh wis tetanggan suwe banget. Mulane iku, para keluarga padha akur lan wis nganggep kaya dulur dhewe. 4 kekancan kuwi mau dijuluki ‘4 sekawan’ amarga nangdi wae kabeh padha melu kaya anakan bebej nututi ibune. Wektu cilik, 4 sekawan iki nduweni janji yaiku ora ana rahasia sing disingitake utawa kudu terbuka marang apa wae lan ora ana sing jatuh cinta marang siji lan sijine. Janji kuwi di genggem kabeh kekancan iku nganti saiki wis umur 17 tahun.
            4 kekancan kuwi jenenge ana Yuna, dheweke paling ayu ing kelas, nanging Yuna rangking paling isor dhewe. Yuna areke emang males belajar ing 4 sekawan, bendina dheweke ora tau sinau ya mung males-malesan ing kamar utawa dolan menyang omah Sijin. Kewalikane Yuna, Sijin iki paling pinter ing sekolah amarga dheweke sering melu olimpiade matematika tingkat nasional utawa Asia lan juara 1 terus. Sijin emang terkenal kepinterane. Sing ketiga yaiku Sian sing terkenal berbakti marang ibune amarga bapake sampun sedha wektu Sian cilik. Sian nduweni cita-cita dadi pemain bola sing terkenal mulane dheweke mesti melu pertandingan-pertandingan bola ing sekolah. Sing terakhir yaiku Daehan sing paling sugih ing 4 sekawan, dheweke duwe apa wae sing di butuhaken. Daehan duweni rahasia yaiku nduwe rasa tresna marang Yuna sing wis dipendhem sejak SMP.  Nanging dheweke ora bisa ngungkapaken amarga kelingan janji wektu cilik kuwi demi persahabatane supaya langgeng.
            Ing salah sawijing dina Yuna diceluk menyang kantor guru,
            “Yuna, nilaimu iki ora ana perubahan. Panceeet wae ing isor! Yen ngene terus nilai ujianmu ya bisa anjlok lan ora bisa melbu perguruan tinggi!” sentak Bu Minah
            “Inggih, bu. Kula sampun usaha ngerubah sikap kula dados rajin sinau  supaya pikantuk nilai kang apik, bu.” Jelase Yuna.
            “Kowe wis janji janji ora bakal entuk nilai ing isor KKM, tapi isih ana sing nilaine 40 utawa 30! Iki terakhir kaline ibu ngandani lan ngelingno, yen nilaimu pancet wae elek ibu mboten bisa mbantu maneh. Lan dalan siji-sijine yaiku nyeluk wong tuwamu menyang sekolah!” (nduduhaken surat Bimbingan Konseling kanggo wong tuwa)
            “Kula janji bu, niki terakhir kali kula mboten nyagedaken nilai ing ngandap nilai KKM! Kula janji bu, ampun timbali piyantun yuswa kula datheng sekolah, bu.....” Melase Yuna
            “Yawis, iki kesempatan terakhirmu, buktikno yen awakmu bisa lulus. Iling pesen ibu, aja buang-buang waktu kanggo hal-hal ora guna lan iling ora suwi wis ujian kelulusan. Saiki mbaliko menyang kelasmu lan istirahat.” (nepuk alon geger Yuna)
            “Inggih bu, matur sembah nuwun nggih bu..” pamite Yuna
            Yuna akhire mbalik menyang kelas karo sedih, dheweke lungguh lan langsung turu. Sijin sing weruh langsung marani Yuna.
            “Lho ana apa iki, kok kowe ora ceria kaya biasane? Aja murung wae, mengko ayumu bakal luntur loh!” gudone Sijin karo ngelus rambute Yuna.
            “Aku mari tekan kantor guru, Bu Mina  nyeluk aku amarga nilaiku pancet ing isor KKM, padahal aku wis berusaha. Nanging, menopo malih aku ora bisa matematika!” jawabe Yuna karo nada kethus.
            “Healaah.. atak pikir ana masalah liyane. Aku bis angajari awakmu nganti bisa kok mengko nilaimu bakal mungguah ora ing isor wae. Ayo ngumpul omahku mulih  sekolah barengsing liyane nggarap tugas matematika mengko tak ajari nganti bisa kok!”
            Yuna mikir iku ya ide sing apik, mulane bendino yen ngumpul bareng oasti ora tau sinau lan garap tugas malah guyon, ndeleng film, maca komik, utawa nyamil.
            “Yawes, mengko aku bakal ngandani Sian lan Dehan!" serune Yuna.
            Sabanjure iku, kabeh 4 sekawan wis ngumpul ing omah Sijin. Sian lan Dehan nggawa camilan supaya ora ngantuk pas wayah sinau. Wektu Sijin njelasake matematika marang Yuna, Dehan cemburu lan langsung metu tekan kamar menyang dapur. Dheweke bener-bener cemburu, sing liyane padha kaget Dehan metu, nanging langsung nglanjutaken sinau malih.
