Ceritaku Beda
Ceritaku Beda
Dening
Anggi Nuthfatin Fara Dita
Bel sekolah muni tanda gerbang wes arep ditutup. Para
murid pada mlayu lan bingung amarga telat. Yudha jenenge. Murid kang saben dina
telat lan dadi omongane para guru. Ya… dheweke lucu lan nyenengake nanging
kadang mbethik lan ora bisa diatur. Yudha murid ing kelas XI IPS 3. Dheweke
penasaran karo wakil ketua kelase ingkang adem kayata es batu. Jenenge Fara,
bocah ayu, pinter, lan meneng. Fara kuwi ora seneng karo bocah kayata Yudha
amarga bocahe ora bisa diatur. Bedo adoh karo Kharis. Bocah lanang kang pinter,
rambute pomade an, teges, pinter, lan
dadi ketua kelas ing kelas kuwi.
Saben dinane Yudha mung bisa dulinan, nyonto pr,
nyonto ulangan, lan turu ing kelas.
“Iki tugasmu Dha aku wes nggarap sebagian.”
Kalimat endhek saka Fara ingkang dadi kelompok tugas
BD karo Yudha. Ngimpi apa Fara bisa sak kelompok karo Yudha.
“Kowe kan pinter bisa nggarap dhewe. Aku iki ora paham
materine.”
“Ya wis yen ngono jenengmu ora tak tulis mengko.”
“Ngene ae mengko sore aku nang omahmu digarap bareng
ya?”
“Lhoo nanging…” Fara ora seneng yen bocah mbethik kuwi
nang omah e nggarap tugas bareng.
“Wes pokok e aku nang omahmu!”
Yudha ngalih menyang kanyin ninggalake Fara ingkang
isih bingung.
Ing sisih liya, Kharis kang ngarepake sak kelompok
karo Fara malah sak kelompok karo bocah liyane. Ya bisa diarani yen Kharis
seneng Fara mulai kelas X nanging dheweke ora bisa ngungkapake.
“Ra! Aku arep ngomong.” Kharis marani Fara karo rada
tegang.
“Eh iya ana apa?”
“Anu.. aku pingin mlebu kelompokmu..”
“Ha? Kan wes ditentukake apa bisa diganti?”
“Aku wis ngomong marang bu guru jarene aku bisa mlebu
kelompokmu amarga anggotaku ora bisa dijak kerja sama mosok ya aku nggarp dewe
kan aku wegah. Aku…” (Fara ngetok omongane Kharis)
“Sik sik kowe arep ngomongno pelajaran apa curhat?
Yawes mengko jam 4 sore nang omahku nggarap bareng karo Yudha.”
“Oke suwun ya..” Kharis seneng lan pingin jam kuwi
muter nganti angka 4.
Jam wes ing angka 4. Nanging Yudha lan Kharis gurung
ketok ing omah e Fara. Ing dalan, Yudha ketemu Kharis mlaku nggowo buku.
“He ketua kelas! Kate menyang endi?” bengok e Yudha
marang Kharis.
“Nang omahe wakilku tah.”
“Apa? Kowe kate menyang omahe Fara? Lapo?”
“Ra usah sewot ngono. Aku kan anggota kelompok e
Fara.”
“Lah?? Lapo kowe mlebu kelompokku? Aku ora setuju!”
“Kan Fara setuju yawis kowe rausah melu-melu.”
Ora suwe Fara mlaku lan ndeleng bocah loro kuwi
tukaran ing tengah dalan.
“Ealah ing kene. Pantes ora teka-teka wis jam pira
iki?”
“Ra kowe kok nglebokake Kharis dadi kelompok? Aku ora
setuju!” Yudha ngotot.
“Bu guru kang ngongkon Kharis mlebu kelompoke kita.
Wes ayo ndang nggarap!”
Bocah telu kuwi nggarap tugas BD ing omahe Fara.
Kharis ora rampung-rampung yen ndeleng Fara. Yudha wis ngerti yen Kharis pasti
ana rasa seneng marang Fara.
