Kanca Lan "Kanca"
KANCA
LAN “KANCA”
DENING
: EVITA SAFITRI
Ing
sawijining dina urip bocah wadon kang jumlahe ana 6. Jenenge Rena,
Safa,Tari,Kila,Via lan Tria. Kabeh bocah iki ben ana ing sekolah mesti bareng.
Ing kantin bareng, ngumpul ya bareng, rasae wis kaya lem sing reket banget
marang kertase. Rena iku bocah wadon sing nduweni sifat rada ora jelas, maksude
ora jelas ning kene iki yaiku tingkat emosi ne berubah ubah, nanging kelebihane
Rena iki pinter banget ing pelajaran matematika. Ingkang kaloro yaiku Safa.
Safa yaiku bocah wadon kang apik pendiriane, dheweke ya dadi panggonan curhatan
saka kanca-kancane. Lanjute yaiku Tari, bocah wadon iki nduweni sifat kang
egois banget , yen wis nduweni kanca anyar dheweke gampang nglalikna kanca
lawase, nanging dheweke pinter lan gampang tersinggung. Ingkang bocah wadon
kepapat jenenge Kila, Kila iki ya meh padha sifate karo Tari, ananging dheweke
pinter banget ing pelajaran matematika. Sing kelima jenenge Tria. Tria bocah
wadon sing cuek banget, nanging ora seneng ditinggal dewean . sing terakhir
yaiku Via, via yaiku bocah wadon kang bijak, dheweke teges lek nanggepi apa apa
, nanging siji kelemahane, dheweke gampang banget ngamukan.
Dina senin,
ing SMA Negeri 5 Surabaya , tepate ing bangku sekolah kelas sepuluh (X), sing
paling rajin teka paling isuk yaiku Rena lan sing paling ngaret dhewe biyasane
Via lan Tria, amarga omahe rada adoh saka sekolah.
“ Walah ngene iki resiko ne dadi arek kerajinen, kelas katon
sepi wae” omonge Rena dhewe.
“Isuk Rena...” sapa Safa marang Rena
“Eh ana Safa tas teka. Piye pr matematika e sampun mantun ?”
takone Rena
“Wooo aku iki Safa, kudu rajin , dadi pr kuwi sampun
mantun.. yey “ jawab Safa
Sakwise
kabeh murid wis melbu sekolah , para murid ndunga bareng. Sakwise kuwi
pelajaran jam pertama wis bisa dimulai. Ing kelas Safa lungguh karo Tria. Rena
sebangku karo Tari, Kila sebangku karo kancane lanang. Via sak bangku karo
kancane lanang pisan, jarak e pancen rada adoh keenem bocah kuwi, nanging iku
ora bisa misahna persahabatan e bocah enem kuwi. Sakwise pelajaran , wayahe
istirahat bocah wadon 6 kuwi mau padha ngantin bareng, ing tengah tengah
dhaharan, moro moro ana pengumuman saka ruang guru . tibakna Tari diceluk
amarga dheweke melu study tour ing China. Nanging 5 bocah wadon sing ana ing
kantin seneng amarga kancane bisa budhal sinau nang luar negeri. Wong lima kuwi
isih ora ana rasa apa apa. Sing dipentingna yaiku kancane seneng.
Sakwise
pengumuman kuwi Tari balik ing kelase.
“ Tar, ya apa mau pengumumane?” Takone Rena.
“ Ya ngono kuwi wes Ren, telung dina maneh aku budhal.”
Jawabe Tari.
“ Wah, aku maleh dewean iki L “ omonge Rena
“Halah isih ana arek arek, aja gela.” Bujuke Tari.
“Iya wes lek ngono, kowe kudu ati ati .” omonge Rena
“ Iya matur nuwun ya.” Ature Tari
“ iya padha padha.” Jawabe Rena
Dina iki
pas wayahe Tari budhal bareng kancane ing China, dheweke wis pamit marang Rena,
Safa, Kila,Via lan Tria. Nanging kelima bocah kuwi seneng tapi ya ana gela ne.
Seneng e kuwi kancane bisa dubhal nang luar negeri, gela ne iku yen ora jangkep
kelas katon sepi. Tari melu studi banding 7 dina.
“Hoalah, kenapa ben salah siji ora ana, rasae sepi banget “.
Atuure Rena
“ Ya ya apa, awakdhewe ya kudu sabar ngenteni Tari. “
Dina kepitu
wis lewat. Tari wis mulih saka China, hal sing paling dipengen karo bocah lima
kuwi, selain oleh oleh ya sing penting sahabate kuwi teka ing Surabaya bisa
slamet. Sesuke ing njero kelas.
“ Alhamdulillah ya, Tari wis teka omah, saiki oramelbu pasti
dheweke kesel banget. “ Omonge Via.
“ Iya wah aku wis ora dhewean maneh iki”. Rena nyaut.