            Suwe Dehan ora melbu kamar, Sijin ngongkon Yuna njupuk jus jeruk ing kulkas lan nyeluk Dehan supaya melbu kamar melu sinau bareng.
            “Han! Menopo ora melbu-melbu? Kabeh padha ngenteni, ayo melbu!” (nggandeng tangane Dehan)
            “Sepurane ya rek, aku tekan jedhing maeng” njelasake marang kanca-kancane
            “Ealaahhh.... mulane kowe suwi hahahaha.....” guyone Sian,
            Kabeh padha larut karo guyone Sian. Jam 8 kabeh pamit mulih menyang Sijin.
            “Jin aku mene menyang omahmu maneh ya, ajari aku nganti bisa! Hehe...” gudone Yuna
            “Iyo.. mulane ing kelas aja turu wae loh!” Ngelus rambute Yuna
            Yuna mung isa mesem-mesem isin karo ndeng Sijin. Dehan sing ndeleng kecedekane Yuna lan Sijin langsung mulih lan ora pamitan marang liyane. Akhire Sian lan Yuna nyusul Dehan sing wis mulih dhisik. Sijin rada kepikiran marang perilakune Daehan sing  akhir-akhir iki ora penak opo maneh yen Sijin cedek karo Yuna.
            Sesuke ing sekolah wonten pengumuman yen ujian kelulusan kurang seminggu malih. Yuna sing krungu kabar kuwi langsung mlayu lan nggolek kanca-kancane sing ana ing kantin lagi mangan.
            “(Brok!) Hh...hh..hh.. huh... rek!! Ana kabarr... hh..hh..huh”
            “Ana pengumuman... hh...huh” sambunge Yuna ngos-ngosan mari mlayu.
            “Lungguh dhisik, iki iki ngombe..” (Sijin ngewenehi Yuna es teh)
            “Ujian kelulusan kurang seminggu malih lan aku durung siaaaappp..” karo mewek
            ‘Haha yaweslah, kan bisa belajar bareng maneh. Lagian Sijin paling pinter kan dadi bisa ngajari awakdhewe.” Jelase Sian
            “Nanging..hiks... aku wedi yen nilaiku ora ana peningkatan lan aku ora lulus hikss..hiks..”
            “Wes..wes aku kan tau ngomong yen awakmu sedhih mengko ayumu bakal luntur kan! Wis wis aja khawatir!” (Sijin ngusapi banyu matane Yuna)
            “Iya, yen kowe nangis umbelmu bakal metu kaya pas cilik tiba ing prosotan ikulo hahaha...” Guyone Sian
            Yuna akhire bisa ngguyu lan ora sedhih malih. Kabeh kanca setuju yen sinau bareng nganti dina ujian.Ing omah Sijin kabeh padha serius, Yuna sing ora bisa matematika wis mulai bisa ngerjaake soal-soal sing diwenehi Sijin. Dehan ora mikir masalahe cemburune marang Sijin, kabeh bener-bener fokus sinau kanggo persiapan ujian kelulusan.
            Mulih tekan omah Sijin Dehan lansung bungkus kado sing ate diwenehake Yuna. Heweke wes bener-bener yakin bakal nyataken tresnane sing selama iki sing dipendhem. Tiba-tiba Sian teka menyang omah Dehan.
            “Han.. Dehan...” (Sian buka lawang kamar Dehan)
            “Eh..eh.. Aja melbu dhisik!” jerite Dehan
            “ Wah... kowe lapo iki hayo! (ndeleng kado lan surat ) Cie...cieee wis duwe pacar yooo...” (Njawili tangane Dehan”
            “Ahh.. ora durung kok!” tegese Dehan
            “Sopo emange? Kok ora tau crita-crita?” pitakone Sian sing pingin weruh
            “Kowe bakal weruh kok mari pengumuman kelulusan, kowe lapo mrene bengi-bengi ngageti wae!”
            “Aku arep njupuk kamusku sing kowe silih winginane kok! (nadahake tangane)
            “Oooh iki... Ywes ndang muliho wis bengi!” (Ambe nyurung Sian metu kamare.
Dina ujian wis teka, kabeh padha tegang ora bisa ngerjaken ujian iku. Yuna wis komat-kamit maca dunga sadurunge melbu kelas lan wektu ngerjaken soal ujian iku.Akhire kabeh metu kelas karo rai sing sumringah amarga ujiane mari,
            “Wuuuh.. alhamdulillah lega wis mari ujiane!” (Ujare Sian karo nyruput susu kedele)
            “Iya untunge aku bisa ngerjake soal matematika iku mau!” (langsung ngadep menyang Sijin)
            “Waah pinterrr Yunaku!” (karo ngrangkul Yuna)
            “Oh iya, ayo mesen KFC aku sing traktir mengko karo crita-cita mumpung bapak lan ibuku metu lan aku dewean!”
            “Aku setuju!” Kabeh padha nyaut.
