Kancaku Katresnanku
Kancaku
Katresnanku
Dening Dita Alhusna
Jenengku Lisa aku kaitan lenggah wonten kelas sewelas SMA
ing SMAN 2 Malang. Aku nduweni sahabat kaitan cilik jenenge Rudi. Aku lan Rudi
wes dadi tangga teparo wiwit cilik mulai TK sampek SMA awakdhewe sak sekolah
lan sak kelas terus. Aku bersyukur nduweni sahabat kaya Rudi amarga dheweke
terus ana yen aku lagi seneng utawa sedih. Sakliyane rudi aku nduweni kanca
apik banget yaiku jeneng e Moli, dheweke kanca sakbangku karo aku.
Bel sekolah wes muni tandae saiki jam muleh sekolah.
“Lis, ayo muleh! Lapo kok
sek lungguh-lungguh ndek kene?” Rudi ngejak muleh aku.
“Awakmu muliho disek wes, aku sek ana janji
karo Moli yen kate ngeterno dheweke nang toko buku.” Jawabku nolak mulih bareng
Rudi.
“Oalah, yawes aku tak mulih
disek yo?” Akhire Rudi mulih disikan.
“Iyo Rud, ati ati yo!”
Dialog kuwi terakhir aku omong-omongan karo Rudi.
Sore iki ing njobo udan kemrecek nggowo suasana atiku tan
sayah susah. Ing njero atiku mbatin kenapa rasane kok ora kapenak, kaitan wingi
kok tak rasa-rasake ana sing ilang ndadekno atiku susah. Aku gemreneng dewe
ngiling-ngiling semenjak ana bocah wetonan saking SMA Negeri saking kutha
Surabaya iku Rudi sak suwene telung dina iki ora tau nemoni aku ana ing sekolah
utawa ing omah.
Dina iki Moli nang omahku arep garap tugas kelompok..
“Dungaren Rudi kok ora ndek omahmu biasane ben
wektu arek kuwi ndek kene terus?” pitakone Moli amarga ora ndeleng Rudi wonten
omahku.
“Aku lo yo ora ngerti
wes telung dina iki arek e ora tau ambe aku. Dheweke yo ora tau marani aku, aku
maleh ora tau bareng dheweke yen budhal lan mulih sekolah. Apa aku nggawe
kesalahan seng ngelaraake atine yo?” aku bingung Rudi pancen pirang-pirang dina
ora tau nemoni aku.
“Oalah yo takonana yen
ngono kuwi supaya jelas.”
“Tapi dheweke loh ora
tau ngamuk nang aku sesuwe iki. Dheweke saiki pas kate tak parani mesti kaya
ngindari aku.”
“Tak pikir-pikir Rudi
kaya ngene kuwi semenjak awakmu cidek karo Toni. Apa dheweke seneng karo awakmu
lan cemburu yen kowe karo Toni hehe?”
Jawab e Moli sing kemeruh.
“Awakmu aja aneh-aneh
Mol, aku ambe Rudi iku wes kaya sadulur ora mungkin tah yen dheweke seneng lan cemburu
karo aku.”
“Loh kan sopo ngerti yen
Rudi temenan seneng karo awakmu.”
“Wes aja aneh-aneh Mol,
ayo lanjutno garap tugas iki” sautku.
Bocah anyar kuwi jenenge Toni, kabeh bocah wadon Padha
tresno nang Toni jalaran dheweke ganteng lan grapyak dadi sapa wae seneng
kekancanan, aku uga demen nang Toni. Kabeh bocah wadon ing kelasku padha
uber-uber Toni tapi dheweke rasa-rasane seneng karo aku, saben dina yen wayah
istirahat Toni ngejak aku nang kantin, utawa mlaku-mlaku ing njaba kelas.
“Lis, ayo nang kantin?”
Toni ngejak aku.
“Aku isik nyatet pelajaran
maeng amarga ana sing kurang.” Jawabku karo tetep nulis catetan ning buku.
“iyo wes tak enteni,
cepetan yen nulis kuwi.” Toni merintah aku.
