Setan Ayu
Setan Ayu
Dening Anindyo Pramudito
Jenengku Roni aku arek Malang lulusan kuliah ndik UM. Aku ketrimo kerja ndik Bandung dadi aku kudu pindah omah mrono, sakwise teka Bandung aku banjur golek kos ing cedeke kantor nggenku kerja. Pak kos langsung ngongkon aku munggah nang kamarku ndik lantai 2. Langsung aku nata barang-barangku lanjut mari nata aku mlaku metu lan ndeleng ana kamar mbukak lan ing njero ana arek wedok nyekeli sikile lan ndeleng ngarep kaya wong stress.
Aku nguatake diri ngenalno “Assalamualaikum mbak... Aku Roni saka Malang aku arek anyar ndik kene..” Ora ana jawaban sing metu tekan lambene isih pancet meneng. Tak cobak maneh “Assalamualaikum.. Mbak... Dok..Dok..” isih pada ora direken. Yowis aku langsung ngalih lan mlaku-mlaku cedak kos kosan. Tibake kos kosanku iku cedeke akeh warung lumayan gae ngehemat sangu.
Ora suwe mlaku-mlaku aku banjur mbalik nang kamar kos gae nyiapake mene isuk kerja. Sak durunge aku melbu kamar, aku disapa tanggaku “oi arek anyar yo? Saka ngendi?” “wah iyo mas aku arek malang jenengku Roni.” Sapaku balik, “nek aku Abdul saka kalimantan.” Akhire aku omong omongan karo abdul nganti sore banjur aku nyuwun pamit nang kamarku gae persiapan mene kerja.
Dina pertama kerja lancar tapi ya ngunu kesel mulih bengi, lan akhire aku ndeleng ana arek wedok sing wingi tak sapa tapi meneng ae lungguh ndik balkon, langsung aku marani lan lungguh ndik sampinge lan ngomong “Mbak salam kenal aku Roni.” “Oh arek anyar to.” Langsung ditinggal ngaleh melbu kamare. Aku mangkel yo wis aku langsung melbu kamarku pisan lan turu. Pirang-pirang dina aku kerja kaya biasa e lan ora tau ndeleng arek wedok iku mau kamare yo peteng dhedet gak tau murup lampune.
Pas malam minggu aku lan Abdul njagong bareng ndik kamar kos e karo ngombe kopi pas enak enak ngombe aku moro takok “Dul kos ngarep iku ana sing ngenggeni tah?” “Hah ? ngarep iku kosong gak ana wonge.” “Loh ora kosong iku aku biasane ndeleng ana arek wedok rambute dawa!” “ aja ngantuk mara sing mbok deleng iku setan!” “waduh yo seng genah to bro aja meden-medeni aku kayak ngunu, tapi sumpah aku ndeleng ana arek wedok winginane aku yo omong-omongan karo arek iku.” Bari aku saka kamare Abdul aku banjur balik nang kamar, tapi aku isih bingung sapa arek iku??
Isuk aku ate brangkat kerja aku ndeleng kamare arek wedok iku murup, langsung aku gedhor gedhor kamare abdul “Dul dul dul cepetan bukaken!” abdul mbukak “Haduh iki isuk isuk nganggu wong turu ae ono opo toh!” “Iku lho kamare murup.” Lha kok pas aku ngomong ngono kamare arek iku mati maneh “Halah ndi toh mati ngono lo, nganggu wong turu tok ae kah wes tak turu maneh aku ojo mbo ganggu ndang kerja kono lo!”
Sore ne mulih kerja aku mbek Abdul mlaku-mlaku nang warung gae nggolek mangan bareng. Bari mangan langsung munggah pas ndik ngarepe kamar ana getih ! Iku ndik kamare arek wedok iku. Langsung aku mbek Abdul bingung gak karuan, “Ron ron ron opo iku ron!” “Getih iku dul getih, ndang ayo dibukak!” langsung aku mbek abdul gedor-gedor kamar e arek iku tapi ora iso dibuka, langsung Abdul ngongkon aku njupuk tang lan alat-alat liane ndik sepedane gae mbukak jendela kamare arek iku. Jendela e wes kebukak tapi njero kamare peteng dhedet gak ketok opo-opo! “Ndang ron melbu o deloen ana opo! Aku ra wani melbu!” oh sialan batinku, aku ngilangi rasa wediku. Pas melbu kamare peteng pol gak ketok opo-opo aku nemuake lampune trus tak uripno banjur aku nggoleki saka ndi asale getih iku mau. Ndik jeding degg.. aku kaget lan wedi onok arek wedok getih en kabeh sikile kayak bekas mari disayat-sayat.
Gak pikir dawa “Dul abdul rinio tulungono iki gowoen nang kamarmu sik!” banjur aku lan Abdul ngangkat areke menyang kamare abdul, tangi tangi deweke langsung kaget lan “Woy sopo koe ! aku ndek ndi iki!” “Tenang mbak aku tangga ne sampean , iki ndik kamare Abdul mbak.” Isih bingung kayak wong bari mabuk. Kamare sing rusuh amarga getih wes diresiki karo aku lan abdul, gak suwe saka kedadean iku aku saiki maleh kenal sapa arek wedok iku , jenenge Santi areke meneng soale mesti dewean yen dideleng bola bali, Santi iku arek wedok sing ayu deweke asli saka jogja ndik kene kuliah. Hubunganku lan Santi tambah suwi tambah akrab lan akhire aku tresno marang Santi.
Komentar
Posting Komentar