“Hoi! Aja ndeloki bocah wadon terus. Ndang nggarap
kono!” jare Yudha.
Fara ndeleng Kharis kang kisinan amara omongane Yudha.
“Apa seh? Kowe iku ngurusi wong wae ora nggarap
tugas!” bantah e Kharis.
Tugas kelompok wis mari digarap, bocah loro lanang
kuwi mulih. Fara isih kepikiran omongane Yudha yen Kharis ndelengi dheweke. Apa
Kharis duwe rasa seneng marang aku? Pikire Fara dina-dina iki. Wes rong dina
Kharis pindah lungguh ing sebelahe Fara. Alasane macem-macem jare she supaya
luwih paham ing pelajaran amarga lungguhe Fara ing ngarep.
Yudha pingin eruh apa alasane Kharis seneng marang
Fara. Nanging yen dheweke takon pasti Kharis bakaln curiga lan ngira yen
dheweke ya seneng marang Fara. Yudha saben dina takon marang kanca cedhake
Fara, kaya apa bocah wadon meneng kuwi la nana sesuatu kang nggarai Yudha
kaget. Yaiku Kharis wis ngerti rahasiane Fara. Kharis luwih ngerti apa sebabe
Fara meneng teka awal saka kelas X. yudha ora ngerti apa sebabe nanging dheweke
terus nggolek info.
Wes pirang dina iki Yudha dadi bocah meneng. Dheweke
ora kaya biasa e. kanca-kancane padha bingng lan guru-guru padha heran marang bocah
ingkang biasane petakilan ing kelas.
“Kowe ana masalah? Kok meneng wae?” Fara penasaran
Yudha kaget. Fara bocah wadon kang adem kaya es bisa
ngomong ngono marang Yudha.
“Dungaren kowe perhatian marang aku? Seneng ya? Kangen
aku ingkang biasane rame ya?”
“Enggak! Aku luwih seneng yen kowe iku meneng ora
mbethik. Ya aneh wae kowe mara meneng. Yen ana masalah cerita aja dipendem.”
“Eh Ra kowe kesambet bledeg endi? Mara-mara perhatian
marang aku, ora meneng kaya bocah bedegelen.”
“Kowe iki diapiki ora gelem. Ya wis lah percuma
ngomong karo entut.”
Yudha narik tangane Fara lan ngadek karo rai serius.
“Ra kowe ana rahasia apa marang aku lan kanca liyane?”
“Rahasia apa? Ora ana. Kowe iku sing duwe rahasia!”
“Kowe ana apa apik marang aku?” Yudha takon pitakonan
ingkang padha.
“Aku pingin eruh kaya apa yen aku urip mbethik, ora
mikir pelajaran, seneng dolan kaya kowe. Aku pingin eruh apa alasanmu urip kaya
ngene. Urip mung sepisan yen kowe mbethik apa ana masa depan apik gawe sesuk?”
Wajahe Fara mulai serius.
“Gawe apa kowe urip mung sinau? Aku ngerti yen sinau
kuwi penting nanging ana wektune kowe dolan lan ndeleng apike donya iki. Aku
pancen ora tau sinau nanging apa ora ana masa depan apik gawe aku? Kowe percaya
keajaiban? Apa kowe percaya karo awakmu dhewe yen kowe bisa?”
Omongane Yudha kayata ombak kang nggawe atine Fara
kaget lan bingung. Fara ora bisa percaya karo awake dhewe. Lan Fara ora bisa
gampang percaya marang wong liya. Nanging omongane Yudha nggarai Fara sadar yen
kita kudu percaya marang awake dhewe lan baru bisa percaya marang wong liya.
Fara bingung lan ngaleh ninggalake Yudha. Kharis ndeleng Fara metu saka kelas.
Bocah kuwi kayata kebingungan lan mlayu nang atap sekolah.
“Wakilku!!! Ana apa?” Kharis marani Fara ing atap
sekolah.
“Ora… ora ana apa-apa.” Jawabe Fara singkat.
“Aku ora pingin ngerti kok yen kowe ora cerita ya ora
apa-apa.”
