Salah Kaprah

SALAH KAPRAH
DENING : Galang Dwi Destanto
“he Jak, rene loh ambe aku ngopi bareng, kene loh”. Celuk Indra menyang Jaka sing ana ndek sebrang dalan. Jaka noleh lan marani Indra.
“Opo ndra? Ayo wis mulih wis sore”. Jaka ngejak Indra mulih amarga dino wis sore. Indra manut manut wae. Jaka lan Indra iki gedhe bareng, makane arek loro iki kaya mimi lan mintuna sing senengane runtang-runtung bareng. Arek loro iki yo sekolah ing sekolah sing elit ndek Kutha Bedah. Yaiku ing SMA 3 Kutha Bedah.
“Arep numpak opo mlaku ae Ndra?”. Takon Jaka menyang Indra, nanging gak direspon ambek Indra. Indra malah ndelengi arek wadon mlaku ing sebrang dalan. Ndeleng koncone gak kethip, Jaka nyenggol lengene indra
“He! Ditakoni malah ndeleng cah wadon yokpo toh ndra”.
“Hehe, sepurane Jak. Aku ndeleng arek wadon kuwi. Ayu bamget aku kesengsem”. Omong Indra nuding cah wadon mau”
“Oh, aku kenal arek iku. Jeneng e Mevally karo Rosa. Kanca sakkelasku”.
“Iyo? Kapan kapan kenalno aku ya, ayo wis balik”. Respon Indra semangat.
Arek loro kuwi mulih mlaku, amarga Indra kepingin ndeleng cah wadon mau, lan arek e kepincut menyang cah wadon jenenge Mevally. Amarga gak konsentrasi, Indra meh Kesrempet sepeda motor. Untung Jaka sing ngerti sak durunge kedadeyan, nyurung Indra nang trotoar.
Gak suwe, arek loro kuwi wes teko menyang omah. Omah e Jaka lan Indra gak adoh, mung 50meteran saka dalan utama. Sak durunge Jaka melbu omah, Indra nyeluk
“Jak, mene kenalno aku yo menyang arek wadon mau”
“Iyo iyo, gampang iku. Wes aku tak melbu wes ngantuk aku”.
Dina sakwise ndek sekolah pas istirahat Indra wes nyegat Jaka ndek ngarep kelas e, Jaka metu ditarik karo Indra
“Opo ndra? Kaget aku”
“hehehe, kapan awakmu ngenalno aku nang arek wadon wingi?” takon Indra
“Sek, mariki metu kok”. Gak suwe arek wadon loro wingi metu, Mevally sing ayu, putih, mulus mesem menyang Indra. Rosa ewuh karo rambute, Jaka lan Indra ndeleng suwe, lan Jaka nyeluk.
“Meva, Rosa! Reneo”. Jaka mbegok. Arek loro mau balik marani Jaka lan Indra
“Ana apa Jak?” Takon Mevally
“Awakmu mengko sore gak ono acara? Arek loro iki?”. Jaka takon balik
“Gak ono Jak, onok opo toh? Cepetan aku kebelet iki”. Rosa ngomong karo meringis
“Ayo dolan, ono sing pingin kenalan hahaha”.
“Oke, ayo mev aku wis kebelet iki”. Rosa narik mevally ngalih saka Jaka lan Indra. Indra sing kerungu respone mevally mesam mesem seneng.
“Lapo mesam mesem? Ayo saiki bayari aku bakso cak met”. Jaka ngomong karo ngguyu
“ayo aku yo wis luwih hahaha”. Akhir e arek lanang loro iki menyang kantin gawe mangan baksone cak Met. Yaiku bakso sing paling enak sak SMA 3 Kutha Bedah.


Wektu sore Indra seneng banget amarga isa kenalan karo mevally sing gak lain cah wadon sing disenengi. Jam papat sore Indra wis ndek ngarep omahe Jaka. Gak suwe Jaka metu lan pangling ndeleng penampilane Indra sing setil banget.
“Setil banget toh Ndra, arep menyang ngendi?. Takon Jaka
“Jare Dolan karo mevally karo rosa, kepriye toh moso lali”. Jawab Indra
“Dolan karo mevally ambek Rosa? Sek mene Ndra kok yo kesusu hahaha”.