Sesuk e ing
kelas Tari melbu sekolah .
“ Hallo kanca kanca
ku sing elek dhewe, nanging aku sing paling ayu dhewe J”. Sapane Tari.
“Wah Tari wis balik ing sekolah, piye ? ing kana? Enak ? apa
enak ing Surabaya ? “ Kila neges wae.
“ Yawis ngunu kuwi “ jawabe Tari singkat banget.
“Oh iya aku arep nang kancaku sing tas balik saka China ya,
arep omong omongan .” lanjute Tari
“(bocah wadon 5 kuwi mau ditinggal karo Tari, lan langsung
meneng kabeh).”
Pirang
pirang dina wis kelewat , Safa lan Rena mulai ana sing aneh tekan Tari kancane
kuwi sakwise mulih saka China.
“Ren, kowe ora ngrasa ana sing berubah ing njero awake Tari
apa ora ?” takone Safa.
“ Jujur ya. Iya Saf ana sing berubah tekan Tari, dheweke
malih betah karo kancane sing anyar , kanca sing melu studi banding ing China L “ jawabe Rena ora semangat
“ Nah makane iku Ren . tapi awak dhewe kudu bisa nahan . aja
gampang emosi disek . “ usule Safa.
“ Iya Saf, nanging yen dheweke wis kaya wong gak butuh awak
dhewe aku bakal ngungkapna.” Jawabe Rena rada emosi.
Seminggu
wis kelewat . Tari wis adoh banget saka kelima kancane kuwi. Nanging sing
liyane wis ora tau ngurusi Tari , amarga Tari ora tau sadar yen kancane wis
padha gela kancaan karo Tari. Nanging bocah kelima mau isih mendem emosine
dhewe dhewe amarga dheweke ora gelem nglarani kanca e kuwi. Sakwise unggah
unggahan ing kelas sewelas (XI) kabeh padha pisah dhewe dhewe. Nanging Safa,
Rena, lan Via isih sak kelas.
Dina iku
kancane Tari ulang tahun , dudu kancane tari sing pas kelas sepuluh, nanging
kanca liyane. Moro moro Safa di BBM
“ Saf kowe bisa teka ing omahku, amarga kancaku ulangtahun, aku wedi arek arek
sing wis tak undang ora teka. “ takone Tari liwat BBM.
Safa njawab “ Wah ora eruh aku, amarga akeh tugas. “ Safa
nge les amarga dheweke wes gela banget. Dheweke teka lek ana butuh e wae.
Tari wis
njaluk tulung kelima kanca e kuwi , nanging ora ana sing bisa teka. Ing sekolah
Tari ngamuk ngamuk marang bocah wadon 5 kuwi.
“ Aku wis ngundang kowe kabeh, nanging kenapa kowe kabeh ora
bisa teka ? “ Bentak Tari.
“ Aku akeh tugas “ Jawab Safa
“ Aku ana acara “ Jawab Rena
“ Aku ora ana sing ngeterna.” Jawab Via, sing liyane isih
nahan emosine dhewe dhewe.
Tari ngamuk banget “ Halah alasanmu rek, ngomong o ae males
teka , angel temen .”
Tria nyaut “ Iya ancen, awakdhewe males teka. Apa kowe isih
ora sadar hah ???!”
Kila nyoba nenangna Tria “ Aja ngamuk ngamuk, sabar talah
ngomong apik apik wae luwih enak .”
Tari njawab “ Sadar apa seh? Ora ngerti aku “
Rena nyaut “ Kowe berubah L “
Via nyaut “ Kok sok gangerti, kanca lawas dilalekna, pas
anak kanca anyar ulangtahun, terus ngundang yen kanca lawase kudu teka.
Iku menurutmu butuhe tok apa ora. Rena,
aku, Safa, Kila,Tria iku wis kesel kok kenekna, kok gawe panggonan yen kowe
butuh wae, kesel, lan kowe iku pekao, ngerti a kene lara ati J “ (suasanae dadi hening )
Tari ngomong “ Yawis, sepurane “ (Tari ninggalna kanca
kancane sing matung tok ndelok Tari wis ninggalna bocah 5 iku).
Rena ngomong “ Hoalah, yawis lek ngono, ben dheweke dewean
wae sek, cek bisa intropeksi diri.”
Njawab bareng “ Iya ...”
Sakwise
peristiwa kuwi, ing sekolah nglakoni aktivitas normal kaya biasa e, nanging
Tari wis mulai pindah ing kanca anyare , wis bingung arek 5 kuwi kudu lapo,
saiki wis meneng meneng an , kabeh wes gela banget. Sakwise lulus SMA bocah wadon lima kuwi mau nerusake cita cita
e ing universitas sing di pengen. Nanging Tari ya ora weruh :D
RAMPUNG
Komentar
Posting Komentar