Kahuripan Ku
Kahuripan ku
Dening Rosda Asrulina Fadillah
Ing sawijining dina ana kalurga kang
nduweni urip kang adem, ayem, tentrem lan nduweni anak-anak sing becik rupane
jumlah papat yaiku Dila, Bila, Iqbal lan Natasya sing tasih bayi. Bapak kang
dadi kepala kaluarga nduweni penggawean sing penak ing salah sijine perusahaan
ing Malang lan ibune kang dadi ibu rumah tangga. Dila anak pertama wis kelas 3
SD, Bila kelas 2 SD, Iqbal TK B lan Natasya sing tasih bayi. Keluarga kasebut
urip tanpa ana kekurangan, kabeh serba kecukupan lan ora tau ana masalah
apa-apa. Saben isuk sakdurunge budal kerja lan anak-anake budhal sekolah ketara
banget yen keluarga kasebut urip rukun amarga bapak ben sakdurunge budal kerja
nyempetake ngambung pipi garwa lan anak-anake.
Nanging sak mlakune
dina ana kejadian yaiku bapak sing sak bendinane nggolekna nafkah kanggo
keluargane di PHK amarga kantor panggene Bapak nyambut gawe bangkrut lan kudu
ana pengurangan karyawan. Kadadeyan iku maraake ibuk kaget lan gelisah sak
bendinane. Ibu tasih ora bisa nerima kasunyatan yen Bapak di PHK lan ora bisa
ngekei nafkah gae garwa lan anak-anake. Pungkasane bapak ngajak omong-omongan
ibu.
"Dik ...Yokpo
yen aku dadi TKI wae, nggolek penggawean ing Malang iki angel ... Gaji yo gak
sepira. Kita nduweni anak akeh sing kudu disekolahak, yen bapak dadi TKI ing
luar negri pasti bayarane cukup gawe biaya sekolah lan kebutuhan
sakbendinane"
Ibu njawab "
aku asline ora sarujuk mas ... Amarga saaken anak kita yen adoh tekan bapake,
nanging yen iku wes dadi keputasane samean aku mung bisa ndungakna samean mas
.. Aku ora bisa nyegah keputusane samean yek iku wis keputusan sing paling apik
gawe kaluargane kita" (karo wajah
sedih)
"ora usah
kuatir Dik .. Aku mesti eling marang samean lan anak anak kita iki .. Tujuanku
mung nggolek nafkah gawe ngekeki anak anak ku kahuripan sing luwih penak"
jawab Bapak .
Sakwise oleh telung
dina omong-omongan Bapak nyiapake berkas kang kudu dilengkapi gawe syarat budal
marang Malasyia dadi TKI . Dina sabtu subuh jam 3 bapak budal marang bandara
numpak travel. Bapak pesen nang ibu "Dik .. Aku budal, jagaen anak anak ku
mengko insya allah sak ulan pisan aku mesti kirim gawe samean lan yen aku wis
teka ing panggone aku kerja langsung tak kabari dik .. " (ngerangkul
bojone)
Ibu
nanggepi " iyo mas ati ati ing dalan, sholawat sing akeh supaya teko
panggone kanthi selamet. Wis mas pamitan nang anak anakmu disek suapaya anak mu
ora nelangsa." (kalihan mbrabak)
Bapak wis teka
dening Malasyia, deweke langsung ngabari ibu lan anak anake seneng banget
krungu kabar yen bapake teka kanthi selamet.
6 ulan sakwise
......
Ibu " buk, wis
telu ulan iki bojoku ora ana kabar lan ora kirim marang aku. " eyang putri jawab " paling wis bojo mu
sibuk nduk .. Yen ora yo bojomu lagi ngumpulno duwit sing akeh, ben bisa
langsung kirim marang awakmu." Ibuk percaya marang omongane ibu
Isuk iki telpon
omah muni ibu ngangkat telepon " halo... Inggih assalamualaikum niki
sinten? " ora weruh ibu ngomong apa wae dateng wong sing nelpon sing jelas
ibu oleh kabar yen bapak melbu penjara amarga bapak nggepuki uwong kanthi wong
iku melbu rumah sakit .
Ibu langsung
ngomong marang eyang putri " Buk tibake bojo ku 3 ulan ora ana kabar
amarga melbu penjara, la terus kelanjutane urip ku iki yokpo bukk ..."
(karo nangis)
Eyang putri jawab " ya allah .. Gusti
cobaane apa maneh iki .. Sing sabar nduk .. Kabeh ana takdir lan dalan
dewe-dewe."