“Loh iyo tah? Ilingku saiki Jak”. Jawab Indra plonga-plongo. Ndeleng sahabate plonga plongo Jaka ngguyu kepingkel
“Hahahaha iyo saiki Ndra, ojok bingung talah. Ayo budal aku yo wis siap”.
“Oh ancene anake Ponari”. Jawab indra mesem. Arek loro mau menyang omah e mevally nganggo mobil e Jaka. Gak suwe mobile Jaka wis ndek ngarep omah e Mevally, Mevally lan Rosa yo wis ngenteni.
Ndek perjalanan arek papat iku guyon guyon gak jelas nangdi arahe, lan Jaka takon menyang Mevally
“Eh mev, onok sing pingin kenalan karo kowe”
“Sopo Jak? Lanang tah wadon?” takon Mevally
“Ikuloh arek e ndek sandingku hahahaha”. Krungu Omongan e Jaka, raine Indra abang kaya kepiting rebus.
“Oalah, awakmu kan sing mau ambek Jaka kan?”. Takon Mevally
“I...iya mev, aku sing wingi ambek jaka”. Jawab Indra isin-isin
“Loh, wis weruh jenengku toh Hahaha, Jenengmu sopo?”
“hehe iya mev, takn Jaka. Jenengku Indra kanca mulai cilike Jaka”. Jawab Indra mesem
“Gantenge talah lek mesem hahaha”. Krungu mevally ngomong, Jaka ngguyu kepingkel lan Indra isin banget
“wes mev, mengko koncoku iki gedhe endase. Nang endi penake?”. Takon Jaka
“Nang kafe anyar wae Jak, pingin nyoba”. Jawab Mevally nyedek nang Jaka. Ndeleng arek loro akrab banget Indra kaget, Rosa sing kaet maeng ndeleng Indra weruh yen Indra kaget.
Akhire mobil sing ditumpangi  arek papat mau nyampe. Pas lungguh, Mevally sanding karo Jaka lan Indra karo Rosa. Ndeleng mevally karo Jaka, Indra panas atine. Ndeleng Indra, Rosa nyoba ngejak ngomong Indra, nanging Indra gak ngerespon lan tetep ndeleng Jaka kaliyan Mevally. Krasa diawasi, Jaka iling tujuane ngajak dolan Mevally kaliyan Rosa.
“Uhhh, sek ya, aku nang toilet wetengku mules. Awakmu ngomong karo Indra ae”. Jaka ngomong kaliyan mlaku nang toilet. Situasi dadi canggung. Mevally repot karo Hpne, lan Indra meneng kaya patung. Rosa nyoba mbuka percakapan nang Indra
“eh, awakmu kelas endi Ndra?”. Rosa takon
“Kelas C”. Jawab Indra singkat. Rosa nyoba golek bahasan liyane
“Aja seneng seneng, Meva mung seneng menyang Jaka”. Rosa ngomong bisik-bisik. Krungu opo sing diomongake Rosa, Indra kaget banget. Sakdurunge Indra takon, Rosa nambahi omongan
“Awakmu weruh Ndra? Jaka ya seneng menyang Mevally”. Indra tambah panas lan pingin ngamuk menyang Jaka.
Pas Jaka balik saka toilet, Mevally mesam mesem seneng. Jaka ndeleng praupane Indra sing gak enak. Akhire Rosa ngejak mulih
Ndek dalan Indra meneng wae, Jaka nyoba ngomong nanging gak sido ngomong. Sawise mevally lan Rosa mulih, ndek mobil Indra takon nang Jaka
“Jak, awakmu seneng nang Meva?”. Takon Indra. Krungu pitakone Indra, Jaka kaget
“Awakmu kuwi ngomong opo toh Ndra? Kok takon Meva”. Jawab Jaka
“Gak usah goro Jak!, aku wes weruh kabeh”. Sentak Indra. Jaka meneng wae, fokus ndeleng dalan
“He Jak! Aku takon gak dijawab! Jawab Jak”. Peksa Indra, nanging Jaka meneng wae
“Jak! Bisu? Jawab Jak! Awakmu seneng nang Meva?”. Peksa Indra. Gak kerasa mobil e Jaka wis ndek ngarep omahe Indra. Gelem gak gelem metu tekan mobile Jaka. Sakdurunge nutup lawang mobil, Jaka ngomong
“Kepingin weruh jawabanku? Atimu siapno”. Jaka ngomong karo nguripi mobile.