“Budalo disek wes aku
wegah yen cepet-cepet nulise.” Sautku.
“Yowes, tak entenane
bocah wadon sing ayu iki.” Jawabe Toni nggudo aku sing lagi serius nulis.
“Awakmu pancen pinter
ngerayu, ayo wes ndang nang kantin!” ajakku amarga catetanku wes rampung tak
tulis.
Aku lan Toni mlaku bareng nang kantin, aku ketemu karo
Rudy ing ngarepe kelas sepuluh wektu tak sapa Rudy ketok yen kaya ngindari aku.
Rasa-rasane aku kangen nang Rudy sing biasane mesti barengan saiki malih dheweke
ngadoh, apa dheweke ngerasakake apa sing tak rasakake.
Moli ngageti aku “He…
wiwit maeng tak ndelengi awakmu kok ngelamun wae?”
Moli kanca sakbangkuku
mbuyarno pikiranku krena ngageti aku.
“Ya Allah, awakmu iki
ngageti wong ae.” Aku kaget amarga gertakane Moli.
“Lah awakmu pancen wiwit
maeng diceluki ora semaur blas.”
Aku takon marang Moli “Ana
apa nyeluki?”
“Iku loh wes mari
pelajaran e, eh malah enak nglamun wae.”
“Loh iyo tah?” jawabku
karo rada linglung.
“Oalah, pancen lek wong
lagi tresna dadi sering nglamun yo?”
“Moli awakmu aja ngguda
wae!”
“Ana apa seh awakmu kok
dungaren nglamun wae wiwit jam istirahat maeng Lis?” Moli penasaran karo apa
sing ana ing pikiranku wiwit maeng.
“Ora ana apa-apa kok
Mol.” Jawabku nggoroi yen aku lagi ora mikirna apa-apa.
Moli ora percoyo ambe
omonganku dheweke tetep negesi aku “Lis kowe jujur wae, awakmu iku kancaku
wiwit SMP, aku uga bisa ngroso yen awakmu iku ana apa-apa?”
“Hmm iyo Mol aku susah
kenapa yo Rudy sampek saiki ora tau nemoni aku?”
“Tak pikir-pikir, pancen
wae awakmu nginthik wae karo bocah anyar saka Surabaya kuwi, yo mesti wae Rudy
wegah nemoni.”
“Loh, mosok ngunu yo Mol?” aku bingung karo omongane Moli.
“Yo iyo tah Mol, Rudi biyen kelas sepuluh tau kanda yen
dheweke kuwi seneng karo kancane wiwit cilik, lan tak pikir-pikir kancane wiwit
cilik kuwi uga awakmu Lis.”
“Ahh.. ngawur awakmu iku
Mol.” Aku taksih ora percoyo karo omongane Moli.
“Walah yowes yen ora
percoyo ayo wes ndang mulih selak sore iki!” pungkase Moli
Wayah sesuk iki aku aras-arasen mlaku menyang sekolah ,
biasane Rudi nyusul aku uga budhal sekolah bareng. Rudi wes tak anggep kaya
dulurku dewe lek misal e dheweke duwe duwit biasane aku sering dibayari yen
nang kantin utawa nang warung, nagging yen misale duwite lagi entek langsung
wae aku dikongkon bayari . Kenapa wiwit winginane atiku lan pikiranku iling wae
nang Rudi. Dumadak ana swara sing mbuyarno lamunanku.
Toni nawari aku muleh
bebareng “Lis, engko awakmu tak terno yen mulih yo?”
“Gak usah repot-repot wes Ton.” jawabku
“Lho gak repot kok malah
seneng yen bisa mulih bareng awakmu, lan aku yo kapingin ngomong nang awakmu.”
Pungkase Toni.
“Lah saiki kan wes
ngomong, arep e ngmong apa maneh?”
“Aduh bocah ayu iki ora
sabaran yo? Ayo wes ndang mlebu kelas mengko wae ngomongno e.”