Ibuk " wis ngene ae bu.. Aku tak budal
marang Malasyia aku pingin ndelok keadaane mas ndek kono bu ..sekaligus aku yo
pingin nggolek penggawean ben anak ku bisa sekolah bu ." eyang putri
njawab " wis a gak dipikir maneh a kaputusan mu iki nduk? Anak mu piye
nduk lek bapak ibune pada ora ana kabeh?"
Ibu " yen samean ora kabotan anak ku
rumaten bu .. Kula janji setiap bulan bakal kirim duwit kanggo kebutuhan
sedina-dina lan bayar sekolah anak ku."
"yawis yen iku wis dadi keputusan mu aku
ora bisa ngalangi, aku mung bisa dunga supaya kowe lancar nggolek rejeki gawe anak-anakmu"
jawab eyang putri
Sakwise
omong-omongan karo eyang putri,ibu langsung nyiapake data data kelengkapan gawe
persyaratan jam wis nunjukake 3 isuk, ibuk wis siap siap budhal numpak travel,
nanging anake pada nangis amarga ditinggal ibuke.
Dila "eyang ..
Ibuk nang ndi aku ora bisa ditinggal ibuk .. Aku wegah dewean ing kene, eyang
susulen ibuk ku susulen " (nangis ngejer)
Eyang
putri mung bisa meneng lan ora bisa njawab ..
Bila " ibuk ibuk .... Aku emo ditinggal
" (nangis karo nggoceki lawang)
Sakwise 2 dina
ditinggal ibuk, anak anake aktivitas kaya biasane amarga kahuripan iki kudu
tetep lanjut. Dila, Bila lan iqbal budal sing biasa e budal sekolah diterno
wong tuwane nanging saiki kudu mlaku amarga sekolah ora pati adoh tekan omahe
eyang putri.
Nanging sakwise
ibune budal, ibune malah langsung ora ana kabar lan ora tau kirim marang anak
anake, eyang putri sabar lan ikhlas ngrumat putune tanpa rasa pamrih eyang
putri kerja dadi penjahit nanging bayarane mung ora sepira.
Ing sawinjining
dina kerungu kabar yen Bapak sampun ketemu kaliyan ibu ing penjara nanging ibu
malah ngenalake wong lanang liya marang bapak lan njaluk pegat marang bapak.
Bapak ora gelem nanging ibu tetep pingin pegatan amarga wis ora betah urip
kaliyan bapak . Bapak ora bisa berbuat apa apa lan janji sakwise bebas lan
mulih nang indonesia Bapak langsung ngurus perceraiane ing pengadilan. Nasib
anake iku urip gae welas asih tekan dulur dulure mung gae bayar sekolah lan
sangu sekolah .
Natasya sing ora
weruh apa apa kanthi lali marang wong tuane amarga ditinggal pas cilik nganti
saiki wes umur 2 tahun.
Dina iki Bapak arep
dibebasake marang penjara lan diulihna dateng indonesia.
"ibuk ..
Assalamualaikum" bapak karo gedor gedor lawang.
Eyang putri "
waalaikum salam .. Anak ku .. Yokpo kabarmu le wis suwe ora ketemu ibuk
kangen" (ngerangkul bapak). Krungu swara bapake anak anake langsung mlayu
nang ruang tamu Dila, Bila, Iqbal, lan Tata "Bapakkkk ... " (papat
papate mlayu ngrangkul bapake karo nangis amatlrga kangen banget.
"Bapak mu iki
kuangen banget marang samean le nduk .. Bapak sabendina mikir keadaane samean
.. Bapak kangen" (Bapak nangis lan padha ngerangkul anake) .
Nanging anak anake
padha bingung amarga ora ngerti ibuke ana ngendi lan ndek endi saiki ibuk e ..
Bila " bapak
ibuk ndi aku kangen "
Tata sing kaet bisa ngomong "ibuk
ibukkk"
Dila " kenapa ibu ora mulih pak .. Endi
ibuk aku kangen yen bapak mulih pasti ibuk mulih"
Bapak ora bisa
njawab pertanyaan amarga ora tega nanging bapak kudu njelasake marang anak
anake yen ibuk wis ora bisa karo bapak maneh
Bapak njawab "
sing sabar yo nduk le .. Ibu wis ora karo bapak maneh, ibu wis ora gelem marang
bapak nanging ibu tetep sayang marang samean anak anake" (karo wajah
bingung).
Anak anake wis
padha ngerti lan paham untunge anak anake bisa ikhlas nerima keadaane wong
tuwane , pungkase cerita anak lan bapake urip wong 5 tanpa dikancani ibuke lan
ngelakoni urip sing wis ditemtoake GustI Allah. Nanging 3 tahun suwene ora duwe
garwa Bapak nemoake garwa sing cocok lan bisa nerima bapak lan anak anake .
Keluarga kasebut
lengkap lan ayem tentrem.
Komentar
Posting Komentar