Sewengi Indra ak isa turu, mikirno apa maksud sing diomongno Jaka. Gak kerasa srengenge wis tangi. Indra pingin weruh jawabane Jaka. Pas teka sekolah Indra ketemu Rosa. Rosa ngomong menyang Indra yen Jaka lagi ndek kantin bareng Mevally. Indra langsung marani Jaka ndek kantin. Pas ndeleng Jaka lan Mevally lungguh sebelahan guyu guyu, Indra langsung mrekes lengene Jaka.
“Ana apa Ndra?!”. Jaka kaget
“Gausah kakean cocot Jak!”. Indra jawab kasar lan ngantem pipi kiwone Jaka. Jaka kaget
“apa karepmu Ndra?”. Bengok Mevally
“Apa kaya ngene caramu nang kancamu dewe ha?!”.
Sakdurunge mari, pak santoso misah arek loro kuwi. Jaka, Indra, lan Mevally digawa pak santoso menyang ruang BK. Mevally ditakoni sebab gelut mau. Mevally cerito urut urutane.
Sawise diinterogasi karo pak santoso, arek telu mau metu tekan ruang BK. Mevally langsung takon menyang Indra
“Ana apa Ndra? Iki sahabatmu loh”. Takon Mevally
“Takon menyang Pacarmu ae Mev, tak nang kelas aku”. Jawab Indra ngaleh. Pas oleh 2 langkah, tangane Indra dicekel Mevally
“Sapa tah sing pacaran? Pancen aku seneng menyang Jaka, jaka ya seneng menyang aku...”. durung mari mevally ngomong, Indra motong
“Nah, terus apa maneh mev? Wes aku tak ngaleh”
“sek talah Ndra! Aku durung mari ngomong!”
“Aku ambek Jaka wes podo ngomong yen seneng, tapi Jaka nganggep luwih enak yen kanca wae”. Jelas Mevally
“Sapa Ndra sing manas manasi kowe?”. Takon Jaka
“Aku Jak, Mev”. Ana suara tekan mburi, arek telu iku podo noleh bareng lan kaget. Iku Rosa
“Tapi, ana apa ros kok kowe manas manasi Indra?”. Takon Mevally
“aku seneng Marang Indra, aku gak seneng kabeh arek lanang seneng marang kowe Mev”. Jawab Rosa.
“tapi opo sebabmu Ros!” Takon Indra
“Sepurane Ndra, aku gak kepingin kowe lara ati”. Jawab Rosa sesenggukan nangis
“aku weruh Ros karepmu apik. Suwun yo, wis aja nangis”. Jawab Indra
“sepurane ndra, aku gak bermaksud garai hubunganmu karo Jaka renggang”. Jawab Rosa nyesel
“gak apa Ros, aku ngene yo weruh sikapmu apik. Mung caramu wae sing salah”. Jawab Indra ngelus pundake Rosa
“Gara gara kowe, aku dadi ngerti yen arek loro iki podo seneng, aku bakal buka ati menyang kowe Ros”. Jaka, Mevally, Lan Rosa kaget ngerungokake omongane Indra. Sadar dideleng Jaka lan Meva, Indra Salah tingkah lan mesam mesem
“su...suwun Ndra.... suwun banget”. Jawab Rosa nangis seneng
“wes wes, aja nangis maneh. Ayo menyang kantin”.
Akhire arek papat iku mlaku bareng menyang kantin. Ndek koridor aula moro moro Indra mbisiki Rosa
“Aku bakal Ngelindungi kowe Ros, aku coba tresna menyang kowe”. Krungu ucapane Indra, Rosa mesam mesem isin.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Kanca Lan "Kanca"

Skandal Sandal