            Ing omah Yuna kabeh padha mangan iwak pitih sing sampun dipesen, Sian ora sengaja ngutahaken saos ing tas Dehan lang langsung diresiki ing njaba. Dheweke kaget pas  nemoke surat tekan kanggo Yuna. Tapi Sian mikir yen Yuna iku pasti guduk Yuna sahabate dhewe.
            Wektu pengumuman akhire kabeh padha lulus lan nilai e padha apik kabeh. Dehan lan Sian menyang kantin arep tuku ngombe.
            “Han.... aku arep takon tapi aja ngamuk.. Bener kowe seng Yuna?”
            “Kowe ngerti tekan endi? Aku pancen tresna marang Yuna.. Aku ora bisa mendem rasa iki..” jawabe Dehan kaget
            “Kowe emang ora ngrasa yen Yuna lan Sijin padha-padha tresna marang siji lan sijine? Kowe kudune ngrasa han yen Yuna tresnane mung kanggo Sijin” jelase Sian
            “(Bruakkkk)Ora mungkin! Yuna ora tresna marang Sijin!” (Dehan nyurung Sian nganti lugur)
            “Sijin karo Yuna emang ditakdirake bareng-bareng, iling pas wektu awakdhewe cilik, Sijin ngomong yen bakal ngelamar Yuna ing pesawat terbang amarga Yuna ora tau numpak pesawat terbang!” (ngadek lan nyedeki Daehan malih)
            “Iku wektu cilik dan ora bakal kedadeyan, aku sing bakal ngelamar Yuna ing pesawat terbang!” (Bruaak!! Dehan ninju Sian nganti getihen)
            Sian sing ora terima bales tinjune Dehan lan akhire Sian lan Dehan tukaran nganti babak belur lan nganti getihen.Yuna sing ngerti langsung marani lan ngelerai. Dheweke ngaku yen tresna marang Sijin bukane Dehan. Yuna nangis lan ketemon Sijin. Sijin ngrangkul lan nenangake Yuna sing nangis. Yuna ngomong yen tresna Sijin. Sijin ngomong pisan yen dheweke tresna marang Yuna.
            “Yuna, aku bener-bener tresna marang kowe, aku ora pingin kowe sedih.. Mulai saiki aku bakal ing sampingmu terus, kowe kudu janji marang aku pisan” (karo nyekel tangane Yuna)
            “Iya, aku janji. Aku ya tresna marang kowe.”
            “Sijin ngambung kening Yuna lan akhire Yuna ngrangkul Sijin.
            Bengine Dehan menyang omah Sian njaluk ngapura amarga wis kasar.
“Sepurane aku maeng kegawa emosi an, ora kudune aku kaya mengkono.”
            “ Ora apa-apa kok, aku wes biasa. Wes ngerti kan yen Sijin lan Yuna saling tresna marang siji lan sjine? Awakmu bakal entuk sing luwih ayu lan pinter tekan Yuna kok, tenang ae!” jelase Sian
            “Iya aku wis nyadar, saiki aku bakal ngomong menyang Sijin! Kowe gelem kan ngancani aku menyang Sijin?”
Ing omah Sijin ora diduga ana Yuna sing lagi ndeleng film bareng Sijin.
“Jin..Sijin..” (buka lawang kamare Sijin)
            Sijin lan Yuna kaget dheweke sing cekelan tangan langsung nglepasake cekelane kuwi,
            “Ora apa-apa kok, aku saiki ngerti yen kowe padha-padha tresna, aku bakal ngerelake Yuna kok, kowe tenang ae. Sing penting aja nggawe Yuna lara ati lan persahabatane awake langgeng!” (Dehan ngrangkul Sijin)
            “Iyooo, suwun gae pengertiane ya, aku lan Yuna bakal terang-terang menyang awakmu kabeh kok!” (langsung noleh nang Yuna)
            Kabeh padha seneng Yuna lan Sijin pacaran, apa wae keputusane mengko kudu ora ana sing lara ati lan kudu saling ngikhlasake. Sawise iku, kabeh padha ketrima ing perguruan tinggi sing dipengeni, Yuna melbu sekolah pramugari, Sijin sekolah bisnis, Sian mebu klub sepak bola lan Dehan melbu ing sekolah kedokteran.
            4 tahun sawise iku, Sijin ngelamar Yuna ing pesawat terbang. Yuna ora ngerti yen kabeh keluargane dan sahabate padha ngumpul ing pesawat iku lan ana ing peristiwa penting iku. Sijin metu tekan ruang VIP nggawa kembang, sahabat lan keluargane nduduhake tulisan “SIJIN TRESNA YUNA. YUNA KERSA DADOS GARWA SIJIN?” Yuna kaget nganti nangis. Akhire Yuna nrima lamarane Sijin lan bakal rabi taun ngarep. Kabeh padha seneng lan urip bahagia ora ana masalah malih ing persahatane ‘4 sekawan’ . Persahanatane 4 sekawan langgeng nganti kabeh dadi mbah kakung lan mbah putri.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kanca Lan "Kanca"

Salah Kaprah

Skandal Sandal