Aku mlebu kelas karo mikir kira-kira apa seng arep
diomongna Toni, mosok Toni arepe ngomongna perasaane menyang aku. Walah-walah
aku kok dadi wong sing gedhe rasa ngene yo (batinku).
Tenan wae mulih sekolah aku dibarengi Toni karo sepeda motore
lan aku dibonceng miring.
“Lis, aku kapingin kenal
apik karo kowe?”
“Oh.. ngunu yo.”
“Loh kok tanggepanmu
kayake ora seneng?”
“Sapa sing ngomong ora
seneng?”
“Aku loh seneng ambe
awakmu, aku kapingin dadi gendhaanmu.”
“Apa? Lha awakmu loh sek
pirang dina kenal aku?”
“Iya nanging aku rasane
wes kaya kenal suwe ambe awakmu.”
“Aku ora bisa njawab
Ton.”
“Ora apa, yen awakmu wes
siap wae ndang jawaben, aku ben ora mati penasaran.”
“Hehehe awakmu iki
lucu.”
Sakwise ngomongno kuwi, sak dawane dalan aku lan Toni
pada meneng ora ana sing ngomong sampek tekan ngarepe omahku.
Sore-sore hpku muni, aku langsung njupuk hpku tak kiro
telpon tekan Rudi tibake tekan Moli.
“Lho Mol ana apa kok
nelpon?” pitakon ku amarga Moli pancen jarang nelpon aku yen ora ana kahanan
sing penting banget.
“Ciye ciye sing mari
dibonceng Toni bergendak ria yo?”
“Walah, kowe iki kok kapingin
weruh wae dadi bocah.” Sautku marang pitakone Moli.
“ayo ceritanono aku
Lis!” panjaluke Moli
“Toni maeng ngomong yen
dheweke seng karo aku Mol.”
“Lah terus awakmu jawab
yaopo?”
“Aku sek durung wani
jawab mol.”
“Lho lah kowe seneng apa
ora nang Toni?”
“Embuh, aku ora ngerti,
nanging aku bingung aku iki iku seneng Rudi utawa Toni?”
“Oalah tibake kowe ana
rasa pisan ta nang Rudi?”
“Iyo Mol, aku baru
keroso, wiwit Rudi ora tau nemui aku atiku susah lan rasane ana sing ilang.”
“Yawes awakmu
mikir-mikir disek wae Lis mumpung durung kadung, lek kowe seneng nang Rudi
engko tak omongna supaya Rudi ndang ngomong nang awakmu kahanan isi atine.”
“Yowes Mol, tak
pikir-pikir pirangane dina iki aku tansah mikirna Rudi.”
“Oalah, maknane aku wes
ngerti Lis awakmu iku seneng e karo Rudi.”
Sesuk Rudy tenan nyusul aku dheweke wes ndek ngarep
omahku, aku deleng Rudi kaya ganteng banget atiku tan sayah ndredeg. Aku lan
Rudi budhal bareng boncengan sepeda motor.
“Lis, aku wes suwe
ngempet perasaanku nang awakmu. Aku seneng lan tresno nang awakmu wiwit kelas
sepuluh biyen, nanging aku ora wani ngomong. Untung wae aku ngempet ora sampek
lara udun.” Rudi miwiti omongan sing bisa nyairake suasana.
“Hahah Rud-rud, tibake
aku yo semono uga nang awakmu, nanging aku kaitan winginane keroso yen tresna
nang awakmu.”
“Alhamdulillah berarti
tresnaku awakmu trima yo?”
“Iyo iyo, nanging lek
tresnamu tak trimo awakmu kudu bisa ngerubah watekmu sing males kuwi loh yo!”
“Siap Lis, aku saiki
kate dadi wong sing sregep sak dunya, nyusuli awakmu Lis.”
“Walah kowe iki pancen
paling bisa nyenengna atiku.”
Rudi saiki dadi kanca cedhak sing tansayah ngilingake
supaya sregep sinau lan iling marang gegayuhane urip, ngibadah nang Gusti
Allah.
Dening Dita Alhusna
Komentar
Posting Komentar