“Rhis… aku adem kaya es ya selama iki?” Fara takon
karo wajah sedhih.
(karo ngguyu) “Hmmm wes ngalahno Princess Elsa. Tapi ora apa-apa. Wong kuwi beda-beda sifate.”
Fara isih bingung. Loro bocah lanang iki beda sifate.
Fara yo isih bingung karo sifate Yudha ingkang berubah.
Kharis wong kang bendina ngwenehi surat motivasi
kanggo Fara. Nanging bocah kuwi ora ngerti yen Kharis ingkang saben dina
nylempitake pungkasan ing bukune Fara. Dheweke ngira yen Yudha kang ngwenehi
pungkasan iku mau. Fara salah mangerteni. Iku kang ndadekake Fara pingin cedhek
karo Yudha. Fara saben dina ndeleng Yudha nggawa kertas cilik warna-warni kang
persis kayata sing nylempit ing bukune Fara. Teka kertas kuwi Fara nggawe
kesimpulan yen pungkasan mau ditulis Yudha.
“Gudhuk aku!” Yudha ngomong marang Fara ing pinggir
dalan pas mulih sekolah.
“Dadi ingkang nulis kabeh pungkasan iki gudhu kowe?
Terus sapa?” Fara bingung.
“Aku pancen tertarik karo kowe wes suwe amarga Kharis
ya tertarik karo kowe. Nanging aku ora nggawe pungkasan iku.”
“Kowe tertarik marang aku amarga Kharis? Ora saka
atimu dhewe?”
“Ora… aaku ya pingin eruh apa ingkang nggarai kowe
meneng, adem lan ora bisa ngguyu kayata bocah liya. Kharis eruh nanging aku?
Aku ora eruh apa-apa.”
“Kharis? Bocah kuwi eruh apa?”
“Kharis eruh kabeh..”
Fara kaget. Eruh apa Kharis? Bocah kuwi eruh tekan
endi? Apa kabeh pungkasan iki saka Kharis? Pikire Fara. Kharis pancen eruh
sebabe Fara meneng lan adem atine. Bocah kuwi eruh pas ngeterno Fara mulih
amarga dheweke lara. Ibune Fara crita kabeh marang Kharis yen Fara wes suwe
meneng amarga kelangan ayahe. Pas cilik Fara lan keluargane kecelakaan. Fara
lan ibune selamet nanging ayahe Fara seda ing panggon kecelakaan. Fara dadi
bocah meneng amarga kedadean kuwi. Dheweke mesti ngrasa salah yen eling
kedadean kuwi. Fara isih during bisa nyenengake ayahe lan nganti saiki dheweke
ora bisa percaya karo atine lan ora bisa percaya marang wong liya. Fara wedi
yen dheweke seneng marang wong liya nanging mengko wong kasebut bakal dilarani
utawa nglarani. Saka pungkasan kang ditulis Kharis, Fara sadar yen ora sak
teruse wong liya kuwi ora bisa dipercaya lan percaya kuwi kudu saka atine dhewe
disek. Ora kabeh kedadean ingkang ana ing urip kuwi saka awake dhewe penyebabe.
Masa lalu kuwi bisa didadekake crita anyar ing masa depan. Kita ora bisa
terpaku ing masa lalu yen pingin maju.
Dina sawise Fara mulai seneng kayata bocah liya. Yudha
wis eruh apa sebabe Fara dadi meneng. Lan dheweke mung bisa dadi kanca ingkang
ngewangi mbukak lembaran anyar ing crita sesuke. Kharis… dheweke seneng yen
Fara bendina nempel saben pungkasane ing kamar. Kharis ngrasa spesial ya kayata
martabak lah. Nanging Fara isih bingung karo atine. Dheweke duwe rasa marang
Kharis nanging dheweke ya pingin luwih cedek karo Yudha. Yen dipikir saiki Fara
pingin dadi kanca cedhek e Kharis lan Yudha. Nggawe cerita anyar ing lembar
anyar. Nggawe cerita ingkang beda karo cerita liyane.
Komentar
Posting Komentar